Menyang kontèn

Sadranan Alas Wonosadi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sadranan Alas Wonosadi (Hanacaraka: ꦱꦢꦿꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦭꦱ꧀ꦮꦤꦱꦢꦶ) upacara adat ingkang katindakakên wontên ing Alas Wonosadi, Padhukuhan Durèn, Kalurahan Bèji, Kapanéwon Ngawèn, Kabupaten Gunungkidul, Daerah Istimewa Yogyakarta. Adicara mênika katindakakên sarêng kalihan rasulan, upacara mboyong Dewi Sri utawi panèn, mitoni utawi tingkêban, saha ruwatan. Rêrangkèning sadranan menika katindakaken dening warga masarakat padhukuhan Duren kanthi ancas manengku sukur ing ngarsaning Gusti saha ngrumakêtakên sêsambungan ing antawisipun warga masarakat. Wontên satunggaling ukara ingkang dipunugêmi déning warga masarakat padukuhan Durèn dumugi samênika, “sing paring urip, sapa sing ngurip-uripi, la napa sambékalaning urip.” Wondéné, bab mênika jumbuh kalihan titahing lêluhur ajêjuluk Mbah Onggoloco ingkang samênika taksih dipunugêmi warga masarakat bilih Alas Wonosadi mênika wingit saha sakral. Pramila, mênawi para warga masarakat padhukuhan Durèn botên njagi saha anglêluri lêstantuning alas mênika kalêbêt tiyang ingkang tumindak dosa. Satêmah, kanggé ngêstantunakên alas Wonosadi mênika dipunwontênakên upacara adat sadranan.

Lampahing

[besut | besut sumber]

Sadranan katindakakên miturut piwéling saking Mbah Onggoloco inggih mênika dintên Sénén Lêgi utawi Kêmis Lêgi. Wondéné kanggé nindakakên;

1.   Dhapuk panitia sadranan satunggal wulan sadèrèngipun sadranan

2.   Pamarintah saha panitia mbiwarakakên saha ngandharakên dhatêng warga masarakat gayutipun kalihan konsep acara sadranan

3.   Satunggal minggu sadèrèngipun masarakat kêrja bakti sêsarêngan kanggé rêrêsik dhusun saha nyamêktakakên papan sadranan ing alas Wonosadi

4.    Tirakatan satunggal dintên sadèrèngipun sadranan kawiwitan kanthi ancas ndêdonga marang Gusti mugi pinaringan gangsar

5.    Nyamêktakaken sesaji ing antawisipun; sanggan pisang ayu, gantal kembang, kapur suruh, sata, sarta badhêg (toya kêtan irêng), sanggan isi pala gumantung, pala kêsimpar, pala kêpêndhêm, kupat luwar, kacang godhog, bêlimbing, jadah, wajik, tumpêng isi ayam panggang, sêga liwêt lan lêlawuhan, sambêl gèpèng, gudhêg, pêncok, gudhangan, jangan lombok, gunungan lanang, gunungan wadon. Sadaya mênika dipunarak ing têngahing alas Wonosadi kanthi iring-iringan bêksan tradhisional kados réog saha rindhing gumbêng.

6.    Lampahing sadranan kawiwitan saking ênjing dumugi sontên;

  • Tabuh 08.00 WIB, sadaya panitia kêmpal wontên ing Balai Desa Beji ngasuk busana adat Jawi. Lajêng, sadaya sêsaji saking sabên padhukuhan dipunkêmpalakên ing Lèpèn Êndèk.
  • Tabuh 10.00 WIB, sêsaji diarak déning panitia saha masarakat tumuju Lêmbah Ngawèn ing têngahing alas Wonosadi, kanthi iring-iringan réog saha rindhing gumbêng. Salajêngipun, sêsaji katampi déning juru kunci lajêng kawaosakên ikrar sadranan saha dêdonga.
  • Tabuh 12.00 WIB, sêsaji dipunkabulakên déning sêsêpuh dêsa lajêng dipunbagèkakên dhatêng sadaya ingkang rawuh ing acara mênika.

7.   Acara pungkasan inggih mênika panutup inggih mênika ing tabuh 13.00 WIB. Kalajêngakên péntas sêni ingkang wontên ing lingkungan kalurahan Bêji ing antawisipun rindhing gumbêng, karindhing, kuda lumping, saha gêjog lêsung.

Pratelan Waosan

[besut | besut sumber]
  1. Sadranan Alas Wonosadi Gunungkidul Archived 2023-02-18 at the Wayback Machine.. Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan Direktorat Jendral Kebudayaan, diakses pada 13 Februari 2023.
  2. Upacara Adat Sadranan Wonosadi[pranala mati permanèn]. Dinas Kebudayaan Kabupaten Gunungkidul, diakses pada 13 Februari 2023.
  3. Wonosadi, Hutan Adat yang Masih Terjaga Kelestariannya Archived 2023-02-18 at the Wayback Machine.. Sorot Gunungkidul, diakses pada 13 Februari 2023.
  4. Sadranan Alas Wonosadi Gunungkidul. Archived 2023-02-18 at the Wayback Machine. Warisan Budaya Takbenda Indonesia, diakses pada 13 Februari 2023.

KAPRIKSANANA

[besut | besut sumber]
  1. Rinding Gumbeng[1]
  2. Petilasan Samber Nyawa[2]
  3. Masjid Tiban[3]
  1. "Rinding Gumbeng". Wikipedia bahasa Indonesia, ensiklopedia bebas (ing basa Indonesia). 2020-04-06.
  2. Media, Kompas Cyber (2022-05-03). "Gunung Gambar di Gunungkidul, Petilasan Pangeran Sambernyawa". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-18.
  3. Nugraha, Jevi Adhi (2022-02-25). "Masjid Tiban Gunungkidul: Masjid Mistis Peninggalan Murid Sunan Pandanaran". Mojok.co (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-18.