Ranu Kumbolo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Ranu Kumbala ing pèrèng Semèru
Ranu Kumbala
Kumbala kang Asri

RANU KUMBOLO[besut | besut sumber]

Ranu Kumbala inggih punika salah satunggalé tlaga utawi ranu wonten pagunungan Semèru, kang gadhahi dhuwur 2500 mèter luwih ing dhuwur toya segara. Ranu Kumbala dados misuwur amargi éndahipun lan kamistisanipun papan punika. Selajenganipun, boten mung Ranu Kumbala namung wonten prasasti kang diperkiraake tilas déning kraton Majapahit. Ranu Kumbala sapunika sampun dados papan pendaki kanggé camping sadèrèngipun nglajengaken panndakian wonten gunung Semèru. Ranu punika gadhahi tilas kang asri lan eksotis.[1]. Semèru piyambak inggih punika salah sawijing gunung geni kang paling dhuwur ing pulau Jawa. Semèru kados tasih aktif mgantos sapunika. Kawah déning gunung Semèru kang biyasa kasebut Jonggring Kaloko, punika tasih diselubungi abu vulkanik. Kepala Bidhang Taman Nasional Brama Tengger Semèru (TNBTS) wonten Lumajang, Jawa Wétan nuturi, kathah peningalan kang éndah kang tumuju pucuk Semèru salah satunggale inggih Ranu Kumbala. Ranu Kumbala gadhani suhu kang atis, yèn wektu wulan Juli-Agustus suhunipun dados 0 drajat Celcius.[2].

TUMUJU RANU KUMBOLO[besut | besut sumber]

Jalur kang badhé tumuju Ranu Kumbala saged ditempuh lumantar saking kutha Malang utawa Kabaupaten Lumajang, Jawa Wétan. Saking pos TNBTS gadhahi lelampahan 5 kilomèter, nyusuri pèrèng bukit kang kathah ditumbuhi Edelweis, salajengipun tumuju ing Watu Rejeng. Ing mriki wonten watu terjal kang indah. .[3]. Selajengipun punika tasih nanjak malih, wonten bukit sadèrèngipun tikungan ing Ranu Kumbala dalanipun ampun bahaya. Ing tanjakkan akir wonten pemandangan kang indah. Ing tengen e punika kang kasebut Ranu Kumbala, ingkang toyanipun atis lan seger. Ranu Kumbala déning gadhahi luas 14 ha. Déning badhé nyusuri Ranu Kumbala saged ditempuh kados 30 menit. Flora kang wonten ing sekitar e Semèru inggih punika wet Cemara, Akasia, Pinus, Alang-alang lan Eelweis putih. Saliyané punika wonten fauna-fauna inggih punika Macan Kumbang, Luwak, Kijang, Kancil, lan sapanunggale. Ing Ranu Kumbala piyambak wonten Belibis kan tasih liar.[4]. saliyané punika kang badhé ning Ranu Kumbala saged lumantar rute Tumpang-Ngadas-Ranu Pani.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ www.trackpacking.com(dipuntingali tanggal 21 Juli 2011)
  2. ^ anakkamera.posterous.com(dipuntingali tanggal 21 Juli 2011)
  3. ^ www.wisatamalang.com(dipuntingali tanggal 21 Juli 2011)
  4. ^ backpackerindonesia.com(dipuntingali tanggal 21 Juli 2011)
  5. ^ lifestyle.kompasiana.com(dipuntingali tanggal 21 Juli 2011)