Menyang kontèn

Lumut kerak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Lumut Kerak)
Lumut Kerak

Lumut Kerak (jeneng ngèlmiahé Lichenes) ya iku wujud saka simbiosis mutualisme antarané ganggang karo miselium jamur kang urip ing watu, wit, utawa ing témbok gedhong.[1] Jinis jamur kang simbiosis iki lumrahé saka golongan Ascomycota lan Basidiomycota, déné ganggangé lumrahé saka golongan Cyanophyta utawa Chlorophyta.[1] Lumut kerak urip kanthi cara epifit ing wit-witan, bisa uga tukhul ing dhuwur lemah, mligi ing tlatah tundra ing Kutub Lor.[2] Lumut kerak migunani kanggo kawanguné lemah lan ngremukaké watu, saéngga lumut kerak diarani tuwuhan perintis.[2] Lumut kerak bisa tahan urip suwé ing kaanan garing.[2] Nalika garing lan kena srengéngé terus, lumut dadi garing nanging ora mati.[2] Nalika udan, lumut kerak tuwuh manèh.[2] Lumut kerak saguh nganakake fotosintesis amarga nduwé klorofil. Fotosintesis bisa kadadéan yèn kadar banyu kira-kira 65-90 %. Nalika kaanan garing, prosès fotosintesis mandheg. Reprodhuksi Lumut kerak ya iku kanthi cara aseksual (fragmentasi lan soredium).

Sajarah

[besut | besut sumber]

Sandyan lumut wis didhaku minangka organisme kanggo sawatara wektu, prekara iku ora nganti taun 1867. Nalika Switserlan botani Simon Schwendener ngajokaké téyori gandha babagan lumut bilih sajatiné sipat lumut iku ana ing lumut kerak. Hipotesis Schwendener ing wektu iku ora nduwé bukti panalitiyan. Mula ana analisis kang luwih amba babgan anatomi lan pambangunan lumut, alga, lan jamur nggunakaké mikroskop cahya. Akèh lichenologists ing wektu iku, kaya ta James Crombie lan Nylander kang nulak hipotèsis Schwendener amarga konsensus umum ya iku bilih kabèh makluk urip kanthi otonom (dhéwé). Ahli biologi liyané, kaya ta Heinrich Anton de Bary, Albert Bernhard Frank, Melchior Treub lan Hermann Hellriegel ora énggal nulak hipotèsis saka Schwendener lan konsèp énggal nyebaring tlatah liya studi,kaya ta mikroba, kéwan, tetuwuhan, lan patogen manungsa.Nalika kompleks gegayutan antara mikroorganisme patogen lan host bisa ditliti. Saéngga panemu Schwendener wiwit kawentar lan bukti panalitiyan kang luwih jangkep saka sipat ganda lumut dikasilaké nalika Eugen Thomas ngandharaké hasilé ing taun 1939 ing pancoban sepisanan kang kasil disintesis.

Ciri Umum

[besut | besut sumber]
  1. Kasil simbiosis antarané jamur lan ganggang.[3]
  2. Bisa berkembangbiak kanthi cara generatif (sèksual) lan vegetatif (aseksual).[3]
  3. Uripé kanthi cara epifiét kang urip ing wit-witan, awtu, utawa lemah kang tandus.[3]
  4. Uga diarani tuwuhan perintis utawa indikator lolusi hawa.[3]
  5. Tuladhané ya iku Parmelia acetabulum, Usnea barbata, lan Usnea dasypoga.[3]

Réprodhuksi

[besut | besut sumber]

Aseksual

[besut | besut sumber]
  1. Fragmentasi, ya iku perkembangbiakan kanthi misahaké pérangan awak kang wis tuwa saka induk lan banjur ngrembaka dadi individu anyar. Pérangan-pérangan awak kang dipisahaké mau diarani fragmen.[4]
  2. Isidia, trakadhang isidia ucul saka talus induk kang saben talu nduwé simbion. Isidium bakal tuwuh dadi individu anyar yèn kahanané jumbuh.[4]
  3. Soredia, ya iku golongan cilik sèl-sèl ganggang kang lagi maro lan dikrubuti benang-banang miselium dadi sawijining badan kang bisa ucul saka induk. Lichenes anyar nduwé ciri-ciri kang padha karo induk.[4]

Seksual

[besut | besut sumber]

Perkembangbiakan sèksual ing Lichenes mung bates ing pembiakan jamuré. Dadi, kang ngalami perkembangbiakan kanthi cara sèksual ya iku golongan jamur kang yasa awak Lichenes.[4]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b Karmana, Orman.2007. Cerdas Belajar Biologi. Bandung: Grafindo
  2. a b c d e Lichenes Archived 2012-11-22 at the Wayback Machine.(diundhuh 26 Oktober 2012)
  3. a b c d e Ciri Umum Tumbuhan Archived 2013-01-28 at the Wayback Machine.(diundhuh 23 Fèbruari 2013)
  4. a b c d Materi Reproduksi Lichenes Archived 2013-05-12 at the Wayback Machine.(diundhuh 23 Fèbruari 2013)
  5. This was scraped from a dry, concrete-paved section of a drainage ditch.  This entire image covers a square that is approximately 1.7 millimeters on a side.  The numbered ticks on the scale represent distances of 230 micrometers, or slightly less than ¼ of a millimeter.