Naraguna:Wirjadisastra/ꦱꦼꦭꦶꦏꦸꦂꦫꦤ꧀

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

ꦆꦁ ꦏꦧꦸꦢꦪꦤ꧀ ꦗꦮ, ꦱꦼꦭꦶꦏꦸꦫꦤ꧀ ꦈꦠꦮ ꦩꦊꦩ꧀ ꦱꦼꦭꦶꦏꦸꦫꦤ꧀ ꦆꦏꦸ ꦄꦢꦠ꧀ ꦏꦭꦸꦩ꧀ꦫꦲꦤ꧀ ꦢꦼꦢꦺꦴꦔ ꦧꦼꦧꦉꦔꦤ꧀꧈ ꦧꦶꦪꦱꦤꦺ ꦆꦁ ꦏꦸꦏꦸꦧꦤ꧀ ꦫꦠ꧈ ꦫꦮ꧈ ꦭꦤ꧀ ꦥꦣꦸꦏꦸꦲꦤ꧀ ꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴ ꦚꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ ꦠꦼꦏꦤꦶꦁ ꦭꦆꦭꦠꦸꦭ꧀ꦏꦢꦂ ꦱꦶꦁ ꦢꦶꦄꦪꦲꦶ ꦮꦺꦴꦁ ꦩꦸꦱ꧀ꦭꦶꦩ꧀ ꦏꦭ ꦮꦼꦔꦶ ꦠꦔ꧀ꦒꦭ꧀ ꧒꧑ ꦮꦸꦭꦤ꧀ ꦥꦱ[1] ꦆꦁ ꦮꦼꦮꦼꦔ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀꧈ ꦄꦢꦠ꧀ ꦱꦼꦭꦶꦏꦸꦫꦤ꧀ ꦭꦸꦩ꧀ꦫꦲꦺ ꦢꦢꦶ ꦏꦫꦩꦺꦪꦤ꧀꧉ ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ ꦏꦱꦸꦤꦤꦤ꧀ ꦱꦸꦫꦏꦫ꧀ꦠ ꦱꦭꦃ ꦱꦶꦗꦶ ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ ꦆꦁ ꦗꦮ ꦱꦶꦁ ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦣꦁ ꦄꦗꦼꦒ꧀ ꦔꦢꦤꦶ ꦏꦶꦫꦧ꧀ ꦠꦸꦩꦥꦼꦁ ꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴ ꦔꦿꦩꦺꦏꦏꦺ ꦩꦊꦩ꧀ ꦱꦼꦭꦶꦏꦸꦫꦤ꧀꧉

ꦄꦤ ꦱꦮꦼꦤꦼꦃ ꦥꦤꦼꦩꦸ ꦏꦥꦤ꧀ ꦩꦸꦭꦧꦸꦏꦤꦺ ꦄꦢꦠ꧀ ꦱꦼꦭꦶꦏꦸꦫꦤ꧀꧉ ꦏꦭꦸꦩ꧀ꦫꦲꦤ꧀ ꦆꦏꦶ ꦄꦤ ꦱꦶꦁ ꦩꦠꦫ ꦮꦶꦱ꧀ ꦄꦤ ꦤꦭꦶꦏ ꦩꦔ꧀ꦱꦤꦺ ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ ꦄꦒꦸꦁ ꦩꦢꦼꦒ꧀ ꦫꦠꦸ꧉ ꦥꦤꦼꦩꦸ ꦭꦶꦪ ꦔꦤ꧀ꦣꦫꦏꦺ ꦪꦺꦤ꧀ ꦄꦢꦠ꧀ ꦩꦊꦩ꧀ ꦱꦼꦭꦶꦏꦸꦫꦤ꧀ ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ ꦤꦭꦶꦏ ꦱꦸꦤꦤ꧀ ꦏꦭꦶꦗꦒ ꦩꦶꦤꦔ꧀ꦏ ꦮꦭꦶ ꦆꦁ ꦠꦤꦃ ꦗꦮ[2]

ꦱꦸꦫꦏꦫ꧀ꦠ[besut | besut sumber]

ꦆꦁ ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ ꦱꦸꦫꦏꦫ꧀ꦠ꧈ ꦧꦏꦸꦤꦺ ꦄꦢꦠ꧀ ꦱꦼꦭꦶꦏꦸꦫꦤ꧀ ꦆꦏꦸ ꦮꦼꦠꦸꦤꦺ ꦫꦠꦸ ꦭꦤ꧀ ꦄꦫꦏ꧀ ꦄꦫꦏꦤ꧀ ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ ꦱꦏ ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ ꦩꦼꦚꦁ ꦩꦼꦗꦶꦢ꧀ ꦄꦒꦸꦁ ꦔꦉꦥꦏꦺ ꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤꦺ ꦭꦆꦭꦠꦸꦭ꧀ꦏꦢꦂ꧉ ꦆꦁ ꦩꦼꦗꦶꦢ꧀ ꦄꦒꦸꦁ꧈ ꦈꦥꦕꦫ ꦢꦺꦴꦔ ꦩꦫꦁ ꦄꦭꦺꦴꦃ ꦒꦶꦤꦼꦭꦂ ꦤ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀ ꦏꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦔꦤ꧀ ꦭꦤ꧀ ꦧꦼꦫ꧀ꦏꦃ ꦠꦸꦩ꧀ꦫꦥ꧀ ꦮꦸꦭꦤ꧀ ꦥꦱ꧉ ꦱꦧꦤ꧀ꦗꦸꦫꦺ꧈ ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦼꦁ ꦕꦕꦃ ꦱꦺꦮꦸ ꦢꦶꦢꦸꦩꦏꦺ ꦩꦫꦁ ꦄꦧ꧀ꦢꦶ ꦢꦊꦩ꧀ ꦭꦤ꧀ ꦏꦮꦸꦭ꧉[2][3]

ꦄꦢꦠ꧀ ꦱꦼꦭꦶꦏꦸꦫꦤ꧀ ꦮꦶꦱ꧀ ꦭꦸꦩꦏꦸ ꦏꦮꦶꦠ꧀ ꦩꦔ꧀ꦱꦤꦺ ꦥꦏꦸꦧꦸꦮꦤ ꧔[4]꧈ ꦤꦔꦶꦁ ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦺ ꦔꦽꦩ꧀ꦧꦏ ꦢꦢꦶ ꦄꦕꦫ ꦒꦼꦣꦺ ꦤꦭꦶꦏ ꦥꦏꦸꦧꦸꦮꦤ ꧑꧐ ꦩꦢꦼꦒ꧀ ꦫꦠꦸ꧉[2] ꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴ ꦠꦸꦗꦸꦄꦤ꧀ ꦌꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦩꦶ ꦭꦤ꧀ ꦥꦫꦶꦮꦶꦱꦠ꧈ ꦈꦢꦏꦫ ꦠꦈꦤ꧀ ꧑꧙꧒꧗꧈ ꦄꦢꦠ꧀ ꦱꦼꦭꦶꦏꦸꦫꦤ꧀ ꦢꦶꦢꦢꦺꦏꦏꦺ ꦏꦫꦩꦺꦄꦤ꧀ ꦆꦁ ꦏꦼꦧꦺꦴꦤ꧀ ꦫꦗ (ꦢꦶꦕꦼꦏꦏ꧀ ꦧꦺꦴꦤ꧀ꦫꦗ꧈ ꦱꦆꦏꦶ ꦠꦩꦤ꧀ ꦱꦿꦶꦮꦼꦢꦫꦶ)꧉ ꦄꦫꦏ꧀ ꦄꦫꦏꦤ꧀ ꦱꦏ ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ ꦱꦶꦁ ꦫꦸꦫꦼꦤꦺ ꦏꦮꦶꦠꦤꦺ ꦩꦼꦚꦁ ꦩꦼꦗꦶꦢ꧀ ꦄꦒꦸꦁ ꦢꦶꦭꦶꦃ ꦩꦼꦚꦁ ꦧꦺꦴꦤ꧀ꦫꦗ꧉[4] Kanggo nambah regengé, arak-arakan prajurit mawa ing uga diadani.[2] Jalaran arak-arakan ing iki, kirab Selikuran ing Surakarta uga misuwur diarani Kirab Ting utawa Kirab Ting-Ting Hik.[3] Ing taun 2009, rute kirab dibalèkaké miturut bakuné, ya iku saka karaton menyang Mejid Agung, awit kacumpiné béya acara.[4]

Adaté biyèn, sawisé Selikuran saben wengi ganjil ing sepuluh dina pungkasan wulan Pasa, wong Surakarta masang ing ing jaba omah. Uga kala biyèn, Malem Selikuran dilanjutaké acara Maleman sing ginelar sawulan notog ing Bonraja. Kala iku, karaméan Maleman asring dipadhakaké karo karaméan Sekatènan ing alun-alun karaton. Sawisé Indonésia mardika, Maleman ora tau digelar manèh.[4]

ꦥꦿꦭꦩ꧀ꦧꦁ[besut | besut sumber]

Adat Selikuran nuladhani kadadéan nalika Muhammad mudhun saka Jabal Nur sawisé éntuk wahyu Lailatulkadar. Nalika samana, para sakabat mapag mulihé Muhammad nganggo obor. Arak-arakan ing iku nuladhani para sakabat sing nggawa obor lan minangka pralambang pepadhang. Saliyané iku, tumpeng kang cacah sèwu minangka pralambang sèwu wulan sing dadi gambarané Lailatulkadar.[2]

ꦫꦸꦗꦸꦏꦤ꧀[besut | besut sumber]

ꦕꦛꦼꦠꦤ꧀ꦱꦶꦏꦶꦭ꧀
ꦧꦶꦧ꧀ꦭꦶꦪꦺꦴꦒꦿꦥ꦳ꦶ