Louis XII saking Prancis
Ingkang Sinuwun Raja Louis XII | |
---|---|
Raja Prancis | |
Panjenengan | 7 April 1498 – 1 Januari 1515 ( 16 taun, 269 dina) |
Karajan Perancis | 27 Mèi 1498 (Reims) |
Leluhur | ISR Charles VIII |
Panerus | ISR Francis I |
Lair | Château de Blois | 27 Juni 1462
Surud | 1 Januari 1515 Hôtel des Tournelles | (umur 52)
Astana | Basilika Santo Denis |
Garini | Joan saking Prancis Anne, Adipati Wanita Bretagne Mary saking Inggris |
Putra ing antarané liyané... | Claude, Ratu Prancis Renée, Adipati Wanita Ferrara |
Wangsa | Wangsa Valois |
Bapa | Charles, Adipati Orléans |
Ibu | Marie saking Cleves |
Agama | Katulik Roma |
Louis XII (27 Juni 1462 – 1 Januari 1515) [1], karan "Bapak Rakyat" (Prancis: Le Père du Peuple), minangka salah sijining Raja Prancis lan panguasa tunggal saka Valois-Orléans cabang Wangsa Valois. Panjenengané maréntah saka taun 1498 tekan 1515 lan nguyak kebijakan luar nagari kanthi aktif banget [2].
Wiwitaning Urip
[besut | besut sumber]Louis dilairaké ing tanggal 27 Juni 1462 [3], ing Château de Blois, Blois, Touraine (ing njero kontemporer Départemen Loir-et-Cher). Putra Charles, duc d'Orléans lan Marie saka Cleves, panjenengané nggantèkaké bapaké minangka Adipati Orléans ing taun 1465 [4].
Ing taun 1480 Louis anggoné mèlu ing Perang Edan nglawan otoritas kraton. Gabung karo sekuthu Francis II, panjenengané ngadepi wadyabala kraton ing medan Perang Saint-Aubin-du-Cormier (1488), nanging panjenengané dikalahaké lan ditangkep. Diwènèhi pangapura telung taun salanjuté, Louis gabung karo seduluré Raja Charles VIII ing pirang-pirang kampanye ing Italia [5].
Kabèh anaké Charles VIII, ya iku papat, tilar donya nalika isih enom. Terjemahan Prancis Hukum Salik ngijinaké manawa warisan tahta Prancis mung kanggo keturunan lanang para panguasa Prancis. Babagan iki nggawé Louis, buyut Raja Charles V, pewaris kang paling senior kang dai pewaris Charles VIII. Louis salanjuté éntuk tahta sawisé raja tilar donya.
Kawicaksanan njero kaliyan njaba nagari
[besut | besut sumber]Sanadyan panjenengané teko telat (lan ora dikira-kira) munggah tahta, Louis timindak kanthi semangat, ngreformasi sistem hukum Prancis, ngurangi pajek lan ndandani pamaréntahan, kaya ta kang digagas déning Henry VII ing Inggris. Panjenengané uga trampil nalika ngatur kebangsawanané, kalebu fraksi Wangsa Bourbon kang nduwé kuasa, kang akèh nyumbang kanggo stabilitas pamaréntahan Prancis. Ing njero Ordonansi Blois nalika taun 1499 lan Ordonansi Lyon ing taun 1510, panjenengané ngembangaké kakuasaan hakim kraton lan nduwé upaya kanggo ngekang korupsi ing njero pranatan hukum. Hukum adat Prancis kang komplèks banget kudu disusun lan disahaké déning proklamasi kraton.
Ing salah sijining upaya kanggo ngentukaké kendali Wewengkon Adipati Milan, kang warisané panjenegané entukaké kanthi hak saka éyang paternale Valentina Visconti,[6] Louis mangkat ing Perang-perang Italia. Ing medan Perang Italia 1499–1504, panjenengané wes kasil ngamanake Milan nalika taun 1499 saka musuhé, Ludovico Sforza, lan wewengkon mau mapan ing njero kakuasaan Prancis sasuwené 12 taun. Suksesé kang gedhé kethok nalika Perang Liga Cambrai, kanthi kamenangan ing medan Perang Agnadello nalika taun 1509. Kaanan dadi saya abot kanggo panjenengané saka taun 1510 munggah, luwih-luwih sawisé Julius II, paus pejuang kang elok, ngendalekaké Vatikan lan mbentuk "Liga Suci" kanggo nentang ambisi-ambisi Prancis ing Italia. Prancis akhiré diusir saka Milan déning Switserlan nalika taun 1513.
Louis uga nguyak warisan kang kapungkur langsung saka Karajan Napoli karo Ferdinand II, Raja Aragon saking Wangsa Trastámara. Panjenengané loro kabèh setuju kanggo mmbagi kraton Neapolitan ing Perjanjian Granada (1500), nanging akhire congkrah déning kondisi pérangan wilyah mau, lan ing taun 1504 Prancis kelangan pérangan Napoli.
Louis kabukti dadi salah sijining raja kang populer. Ing pungkasana pamerintahané, defisit makutha ora luwih gedhé saka nalika panjenengané nggantekaké Charles VIII ing taun 1498, sanadyan panjenengané nglakoni sapropirané kampanye larang ing Italia. Reformasi fiskalé ing taun 1504 lan 1508 diperketat lan ditingkataké proseduré kanggo mungut pajek. Panjenengané patut éntuk jejuluk Bapak Rakyat ("Le Père du Peuple") kang diwènèhaké kanggo panjenengané nalika taun 1506.
Kawinan
[besut | besut sumber]Ing taun 1476, Louis diwènèhi tanggungan nikah karo Joan saking (1464–1505) kang salah, putri sadulur loro-lorone kabèh, Louis XI, "Raja Laba-laba" Prancis kang umuré setengah tuwa. Joan wés ditahbisaké déning Gréja Katolik. Sawisé para leluhur Louis XII Charles VIII tilar donya tanpa keturunan, kawiné Louis dibatalaké kanthi upaya kanggo ngijinaké nikahi kaliyan janda Charles, mantan Permaisuri, Anne saking Bretagne (1477–1514), kang putri lan pewaris Francis II saking Bretagne, kanthi maksud strategi kanggo nggabungaké wewengkon adipati Bretagne ing njero kakuasaan Prancis.
Nanging prastawa batal mau digambaraké minangka "salah sijining tuntutan hukum jaman", babagan ora gampang. Louis ora kaya wong kang diarepaké, nduwé penemu manawa batalé kawinan mau amarga ana gayutan sadulur (tunjangan umum kanggo bubaré kawinan ing wektu iku). Sanadyan panjenengané bisa nggawa saksi kanggo mbuktèkaké manawa kaloroné duwé gayutan kang rumaket amarga pirang-pirang prastawa kawinan kang kadadéan, ora ana bukti dhokumèn babagan iku, mung sapropirané penemu saka wong-wong pura. Mangkono uga, Louis ora bisa mbantah manawa panjenengané wés gedhé akil balig (14 taun) kanggo nikah: ora ana kang mesti kapan panjenengané dilairakeé, karo Louis kang ngaku kang umuré 12 taun ing wektu iku, lan kang liyané wiwit nafsiraké panjenengané sadaya umuré 11 lan 13 taun. Sanadyan mangkono, amarga ora ana bukti kang nyata, panjenengané kapeksa nggawé argumen liyané.
Saka Kepausan minangka pihak kang nétral, ngendika Joan bakal menang, amarga kasus Louis kang ora kuat buktineé. Mesakaké banget nasibé Ratu, Paus Aleksander VI (mantan Roderic Borja) digelar amarga alesan politis kanggo mènèhi ijin pegat, lan panjenengané maréntah nentang Joan, ngijinaké prastawa batal mau. Prastawa Batal mau diwènèhaké kanthi alesan manawa Louis ora bébas nikah, nanging dipeksa kanggo nikahi amarga préntah bapaké Joan Louis XI. kanthi angkara murka, Joan wegah minggir, lan nduwé alesan manawa panjenengané bakalan ndonga kanggo bekas bojoné, lan Louis padha wegahé nikahi bekas Ratu Anne.
Sawisé tilar donyané Anne, Louis salanjuté nikahi Mary Tudor, Ratu Prancis (1496–1533), seduluré Henry VIII saking Inggris, Raja Inggris ing Abbeville, Prancis, nalika tanggal 9 Oktober 1514, kanthi upaya kanggo bisa ngasilaké keturunan pewaris tahtané lan calon kang yasa pewaris mangsa ngarep kanggo keturunan-keturunane saka tahta Inggris uga. Panjenengané akhiré ora kasil. Sanadyan kaloro kawinané sadurungé, raja ora duwé keturunan lanang urip lan nduwé upaya kanggo ngasilaké salah sijining pewaris; nanging Louis tilar donya tanggal 1 Januari 1515, kurang saka 3 wulan sawisé nikahi Mary, miturt pirang-pirang sumber amarga kesel lan kabèh tenagané dienggo ing kasur. Nikahé panjenengané loro kabèh ora ngasilaké keturunan.
Tilar Donyané
[besut | besut sumber]Louis tilar donya tanggal 1 Januari 1515, lan dikubur ing Basilika Santo Denis. Amarga tradisi Hukum Salik, kang ora ngijinaké wanita kanggo dadi pewaris tahta Prancis, panjenengané digantèkaké déning putra saka seduluré kang kapisan, Francis I saking Prancis (kang uga minangka mantuné), kang nggawé garis keturunan Raja-raja Prancis dhéwé.
Kulawarga
[besut | besut sumber]Silsilah
[besut | besut sumber]Silsilah saka Louis XII saking Prancis | ||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
|
Keturunan
[besut | besut sumber]Déning Anne saking Bretagne | |||
Jeneng | Lair | Tilar Donya | Cathetan |
---|---|---|---|
Claude saking Perancis | 14 Oktober 1499 | 20 Juli 1524 | nikah kaliyan Francis I saking Perancis ing tanggal 18 Mèi 1514; duwé keturunan |
Putra ora nduwé jeneng | 1500 | 1500 | mati bayi |
Putra ora nduwé jeneng | 21 Januari 1503 | 21 Januari 1503 | mati bayi |
keguguran | ing akir taun 1503 | ing pungkasan taun 1503 | pirang-pirang sumber ngendika |
keguguran | 1505 | 1505 | |
Putra ora nduwé jeneng | 21 Januari 1508 | 21 Januari 1508 | mati bayi; pirang-pirang sumber ngendika keguguran |
keguguran | 1509 | 1509 | pirang-pirang sumber ngendika |
Renée saking Prancis | 25 Oktober 1510 | 12 Juni 1574 | nikah kaliyan Ercole II d'Este ing wulan April 1528; duwé keturunan |
Putra ora nduwé jeneng | 21 Januari 1512 | 21 Januari 1512 | mati bayi |
Louis XII uga duwé sapropirané anak karam Michel de Bucy, Biskop Agung Bourges saka taun 1505, kang tilar donya ing taun 1511 lan dikubur ing Bourges.[7]
Réferènsi
[besut | besut sumber]- Baumgartner, Frederic J., Louis XII, New York: St.Martin's Press, 1996. ISBN 0-312-12072-9
- Hochner, Nicole, Louis XII: Les dérèglements de l’image royale, collection «Époques» Seyssel: Champ Vallon, 2006 http://www.champ-vallon.com/
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ http://www.luminarium.org/encyclopedia/louis12.htm (dipununduh 1 April 2013)
- ↑ http://www.biography.com/people/louis-xii-9386847 Archived 2013-06-07 at the Wayback Machine. (dipununduh 24 April 2013)
- ↑ http://www.historylearningsite.co.uk/L12.htm (dipununduh 1 April 2013)
- ↑ http://www.britannica.com/EBchecked/topic/348919/Louis-XII (dipununduh 24 April 2013)
- ↑ http://www.historylearningsite.co.uk/L12.htm (dipununduh 24 April 2013)
- ↑ Her marriage contract with Louis, duc d'Orléans, stipulated that in failure of male heirs, she would inherit the Visconti dominions.
- ↑ http://genealogy.euweb.cz/capet/capet23.html#L12
Louis XII saking Prancis Cabang kadet Wangsa Kapetia Lair: 27 Juni 1462 Tilar donya: 1 Januari 1515
| ||
Regnal titles | ||
---|---|---|
Kang sadurungé Charles VIII |
Raja Prancis 7 April 1498 – 1 Januari 1515 |
Kang sawisé Francis I |
Kang sadurungé Frederick IV |
Raja Napoli Agustus 1501–31 Maret 1504 |
Kang sawisé Ferdinand III |
Kang sadurungé Anne |
Adipati Bretagne 8 Januari 1499 – 9 Januari 1514 karo Anne |
Kang sawisé Claude |
Kang sadurungé Louis I |
Adipati Milan 1499–1512 |
Kang sawisé Maximilian |
Kang sadurungé Charles I |
Adipati Orléans 5 Januari 1465 – 7 April 1498 |
Lowong Digabungaké ing njero wewengkon kraton Title next held by Henry
|
Adipati Valois 5 Januari 1465 – 7 April 1498 |
Lowong Digabungaké ing njero wewengkon kraton Title next held by Francis
| |
Pangeran Blois 5 January 1465 – 7 April 1498 |
Lowong Digabungaké ing njero wewengkon kraton Title next held by Gaston
|
| ||||||||||||||||||||
| ||||||||||||||||||||
Pirsani uga: Sajarah Prancis - Kapetia - Valois - Bourbon |