Taman Sriwedari

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Gapura Taman Sriwedari

Taman Sriwedari inggih punika komplèks taman ingkang dipun-ginakaken kanggé pagelaran manéka werni pasugatan kagunan rakyat ing Kitha Sala.[1] Taman Sriwedari dumunung ing tengah-tengahing Kitha Sala ingkang celak kaliyan Museum Radya Pustaka inggih punika ing JL. Brigjen Slamet Riyadi, Sala Kota/Laweyan.[2] Taman punika dipunyasa déning Pakubuwono X ingkang rumiyin dipundadosaken panggénan rékréasi kaliyan panggénan kanggé ngaso para kulawarga karajan.[1] Taman ingkang rumiyin dumunung ing panggénan ingkang dipunwastani Kebon Rojo utawi Taman Raja, sapunika sampun dipunjangkepi sawatawis fasilitas hiburan kanggé laré alit lan tiyang diwasa, restoran-restoran alit, kaliyan toko-toko ingkang sadéyan souvenir.[3] Ing komplès taman uga wonten satunggaling pasugatan ingkang kawentar inggih punika pagelaran ringgit purwa.[3][4]

Sajarah[besut | besut sumber]

Taman Sriwedari ing taun 1900

Wiwitanipun, Taman Sriwedari dipunyasa mawi ancas kanggé dolanan, lelangenan, lan, panggénan ngaso kanggé kulawarga saking pura Kasunanan Surakarta Hadiningrat.[5] Ingkang gadhah penggalih supados yasa taman punika inggih punika Sri Susuhunan Pakubuwono X ingkang jumeneng ing periode taun 1983 ngantos taun 1939.[5] Pramila, rumiyin Taman Sriwedari ingkang dipunyasa taun 1899 punika ugi dipunwastani Bon Rojo (asalipun saking Kebon Rojo ingkang ngemu teges Taman Raja).[5] Sadèrèngipun dipundadosaken panggénan rekreasi kulawarga pura, Taman Sriwedari wiwitanipun dipunrembakaken minangka taman kitha wiwit taun 1901 lan dipunresmikaken minangka kawasan rekreasi kanggé kulawarga karaton. Wiyaripun siti ingkang dipunyasa taman inggih punika udakawis 10 hektar. Siti punika dipunpundhut déning KRMT Wirjodiningrat, kangmas ipé saking Sri Susuhunan Pakubuwono X, saking Johannes Busselaar tanggal 5 Dhésèmber 1877 mawi status hak milik.[5] Johannes Busselaar inggih punika satunggaling tiyang Walanda ingkang manggèn ing Sala.[5] Sasampunipun diputrapaken Undang-undang Pokok Agraria déning Pamaréntah Republik Indonesia ingkang lumampah wiwit tanggal 24 September 1960. Status kepemilikan siti Taman Sriwedari dipundhaftaraken malih, nanging namung pikantuk status Hak Guna Wangunan (HGB) amargi nembé dipundhaftaraken taun 1965.[5]

Kaanan Taman[besut | besut sumber]

Taman Sriwedari, pusat hiburan, kagunan lan budaya ing Kitha Sala

Kadosdéné panggénan rekreasi, Taman Sriwedari kathah dipuntanemi tetuwuhan ngrembuyung ingkang ndadosaken kaanan dados kepénak lan adhem.[5] Sawetawis jinis wit ingkang dipuntanem ing Taman Sriwedari kados ta: wit Casuarina, kenari, Trembesi, lan sanèsipun. Ing sisih tenggara, wonten pethuthukan siti damelan ingkang dipunwastani "punthuk" utawi "gumuk" ingkang mbentuk pulo.[5] Ing panggénan punika wonten tlaga damelan ingkang dipunparingi asma "Segaran" (ing basa jawi tegesipun segara).[5] Rumiyin, Segaran éndah sanget, wonten mrika kathah kembang teraté ingkang kumambanng ing sanginggilipun kolam lan ugi kathah jinis unggas toya, kados ta banyak, bebek, lan manuk bango.[5]

Ing pérangan inggil ing salah satunggaling pethuthukan punika dipunedegaken satunggaling panggung ingkang dipunrias kaliyan werni-werni kembang.[5] Ing jaman 1950-an, panggung punika lajeng dipunwastani "Panti Pangeksi" ingkang dipun-ginakaken kanggé pagelaran musik keroncong. Ing sangandhapipun panggung wonten satunggal ruang ingkang dipunwastani "Guosworo" (asalipun saking tembung guo la swara).[5] Ruang punika kanggé nyimpen pirantos gamelan karaton, inggih punika Gamelan Satiswaran.[5] Wontenipun ruang Guosworo punika kanggé mesthèkaken déné gamelan tansah sumadya nalikanipun dipunprelokaken, kados ta kanggé nggiringi salah satunggaling pahargyan.[5] Ing sapanjangipun sepalih abad kaping 20 Masèhi, mliginipun sadangunipun mangsa pamaréntahan Sri Susuhunan Pakubuwono X, dipunwontenaken adicara pahargyan ageng ing Sriwedari ing saben pahargyan tanggap warsa Susuhunan.[5]

Adicara ing Taman Sriwedari[besut | besut sumber]

Wiwit jaman pamaréntahan Sri Susuhunan Pakubuwono X, Taman Sriwedari dados panggénan kanggé ngawontenaken tradhisi malem selikuran (dalu kaping 21 ing wulan Pasa).[5] Kasunanan Surakarta Hadiningrat lan bebrayan Sala nggilar tradhidi wujud Kirab Sèwu Tumpeng. Kirab punika dipunwiwiti saking latar Karaton Kasunanan Surakarta lan pungkasan dumugi ing Taman Sriwedari.[5] Sèwu tumpeng ingkang dipunkirab kasebat lajeng dipunrebataken déning bebrayan ing Taman Sriwedari amargi dipunpracaya ngadhut berkah. Tradhisi malem selikuran taksih lumampah ngantos sapunika.[5] Tradhisi punika wonten wiwit jaman para wali, lajeng ugi taksih lumampah ing jaman kasultanan Demak, Mataram, Kartasura, lajeng ing jaman Kasunanan Surakarta. Kajawi punika, Taman Sriwedari ugi naté dados panggénan Pekan Ulah raga Nasional (PON) I ing taun 1948.[5]

GWO Sriwedari[besut | besut sumber]

GWO Sriwedari

Kanggé saya ngregengaken swasana ing Taman Sriwedari minangka salah satunggaling pusatipu hiburan, Sri Susuhunan Pakubuwono X dhawuh supados dipunyasa gedhong pagelaran ringgit purwa ing lingkungan Taman Sriwedari. Gedung Wayang Orang (GWO), inggih punika gedhong kanggé pasugatan kagunan ringgit purwa mawi lampahan saking cariyos Ramayana kaliyan Mahabarata.[6] Cariyos-cariyos punika gadhah filosofi ingkang katanem ing jiwa bangsa Indonésia.[6] Ing satunggaling wekdal, ringgit purwa ingkang dipunsugataken inggih punika gabungan antawisipun ringgit purwa Sriwedari kaliyan ringgit purwa RRI Surakarta ugi naté kaliyan seniman-seniman ringgit purwa Jakarta, Semarang, utawi Surabaya.[6]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b Taman Sriwedari Solo(dpunundhuh 27 Oktober 2012)
  2. THR Sriwedari(dipunundhuh 27 Oktober 2012)
  3. a b Taman sriwedari(dipunundhuh 27 Oktober 2012)
  4. Wisata, Taman Sriwedari Solo(dipunundhuh 19 Fèbruari 2013)
  5. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s Taman Sriwedari(dipunundhuh 19 Fèbruari 2013)
  6. a b c Gedung Wayang Orang (GWO)(dipunundhuh 27 Oktober 2012)

Pranala njawi[besut | besut sumber]