Pelem kasturi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Pelem kasturi
Mangifera casturi.jpg
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Filum: Tracheophyta
Klas: Magnoliopsida
Unranked: Rosids
Ordho: Sapindales
Famili: Anacardiaceae
Génus: Mangifera
Spésies: M. casturi
Jeneng binomial
Mangifera casturi
Kosterm.

Pelem kasturi utawa Mangifera casturi ya iku pelem spesifik Kalimantan Selatan.

Morfologi[besut | besut sumber]

Wit pèlèm Kasturi bisa dhuwur nganti 25 m, diametere nganti ± 40 – 115 cm. Kulit kayu wernane putih keklawuan nganti coklat padang, racaké ana retakan utawa celah cilik ± 1 cm awujud kulit kayu mati lan mirib Mangiféra indica. Godhong bertangkai, awujud lanset dawa lan pucuke lancip, ana ing sisih balung godhong tengah ana 12 – 25 balung godhong samping. Godhong kang enom nggantung lemas lan wernane ungu tuwa.

Kembang majemuk berkelamin ganda awujud kèmbang rasemos lan sok ana rambute tebel. Dhawa tangkai kembang ± 28 cm lan anak tangkai cekak banget, antarané 2 – 4 mm. Godhong kelopak wujudé kaya bundher ndog dhawane 2 – 3 mm. Benang sari padha dawane karo makutha, staminodia cekak banget lan kaya benang sari kang nancep ing tonjolan dhasar kembang.

Buah wujudé bunder endhog boboté kurang saka 80 gram, daging buah wernane kuning utawa oranye lan ana rambute. wiji watu lan dinding kang kandel. Pèlèm iki uwoh ing awal mangsa udan utawa antawis wulan Januari.

Variétas[besut | besut sumber]

Ana telu variétas Mangiféra casturi. Variétas pèlèm iki dikenal masarakat Kalimantan Sèlatan kanthi jengen kasturi, cuban / kastuba lan asem pelipisan / palipisan.[1]

  • Buah kasturi mirib karo buah pèlèm lumrahé nanging ukurane luwih cilik, wujudé bunder dhawane 5 – 6 cm, ambané 4 – 5 cm lan boboté ± 65,6 gram. Kulit buahe tipis warnané ijo padhang lan bintik-bintik warnané petheng lan manawa dimasak kulit buahe manglih dadi ireng. Daging buahe warna oranye, kandhutan serat 1,06% lan duwé rasa kang manis lan énak. Sifat kang menonjol saka kasturi ya iku ambune buah kang wangi saéngga akèh disenengi masarakat Kalimantan sèlatan.[2]
  • Pèlèm cuban wujudé bunder dawane 6 – 6,3 cm lan ambané 4,2 – 5,2 cm. Kulit buahe warnané abang mawar lan warnané ora ireng kabèh manawa dimasak. Daging buah warnané oranye padhang, ana serate lan ora mambu wangi kaya kasturi.
  • Asem pelipisan utawa palipisan duwé wujud kang mirib karo kasturi, nanging ora nimbulke ambu kang wangi. Buahe awujud éllipsoid dhawane 6 – 7,2 cm, ambané 3 – 4,4 cm lan boboté ± 66,26 gram

Warnane kulit buah ijo bintik-bintik coklat lan manawa di masak masak wernane ijo peteng sarta duwé getah kang akèh ing bekas batang buahe. Daging buahe warna kuning oranye ngandung sèrat ± 1,89%.

Gambar Mangifera casturi

Status Mangifera casturi[besut | besut sumber]

Saka 31 jinis marga Mangiféra kang ditemuke ing Kalimantan, 3 jinis diantarane duwé sipat èndémik. Miturut Dudutan Mantri Dalam Negeri No. 48 taun 1989 tentang identitas flora saben-saben provinsi, tumbuhan Mangiféra casturi ditetapkake dadi identitas flora provinsi Kalimantan Selatan.[3]

Pèlèm kasturi ya iku tumbuhan èndémik kas Kalimantan Selatan kang terancam cures. Populasi taksone susut, ing segi jumlah individu, populasi lan keanekaragaman genetise. Status kelangkaan buah iki dianalisis nganggo kategori lan kriteria tumbuhan langka miturut IUCN Red List Categories 30 November 1994.[4].

Tim penilai dari World Conservation Monitoring Centre padha taun 1998 menetapkan Mangiféra casturi berada padha kategori cures in situ atauExtinct in the Wild = EW. Mangga ini diketahui hanya hidup dan tumbuh kanthi alami di kebun hutan dan atau kawasan konsérvasi lain, namun tidak ditemukan lagi di habitat asli.[4]

Populasi Mangiféra casturi[besut | besut sumber]

Panggon penyebaran populasi Mangiféra casturi ing Désa Mataraman Kècamatan Mataraman, Kabupatèn Banjar ana ing kebon campuran. Lumrahé kebon campuran iki isiné tanaman pari diselingi uwit kasturi kang umuré wis tuwa punjul 50 taun sarta ora sengaja ditandur penduduk. Kebon iki akèhé ana ing karangan umah nganggo pola tandur ora teratur. Nanging, data kelimpahan spésies iki ora dingerteni seng pasti.[5].

Kasturi wiwit dipanen ing awal mangsa udan lan akèh ing wulan Januari. Kajaba iku, tuwuhan buah liyané kaya pisang lan rambutan uga wiwit dipanen. Amerga umur uwit kasturi akèh kang punjul 50 taun, banjur produktivitase saya sithik. Amarga kui, ana ing taun 1980 masarakat Désa Mataraman nyoba sinau gawé pembibitan buah kasturi.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Kostermans, A. J. G. H. dan J. M. Bompard. 1993. The Mangoes: Their Botany, Nomenclature, Horticulture and Utilization. Academis Press. London. Hal. 1 – 140. .
  2. {Antarlina, S.S., Danu I. S, Zahirotul H.H, Susi L, Rismani Z, Barnuwati, Thanta W dan Gt. Maesarah. 2005. Pengkajian Pasca Panen Pengolahan Berbagai Jinis Buah Kerabat Mangga Spesifik Kalimantan Selatan. Laporan Penelitian. BPTP Kalimantan Selatan. Banjarbaru. Hal. 1 – 50.]}
  3. {Mogea, J. P., D. Gandawidjaja, H. Wiriadinata, R. E. Nasution dan Irawati. 2001. Tumbuhan Langka Indonesia. Puslitbang Biologi – LIPI. Bogor. Hal. 1 – 24.}
  4. a b <World Conservation Monitoring Centre. 1998. Mangifera casturi. In: IUCN 2006. 2006 IUCN Red List Threatened Species. http://www.iucnredlist.org .
  5. Sari, G.S. 2008. Kelimpahan dan Penyebaran Populasi Mangifera casturi sebagai Usaha Konservasi dan Pemanfaatan Tumbuhan Langka Khas Kalimantan Selatan. Laporan Penelitian. Universitas Lambung Mangkurat. Banjarbaru. Hal. 1-20.