Persefone

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Persefone
'Proserpine', marble bust by Hiram Powers, 1844, Cincinnati Art Museum.jpg
Ratu dunia bawah
Dewi kehidupan lan kematian
Simbul Mint, tanaman poppy, delima, gandhum enem, lan sekar
Pasangan Hades
Wong tuwa Demeter lan Zeus
Sedulur Despoina, Arion lan Zagreus
Anak Makaria lan Melinoe
Padanan jroning mitologi Romawi Proserpina

Persefone (Kore atau Cora) wonten ing mitologi Yunani menika kalebet perwujudan saking suburing bumi. Wonten ing wekdal ingkang sami ugi dados ratu saking dunia bawah. Persefone menika putri saking Demeter lan Zeus [1], ingkang kagarwa dewa Hades, sang panguwaos dunia bawah.

Figur saking Persefone cekap kawéntar ing masa menika. Kisahipun gadhah nilai emosi ingkang ageng, satunggaling priyantun èstri ingkang lugu, satunggaling ibu ingkang sisah sanget nalika larenipun dipunculik, ugi ingkang suka cita nalika larénipun kondur. Cariyos menika ugi kaginakaken minangka satunggaling paradigma legénda babagan proses alamiah nalika gantosing mangsa (musim) [2].

Persefone wonten ing mitologi[sunting | sunting sumber]

Kisah nalika dipunculik[sunting | sunting sumber]

Boten kados katurunan para dewa, Persefone menika gesang kanthi tebih saking para dewa sanesipun. Persefone ugi dipunurus déning ibunipun, Demeter sang dewi pertanian. Kacariyosaken dewa kaods Hermes, Apollo, Ares, lan Hefaistos, nate remen kalihan Persefone, ananging Demeter nampik sedaya peparingan lan bebungah saking sedaya menika. Lajeng Demeter ndelikaken Persefone tebih saking para dewa kasebut saéngga Persefone gesang kanthi tentrem saderengipun piyambakipun dados dewi saking dunia bawah. Pagesanganipun ewah, nalika piyambakipun dupunculik dening Hades, ingkang medal saking rekahanipun bumi. Kala menika Hades sesarengan kalihan Athena lan Artemis nembé ngopeksekar. Ing swasana sisah, Demeter pados Persefone. Lajeng Helios, dewa srengenge ingkang mirsani sedaya kedadosan nalika Persefone dipunculik banjur nyariosaken dhateng Demeter.

Pungkasan, amargi pikantuk tekanan saking kathah pihak, Zeus meksa Hades supados ngonduraken Persefone. Ananging sampun dados seratan bilih sinten kemawon ingkang sampun dhahar lan ngunjuk saking dunia bawah badhé gesang kanthi kekal wonten ing mriku. Saderengipun Persefone dibeta dhateng Hermes, ingkang sampun kautus kagem mbebasaken Persefone, Hades ngakali Persefone supados nedhi woh delima, ingkang ndadosaken kepeksa kondur malih ing dunia bawah. Kala menika Demeter kepanggih malih kalihan Persefone, bumi mlimpah kalihan tuwuhan ingkang maneka warni, ananging pinten wulan salajengipun nalika Persefone kondur ing dunia bawah, bumi dados gersang lan surem. Menika kisah wiwitan gantosing mangsa.

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ (id) http://www.infopusat.com/kisah-hukuman-dalam-mitologi-yunani/, Kisah hukuman dalam mitologi Yunani (dipunakses tanggal 31 Januari 2013)
  2. ^ (id) http://www.beritaunik.net/unik-aneh/dewa-dan-dewi-dalam-mitologi-yunani.html, Dewa dan Dewi dalam mitologi Yunani (dipunakses tanggal 31 Januari 2013)

Persefone wonten ing astronomi[sunting | sunting sumber]

Persephone menika nama saking sabuk utama asteroid kanthi diameter 49.1 km, ingkang dipunpanggihaken dening Max Wolf nalika taun 1895 ing Heidelberg.

Pranala njawi[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Persefone&oldid=836590"