Pangeran Eugene saking Savoia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Pangeran Eugene saking Savoia
Prinz-Eugen-von-Savoyen1.jpg
Pangeran Eugene saking Savoia déning Jacob van Schuppen
Rerincèn dhiri
Lair (1663-10-18)18 Oktober 1663
Hôtel de Soissons, Paris
Pati 21 April 1736(1736-04-21) (umur 72)
Wina
Jasa militèr
Kasetyan Wangsa Habsburg
Perang Perang Turki Agung
Perang Zenta
Perang Sembilan Tahun
Perang Suksesi Spanyol
Perang Carpi
Perang Chiari
Perang Blenheim
Perang Turin
Perang Toulon
Perang Oudenarde
Pengepungan Lille
Perang Malplaquet
Perang Denain
Perang Austro-Turki taun 1716–18
Perang Petrovaradin
Perang Belgrade
Perang Suksesi Polen

Pangeran Eugene saking Savoia (François Eugène; 18 Oktober 1663 – 21 April 1736), minangka salah sijining komandan militèr kang paling suksès ing sajarah Éropah modern, kang munggah ing tingkat paling dhuwur nagara ing pura kraton Wina. Lair ing Paris saka kulawarga aristokrat Wangsa Savoia, Eugene urip ing kiwa-tengené pura Raja Prancis Louis XIV saking Prancis. Adedasar fisik lan sikape kang ringkih, Pangeran wiwité disiapaké kanggo makarya ing njero gréja, nanging ing umur 19 taun panjenengané mutusaké kanggo makaryo ing babagan militèr. Ditolak déning Louis XIV kanggo kerja ing wadyabala Prancis, Eugene pindah ing Austria lan pindah loyalitas menyang Wangsa Habsburg.

Gambar Eugene saking sekolah Godfrey Kneller, 1712.

Ana enem dekade, Eugene nglayani 3 Kaisar Romawi Suci: Leopold I, Joseph I, lan Charles VI. Panjenengané kang kapisan ndeleng aksi nglawan Turki ing Perang Wina nalika taun 1683 lan salanjuté Perang Turki Agung, sadurungé makarya ing Perang Sangang Taun, mèlu perang bareng karo seduluré, Adipati Savoia.

Silsilah Pangeran Eugene. Eugene ora nikah lan ora duwé keturunan.

Nanging, ketenaran Pangeran diamanaké kanthi kamenangan wigati nglawan Turki ing medan Perang Zenta nalika taun 1697, kang ngasilaké ketenaran ing kab Éropah. Eugene majukaké karire sasuwéné Perang Suksesi Spanyol lan panjenengané gabung karo Adipati Marlborough ngamanaké kamenangan nglawan Prancis ing medan Perang Blenheim (1704), Perang Oudenarde (1708), lan Perang Malplaquet (1709); panjenengané ngentukaké jenjang kasuksesané luwih lanjut ing perang minangka Komandan Karajan ing Italia lor, luwih-luwih ing Perang Turin (1706). nggawé rasa anyel nglawan Turki ing Perang Austro-Turki taun lan nggawé konsolidasi kanggo reputasiné kanthi kamenangan-kamenangan ing medan Perang Petrovaradin (1716), lan Pengepungan Belgrade (1717) ing Belgrade (1717).

Sasuwéné pungkasaning taun 1720 prabawa lan kauletan diplomasi Eugene wes kasil ngamanake kakuasaan Kaisar ing masalah dinastiné karo kakuasaan Bourbon; nanging ringkihe fisik lan mentalé nalika mangsa tuané nggawé panjenengané dadi kurang suksès minangka kepala komandan wadyabala ing mangsa konflik kang pungkasan, ya iku Perang Suksesi Polen. Nanging ing Austria reputasi Eugene tetep ora bisa ditandingi. Sanadyan pirang-pirang opini bedha, nanging kanggo karakter ora ana pradul masalah prestasi kang gedhé: panjenenané nulung kanggo nylametaké Karajan Habsburg saka Prancis; panjenengané mecahaké kulon lan nyurung Turki, mbebasaké Éropah Tengah sawisé seabad setengah penjajahané Turki; lan panjenengané minangka salah sijining pelindung seni paling élok kang warisan bangunané bisa dideleng tekan dina iki ing Wina. Eugene tilar donya nalika turu ing griyané tanggal 21 April 1736, yuswa 72 taun.

Wiwitaning urip (1663–99)[besut | besut sumber]

Hôtel de Soissons[besut | besut sumber]

Pangeran Eugene lair ing Hôtel de Soissons, Paris tanggal 18 Oktober 1663. Sanadyan panjenengané salah sijining pangikut Raja Louis XIV saking Prancis, wong tuwané Eugene asalé saka kulawarga Italia: ibune, Olympia Mancini, minangka salah sijining ponakan Kardinal Mazarin kang panjenengané gawa menyang Paris saka Roma nalika taun 1647 kanggo panjenengané, lan ing tingkat kang luwih endek, kepengenan panjenengané kabèh. Kulawarga Mancini digedhèkaké ing Palais-Royal bareng karo Louis XIV kang enom, kanthi Olympia kang mbina gayutan kang cedhak. Panjenengané kapeksa ngrasakaké kuciwa nalika kesempatané dadi ratu mung liwat, lan ing taun 1657 Olympia nikah karo Eugene Maurice, Pangeran Wangsa Savoia, salanjute Pangeran Soissons. Bareng panjenengané duwé 5 putra (Eugene ya iku putra kang ragil) lan 3 putri, nanging ora ana saka wong tuwané kang ngentèkaké wektu bareng karo anak-anaké: bapaké, salah sijining prajurit kang gagah ing njero wadyabala Prancis kang ngentèkaké wektuné kanggo kampanye, lan semangat Olympia kanggo intrik pura kang artiné anak-anak mung éntuk perhatian kang cilik saka ibuné.[1]

Hôtel de Soissons, papan kalairan Eugene. Diukir déning Israèl Silvestre sakiwa-tengené taun 1650.

Raja tetep kaiket kanthi kuat ing Olympia saingga akèh kang percaya manawa panjenengané kabèh ya iku pasangan kang pada senengé;[2] nanging kalicikané akhiré nyèrèt ing arah tilar donyané. Sawisé kelangan rasa percaya saka pura Olympia kang mbalik ing Catherine Deshayes (kang dikenal minangka La Voisin), lan seni-seni ngèlmu ireng lan astrologi. Hubungan iku fatal. Anggoné mèlu ing njero affaire des poisons lan rasa was-was saiki teka nalika prastawa tilar donyané garwané kang rikat ing taun 1673, lan uga anggoné mèlu ing salah sijining komplotan kanggo matèni raja piyambak. Apa waé kang bener saka Olympia, ketimbang ngadepi hukum, panjenengané akhiré mlayu menyang Prancis ing daerah Brussel nalika wulan Januari 1680, ninggal Eugene ing momongané ibu lan bapaké, Marie de Bourbon, lan putriné, Puteri Pewarisé Baden, ibu Pangeran Louis saking Baden.[3]

Max Emanuel (1662–1726) déning Joseph Vivien. Pamilih Bayern guru kapisan Eugene sadurungé dadi lawané ing medan Perang Suksesi Spanyol.
Perang Zenta déning Jacques Parrocel.

Wiwit panjenengané umur 10 taun Eugene digedèkaké kanggo makarya ing njero gréja; pilihan pribadi Raja, miturut putusan amarga ringkihe fisik lan mentalé. Wés genah penampilan Eugene ora ana kang dibanggakaké – "Panjenengané ora duwé rai kang apik …" tulis Adipati Wanita Orléans, "Dibenaraké manawa matané ora èlèk, nanging irungé ngrusak rainé; panjenengané duwé rong untu kang gedhé lan ketok terus."[4] Ing wulan Fèbruari 1683, Eugene nggawé kulawargané kaget nalika panjenengané mbiwara niaté gabung ing militèr. Saiki Eugene kang umuré 19 taun nglamar langsung menyang Louis XIV kanggo dadi kepala salah sijining kantor Prancis, nanging Raja kang ora duwé rasa percaya tumrap keturunan Olympia wiwit panjenengané mlayu, nolak lamaran mau. "Kepenginan iku prasojo, ora njaluk banget" lanjuté. "Ora ana wong kang naté ndeleng aku kanthi tatapan kang kemaki kyo mangkono."[5] Ditolak kanggo makarya ing Prancis, Eugene mutusaké kanggo makarya ing luar nagari. Salah sijiné sadulur Eugene, Louis Julius, wés gabung ing servis militèr taun sadurungé, nanging panjenengané tilar donya amarga dipateni nalika paprangan nglawan Turki ing taun 1683. Nalika berita babagan tilar donyané tekan ing Paris, Eugene mutusaké lunga menyang Austria kanthi pengarep bisa njupuk alih komando seduluré. Babagan mau udu minangka putusan kang biyasa: seduluré, Louis saka Baden, wés dadi jenderal pemimpin ing wadyabala Karajan, mangkono uga sadulur adohe, Maximilian Emmanuel, Pamilih saka Bayern. Ing salah sijining wengi tanggal 26 Juli 1683, Eugene ninggal Paris menyang étan.[6]

Gambar Kastil Buda ing taun 1686 déning Gyula Benczúr.
Photo Pangeran Eugene saking Savoia (1663–1736) sakiwa-tengené taun 1700. Flemish School.
Pangeran Eugene nyeberangi Alpen ing taun 1701. Ukiran tembaga kang nduwé warna.
Adipati Marlborough nemoni Pangeran Eugene saking Savoy, sawisé kamenangan ing Blenheim déning Robert Alexander Hillingford.
Pangeran Eugene ing Perang Austro-Turki. Artis: Jacob van Schuppen.
Eugene ing Paprangan Belgrade 1717. Artis: Johann Gottfried Auerbach. Paprangan mau minangka kamenangan kang pungkasan Eugene.
Sawisé kamenangan ing lor Italia, Eugene perang luwih-luwih ing Nagara-nagara Ngisor sasuwéné Perang Suksesi Spanyol.

Perang Suksesi Polen[besut | besut sumber]

Nalika taun 1733 Raja Polen lan Pamilih Sachsen, Augustus II tilar donya. Ana rong calon pewarisé: kapisan, Stanisław Leszczyński, bapak maratuwa Louis XV; kaloro, putra Pamilih Sachsen, Augustus, kang didukung déning Rusia, Austria, lan Prusia. Suksesi Polen wés mènèhi kepala mantri Louis XV, Fleury, kesempatan kanggo nyerang Austria lan njupuk Lorraine saka Prancis Stephen. Kanthi upaya kanggo ngentukaké dukungan Spanyol, Prancis njurung suksesi putra-putra Elisabeth Farnese ing wewengkon-wewengkon Italia luwih adoh.[7]

Pangeran Eugene déning Jan Kupecký.
Adipati Marlborough (1650–1722) déning Adriaen van der Werff. Eugene dadi kepala komandan Sakuthu sawisé Marlborough dibubaraké taun 1711.

Eugene anggoné mèlu Perang Suksesi Polen minangka Présidhèn Kanselir Perang Karajan lan kepala komandan wadyabala, nanging panjenengané cacat ing kualitas pasukané lan kekurangan dana; saiki nalika yuswané 70 taun, Pangeran uga diwènèhi tanggungan ya iku keselé fisik kang rikat lan kakuwatan mental. Prancis mbiwara perang karo Austria tanggal 10 Oktober 1733, nanging tanpa dana saka Kekuatan Maritim – kang kanthi Perjanjian Wina, tetep nétral ing sasuwené perang –Austria ora bisa nyéwa wadyabala kang dibutuhaké kanggo mbiayai serangan kampanye. "Bahaya kanggo monarki," kang ditulis Eugene kanggo Kaisar ing wulan Oktober, "ora digedhek-gedhekake".[8] Ing pungkasan taun wadyabala Prancis-Spanyol wes ngrebut Lorraine lan Milan; ing wiwitaning taun 1734 wadyabala Spanyol wés njupuk Sisilia.

Mapane Eugene ing Stadtpalais, Wina, papan kang dinggo nglakoni pirang-pirang usaha bisnisé.

Eugene mimpin ing Rhine nalika wulan April 1734, nanging jumlahé kalah gedhé lan panjenengané kapeksa mbela dhiri. Ing wulan Juni Eugene mangkat kanggo mbrantas Philippsburg, nanging semangat rjuang lan energine saiki wés ilang. Sing ngancani Eugene ya iku Frederick kang Agung kang enom, kang dikirim déning bapake kanggo sinau seni perang. Frederick sinau akèh saka Eugene, ngelengaké manawa ing dina salanjuté utangé kang gedhé tumrap guru Austriané, nanging pangeran Prusia kaget tumrap kaanan Eugene, kang salanjuté nulis, "awake isih ning kunu ananing jiwane wes lunga."[9] Eugene nlakoni kampanye liyané ing taun 1735, pisan manèh nguyak strategi defensif kang mlebu dinalar ing sumber daya kang kawates; nanging memoriné kang cendek saiki ora ana, lan prabawa pulitike ilang kabèh – Gundaker Starhemberg lan John Bartenstein saiki dominasekake konferènsi ing papané. Nanging untungé Charles VI Fleury duwé tekad kanggo mbatesi lingkup perang, lan ing wulan Oktober 1735 panjenengané diwenèhi wiwitaning prastawa damai kanggo Kaisar.[10]

Charles VI (1685–1740), déning Johann Gottfried Auerbach. Eugene nglayani Kaisar Charles VI sasuwéné 25 taun ing pungkasaning uripé.

Kauripan pribadi lan tilar donyane[besut | besut sumber]

Gambar Pangeran Eugene saking Savoia déning Jan Kupecký. Kethok ing pungkasan abad tengah.

Sasuwéné 20 taun kang pungkasan saka uripé, Eugene duwé gayutan karo salah sijining wanita kang jenengé, Eleonora Batthyány.[11] Akèh saka kenalan panjenengané kabèh tetep spekulatif (Eugene ora naté nyebutaké panjenengané ing saben-saben surat-suraté nalika panjenengané isih urip), lan ora ana tanda gayutan sèksual, sanadyan panjenengané kabèh urip kanthi pisah diplomat asing yakin manawa Eleonora gundiké. Eugene lan Eleonora ya iku kanca konstan, ketemuan kanggo mangan wengi, resepsi lan main kertu mèh pendak dina tekan tilar donyané. Kanca-kanca liyané Eugene kaya ta duta kepausan, Silvio Domenico Passionei, kang kaya kulawarga isih ora cukup. Ponakan siji-sijiné kang isih urip, Emmanuel, putra seduluré Louis Thomas, Eugene ngatur prastawa nikahané karo salah sijining putri Pangeran Liechenstein, nanging Emmanuel tilar donya amarga cacar ing taun 1729. Kanthi tilar donyané putra Emmanuel taun 1734, ora ana kerabat cedhak lanang kang éntuk warisan gelaré. Amarga iku sadulur cedaké ya iku salah sijining putri kang nikah karo Louis Thomas, Putri Anna Maria Victoria saking Savoia, kang ora naté ketemu karo Eugene, lan mung berita èlèk kang dirungokaké tumrap panjenengané, panjenengané ora duwé usaha kanggo nglakoni apa-apa.[12]

Eugene bali ing Wina saka Perang Suksesi Polen ing wulan Oktober 1735, kesel lan lemes; nalika Maria Theresa lan Francis Stephen nikah ing wulan Fèbruari 1736 Eugene lara lan ora bisa teka. Sawisé main kertu ing papan Pangeran Wanita Batthyány ing wektu soré tanggal 20 April panjenengané bali ing griyané ing Stadtpalais. Nalika pelayané nyoba nangekaké ing wektu ésuk, tanggal 21 April 1736, Pangeran Eugene tinemu tilar donya sawisé keselek ing tenggorokane, kemungkinan kena lelara Radang paru-paru. Ati Eugene dikubur bareng kulawargané ing Turin. Jenazahé digawa kanthi perjalanan kang suwé menyang Katedral Santo Stephanus, ing kunu panjenengané dikubur ing njero Kreuzkapelle.[13]

Nglindungi seni[besut | besut sumber]

Opah Eugene amarga kamenangané, bagiané saka rampasan, pendapatané saka biara ing Savoy, lan penghasilan tetepé saka kantor-kantor Imperial lan gubernur, nggawé panjenengané bisa mènèhi kontribusi lanskap arsitèktur barok.[14] Eugene ngentèkaké sapérangan gedhé uripé ing Wina ing Pura Mangsa Rendengé, Stadtpalais, kang diyasa déning Johann Bernhard Fischer von Erlach. Pura mau minangka papan resmi lan griyane, nanging kanthi alesan spekulatif kang njalari gayutan antarané Pangeran lan Fischer mandek sadurungé yasan iku rampung, ora njurung Johann Lukas von Hildebrandt minangka arsitek mligi.[15] Eugene kang kapisan nggunakaké Hildebrandt kanggo ngrampungaké Stadtpalais sadurungé mrintahaké panjenengané kanggo nyiapaké rencana pura ing pulau Danubia ing Ráckeve. Wiwit taun 1701 gedung iki mbutuhaké wektu 20 taun kanggo ngrampungaké, nanging, mungkin amarga pemberontakan Rákóczi, Pangeran kethok mung nekani panjenengané pisan-sawisé prastawa pengepungan Belgrade ing taun 1717.[16]

Belvedere kang dhuwur, Wina.

Anggoné dibiji[besut | besut sumber]

Monument Eugene ing Heldenplatz, Wina, déning Anton Dominik Fernkorn.

Napoleon I mbiji Eugene minangka salah siji saka pitu komandan kang élok ing sajarah.[17] Sanadyan salanjuté para kritikus militèr ora setuju kanthi biji iku, Eugene bisa diarani jenderal gedhé dhéwé Austria.[18] Panjenengané dudu salah sijining inovator militèr, nanging panjenengané nduwénèni bakat kanggo nggawé sistem kerja kang apik. Panjenengané pinter minangka panyelenggara, strategi dln taktik, percaya keunggulan paparangan lan kemampuané kanggo ngrebut ing wektu kang pas kanggo nggawé serangan kanthi sukses.[18] "Babagan kang wigati." kang ditulisaké déning Maurice de Saxe ing njero Reveriesé, ya iku kanggo ndeleng kesempatan lan ngerteni piyé cara migunakaké. Pangeran Eugene duwé kualitas mau luwih-luwih ing seni perang lan kang wong kang paling dhuwur pikirané utawa jenius."[19] Fluiditas iki ya iku kunci menangé perang ing Italia lan perang nglawan Turki. Nanging ing Nagara-nagara ngsior, luwih-luwih sawisé paprangan Oudenarde ing taun 1708, Eugene, kaya seduluré Louis saka Baden, luwih main aman lan nggawé strategi kanthi konservatif ngepunga lan nahan ing jalur pasokan. Sawisé upaya ing Toulon taun 1707, panjenengané uga dadi waspada kanthi gabungan/operasi laut. Déning sajarawan Derek McKay, kritik mligi minangka salah sijining jenderal ing njero warisané ya iku-panjenengané ora ninggal sekolah perwira utawa bala kang bisa duwé fungsi tanpa panjenengané.[18]

Patung Eugene ing Kastil Buda, Budapest, Hongaria.

Uga delengen[besut | besut sumber]

  • Prinz Eugen, der edle Ritter
  • Several ships have been named in Eugene's honour: Prinz Eugen.
  • A commemorative coin (Euro gold and silver commemorative coins (Austria)) using the effigy of Prince Eugene as the main motif was issued in 11 September 2002.
  • World War II Schutzstaffel division: 7th SS Volunteer Mountain Division Prinz Eugen.

Silsilah[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ McKay: Prince Eugene of Savoy, 9–10
  2. ^ Somerset: The Affair of the Poisons: Murder, Infanticide and Satanism at the Court of Louis XIV, 252
  3. ^ McKay: Prince Eugene of Savoy, 9
  4. ^ Henderson: Prince Eugen of Savoy, 9
  5. ^ Heer: The Holy Roman Empire, 228. This was a clear infringement of taboo which Louis could not tolerate. Other reasons are also speculated. Louvois, Louis' secretary of State for War, detested Eugene's mother after she had rejected a proposed marriage between her daughter and his son.
  6. ^ Heer states Eugene's departure date was 21 July.
  7. ^ Simms: Three Victories and a Defeat: The Rise and Fall of the First British Empire, 231; McKay & Scott: The Rise of the Great Powers: 1648–1815, 141
  8. ^ Henderson: Prince Eugen of Savoy, 278
  9. ^ McKay: Prince Eugene of Savoy, 239
  10. ^ McKay: Prince Eugene of Savoy, 240
  11. ^ There was one reference to another woman before Batthyány. The Swedish minister in Vienna makes reference to Countess Maria Thürheim. There is, however, no evidence for or against this suggestion.
  12. ^ McKay: Prince Eugene of Savoy, 203
  13. ^ McKay: Prince Eugene of Savoy, 243
  14. ^ McKay: Prince Eugene of Savoy, 189. Eugene's presidency of the Imperial War Council was probably worth 100,000 gulden a year, while his governorships of Milan and the Netherlands were likely to have brought in 150,000 gulden annually.
  15. ^ There is no indication of a quarrel with Erlach, just a desired change in style. Hildebrandt had accompanied Eugene in Italy as his siege engineer in 1695–96 and made Imperial court engineer in 1701.
  16. ^ McKay: Prince Eugene of Savoy, 193
  17. ^ Henderson: Prince Eugen of Savoy, xi. The others were Alexander the Great, Hannibal, Julius Caesar, Gustavus Aldolphus, Turenne, and Frederick the Great.
  18. ^ a b c McKay: Prince Eugene of Savoy, 246–47
  19. ^ Saxe, Maurice de. Reveries on the Art of War, 119

Réferènsi[besut | besut sumber]

Kapisan[besut | besut sumber]

Kaloro[besut | besut sumber]

Wacanan salanjute[besut | besut sumber]

  • Arneth, Alfred. (1858–64). Prinz Eugen von Savoyen. 3 Volumes. Vienna
  • Braubach, Max. (1963–65). Prinz Eugen von Savoyen. 5 Volumes. Vienna