Pemberontakan Menalamba: Béda antara owahan
Tanpa ringkesan besutan |
c Bot: Migrating 3 interwiki links, now provided by Wikidata on d:q3305728 (translate me) |
||
Larik 20: | Larik 20: | ||
[[Kategori:Perang Perancis]] |
[[Kategori:Perang Perancis]] |
||
[[Kategori:Prancis]] |
[[Kategori:Prancis]] |
||
[[en:Menalamba rebellion]] |
|||
[[fr:Menalamba]] |
|||
[[id:Pemberontakan menalamba]] |
Révisi kala 2 April 2013 23.01
Artikel iki lagi ingowahan gedhèn-gedhèn 24 Maret 2013 suwéné. Saperlu ngéndhani cengkah ing pambesut, panjenengan aja mbesut kaca iki nalika layang iki isih kapajang. Kaca iki pungkasan ingowahan nalika 23:01, 2 April 2013 (UTC) (11 taun kapungkur). Panjenengan katuran mbusek cithakan iki yèn kaca iki wis ora kabesut ing dalem sawatara jam. Manawa panjenengan juru pambesut kang ngetrapaké cithakan iki, pesthèkaké panjenengan mbusek cithakan iki utawa nggantèni nganggo {{Lagi kagarap}} antarané mangsa anggoné panjenengan mbesut. |
Pemberontakan Menalamba inggih punika gerakan perlawanan rakyat ingkang kadadosan wonten ing Madagaskar bagèyan tengah minangka tanggepan saking kasuksésan Perancis ngrebut istana kerajaan Madagaskar ing ibukota Antananarivo wonten ing wulan September 1895. Menalamba wonten ing basa Malagasi ateges "selendang abrit".
Latar belakang
Tindakan diplomatik lan militèr Perancis kanggé ngeklaim kedaulatan saking pulo Madagaskar - ingkang sampun kalangsung sadangu langkung saking sekawan abad - samsaya inténsif wonten ing masa Pamarèntahan Ratu Ranavalona II lan Ratu Ranavalona III, 2 panguwasa pungkasan pulo kasebut. Sasampuning kampanye militèr ingkang suksès ing ngandhap pimpinan Jenderal Jacques Duchesne, Perancis kanthi resmi nganèksasi Madagaskar wonten ing tanggal 1 Januari 1896. Wonten ing wulan Agustus taun punka, Perancis nyatakaken Madagaskar minangka koloninipun lan ngasingaken Perdana Menteri Madagaskar Rainilaiarivony dhateng Aljir (ing Aljazair) dumugi piyambakipun séda wonten ing taun candhakipun.[1] Ratu Ranavalona III lan sapérangan ageng pejabat pamarèntahanipun tetep dipuntilaraken ananging boten dipunparingi kakuwasan politik ingkang nyata. Satunggaling gubernur sipil, Hippolyte Laroche, dipuntunjuk kanggé nglampahaken pamarèntahan wilayah punika nalika wiwitanipun.
Pemberontakan
Wonten ing wulan Desember 1895, 2 wulan sasampuning Perancis ngrebut Antananarivo, perlawanan rakyat tumrap kakuwasan Perancis medal wonten ing bentuk pemberontakan menalamba ("selendang abrit"). Perang gerilya tumrap tiyang asing, agama Kristen, lan korupsi politik punika kanthi cepet sumebar ibg saindhenging panjuru pulo lan ingkang utama dipuntindakaken déning para petani biasa ingkang ngagem selendang ingkang dipunolési kanthi lemah laterit abrit saking dataran tinggi. Gerakan perlawanan punika naté ngrembaka dumugi pungkasanipun dipunkawonaken kanthi efektif déning militèr Perancis wonten ing pungkasaning taun 1897.[2] Kathah anggota pamarèntahan Ranavalona ingkang dipuntuduh sampun nyengkuyung para pemberontak lan sapérangan tokoh lajeng dipunukum, kalebet ing antawisipun inggih punika pakdhé saking ratu Ratsimamanga (kakang saking penasihat favoritipun, Ramisindrazana) sarta Menteri Perang Rainandriamampandry. Satunggaling bulikratu ingkang nama Ramisindrazana déning Perancis dipunasingaken dhateng Réunion amargi sami boten purun ngeksekusi tiyang wanodya.[3]
Perlawanan punika nyebabaken pamarèntah Perancis nggantos gubernur sipil pulo kasebut kanthi satunggaling gubernur militèr, inggih punika Jenderal Joseph Gallieni.[3] Bab punika ugi minangka faktor utama ingkang samangké ndorong kaputusan kanggé ngasingaken Ranavalona III dhateng pulo Reunion wonten ing taun ingkang sami.
Cathetan Suku
- ↑ (ing basa Prancis) Randrianja, Solofo (2001). Société et luttes anticoloniales à Madagascar: de 1896 à 1946. Paris: Karthala Editions. kc. 100–110. ISBN 978-2-84586-136-7.
- ↑ Masalah transklusi: {{En}} mung bisa kaanggo ing mandhala aran Barkas. Anggonen {{lang-en}} utawa {{en icon}} baé. Campbell, Gwyn (1991). "The Menalamba revolt and brigandry in imperial Madagascar, 1820–1897". International Journal of African Historical Studies. 24 (2): 259–291.
- ↑ a b (ing basa Prancis) Basset, Charles (1903). Madagascar et l'oeuvre du Général Galliéni. Paris: A. Rousseau. kc. 140–142.