Langendriya Ngayogyakarta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Damarwulan kaliyan kalih réncangipun ing pagelaran Langendriya, Kraton Ngayogyakarta.[1]

Langendriya Ngayogyakarta inggih punika drama beksan klasik gagrag Ngayogyakarta ingkang sumber cariyosipun saking Serat Damarwulan. Pacelathon ing Langendriya awujud tembang macapat, bènten kaliyan pacelathon ing ringgit tiyang ingkang ngginakaken pacelathon antawacana.[2] Kawit 2016, Langendriya Ngayogyakarta resmi kaakèni déning Papréntahan Républik Indonésia minangka salah satunggaling Warisan Budaya Sanès Barang salebeting bab seni pagelaran.[3]

Sajarah[besut | besut sumber]

Serat Damarwulan (PDF). Langendriya Ngayogyakarta kajiwani saking cariyos-cariyos ing serat punika.

Langendriya Ngayogyakarta dipun ripta déning Pangèran Mangkubumi–yoganipun Sultan Hamengkubuwana VI–nalika warsa 1876. Mangkubumi–minangka lurah pangèran–ngripta Langendriya kanthi kajiwani saking tradhisi macapatan ing Dalem Mangkubumèn (sadèrèngipun ingaran Dalem Kadipatèn). Nalika wulan Siyam, kagiyatan lantihan mbeksa ing Dalem Mangkubumèn dipun endheg, kagantos kaliyan kagiyatan macapatan. Sakawit, ingkang nembang macapat namung tiyang satunggal kémawon, nanging Purwadiningrat–yoganipun Mangkubumi–paring pamanggih murih ingkang nembang kawewahan satunggal tiyang malih utawi malah langkung kathah. Ingkang nembang ugi kados ta tiyang ingkang caturan saha nglakonaken paraga ing tembang macapat punika. Lajeng, tradhisi macapatan ing Dalem Mangkubumèn ingaran mondrèngan ingkang ateges "kathah".[2][4]

Purwadiningrat tansah ngrembakakaken tradhisi mondrèngan mawi pitulung saking ramanipun. Salah satunggal tuwuh-rembakanipun inggih punika macapatanipun kawewahan ébahan mustaka kaliyan asta tur mèh sami kaliyan tiyang ingkang nembé mbeksa. Anggènipun mbeksa boten sami kaliyan ringgit tiyang ingkang ngadeg, nanging kanthi sikap jèngkèng, sukunipun nekuk dhengkulipun.[5][6] Purwadiningrat lajeng gadhah pamanggih menawi tradhisi mondrèngan prayoginipun dipun damel dados pagelaran drama beksan. Mangkubumi nyuwun tulung dhumateng kangmasipun–Sultan Hamengkubuwana VII–supados pikantuk salinan Serat Damarwulan ingkang salajengipun dipun idini déning panjenenganipun.[2]

Mangkubumi milih Serat Damarwulan (1885) anggitanipun Radèn Ngabèhi Sélawinata supados cariyosipun bènten kaliyan cariyos ing ringgit tiyang ingkang asumber saking wiracarita Ramayana kaliyan Mahabharata saha asring ginelar ing Kraton Ngayogyakarta. Purwadiningrat mantha seratipun dados pitung lakon ingkang dumados saking Jumenengan Nata Dèwi Kencanawungu, Pejahipun Ranggalawé, Gunjaran, Pejahipun Ménak Jingga, Damarwulan Jumeneng Nata, Ratu Wandan Dhateng Majapait, kaliyan Panji Wulung Dhateng Majapait. Pagelaran Langendriya mbetahaken wekdal pinten-pinten jam ing saben lakonipun, pramila namung cuplikanipun kémawon ingkang dipun wedalaken. Layang éwahaning Purwadiningrat dados sumber cariyos Langendriya Ngayogyakarta saha ing tembé bakal ingaran Pakem Mangkubumèn.[2]

Ing tuwuh-rembakanipun, pagelaran Langendriya Ngayogyakarta mandheg ing warsa 1913. Sasampunipun 64 taun boten kagelar, ing warsa 1977, Yeyasan Siswa Among Beksa nembé nindakaken panalitèn tuwin kasil kanthi ngyasa malih drama beksan Langendriya Ngayogyakarta punika.[7]

Isi cariyos[besut | besut sumber]

Jumenengan Nata Dèwi Kencanawungu[besut | besut sumber]

Cariyos Langendriyan Ngayogyakarta asumber saking Serat Damarwulan ingkang papan cariyosipun wonten ing Majapait.[8] Prabu Brawijaya peputri Dèwi Kencanawungu ingkang badhé dipun dadosaken minangka panerusing Majapait nalika panjenenganipun sampun mangkat. Nanging boten sedaya pangageng sarujuk kaliyan putusanipun, sawenèh pangageng boten sarujuk lajeng mbaléla. Sinaosa wonten ingkang boten sarujuk, Dèwi Kencanawungu tetep jumeneng nata dados ratuning Majapait ingkang dipun rawuhi déning para déwa, widadari, punggawa, pandhita, juru nujum, dhayang, manggung, biyada, kaliyan abdi bedhaya.[9]

Sampun setunggal wulan Ménak Jingga saking Praja Blambangan boten saba dhumateng Majapait. Piyambakipun namung hura-hura kaliyan wadyabalanipun tuwin badhé ngraman lumawan Majapait, nanging piyambakipun ugi kesengsem kaliyan Kencanawungu.[9] Ménak Jingga tindak dhumateng Majapait, nuli ngutus Kotbuta kaliyan Katbuta ngintun layang lamaran dhumateng Kencanawungu, nanging dipun tulak. Kalih carakanipun wangsul tur ingawasan wadyabala Majapait. Ménak Jingga lajeng dipun cariyosi kadadosan ing Majapait lan dipun tantang déning Layangséta, yoganipun Patih Majapait Logendèr. Ménak Jingga muring krungu kabar punika, lajeng nyerang Majapait.[10] Paprangan ageng dumados antawising wadyabala Blambangan lumawan wadyabala Majapait. Wadyabala Blambangan ing pungkasanipun kalah, nuli mundur dhumateng Prabalingga. Nalika mundur, piyambakipun dipun kiter saha nglawan Patih Sindhura ingkang pungkasanipun Sindhura tilar donya.[11]

Pejahipun Ranggalawé[besut | besut sumber]

Ranggalawé inggih punika salah satunggal pangageng saking Tuban ingkang sarujuk menawi Dèwi Kencanawungu jumeneng nata. Ranggalawé ingkang nembé dugi Bangil dipun parani Layangséta kaliyan Layangkumitir saperlu ngaturi piyambakipun ngadhep Kencanawungu. Ranggalawé nyaguhi dhawuhing ratu. Ing Majapait, Kencanawungu ndhawuhi Ranggalawé mejahi Urubisma, nanging ing dalan piyambakipun prang lumawan wadyabala saking Jipang kaliyan Blambangan. Kalih gabungan wadyabalanipun dipun tumpes déning Ranggawalé, nanging piyambakipun ugi pejah ing paprangan.[11]

Pejahipun Ménak Jingga[besut | besut sumber]

Lakon Ménak Jingga, paraga antagonis ing Langendriya Ngayogyakarta.[12]

Patih Majapait Logendèr anggadhahi abdi aran Damarwulan ingkang ngopèni titihan ing Kepatihan. Logendèr kaliyan kalih larènipun ajeg ngala-ala Damarwulan, nanging satunggal putrinipun aran Anjasmara paring asih dhumateng Damarwulan. Layangséta ugi ngala-ala Damarwulan ing ngajengipun Kencanawungu, nanging piyambakipun boten mitadosi kojahipun Layangséta.[11] Damarwulan lajeng ngadhep sang ratu, nuli dipun dhawuhi mejahi Ménak Jingga. Anjasmara boten purun menawi Damarwulan késah nindakaken dhawuhing sang ratu. Nalika Anjasmara tilem, Damarwulan meneng-meneng tindak dhumateng Blambangan. Bénjingipun Anjasmara bingung dipun tinggal Damarwulan. Piyambakipun lajeng nyusul madosi dhumateng Majapait.[13]

Ing Daha, Damarwulan dipun cegat déning Katbuta kaliyan Kotbuta saking Blambangan, nanging piyambakipun saged nglajengaken lampahipun kanthi pitulungan kalih réncangipun, inggih punika Sabdapalon kaliyan Nayagénggong. Dumugi ing Blambangan, Damarwulan mlebet mawi ajian panglémunan dhumateng Keputrèn, papan dununging garwa ampilipun Ménak Jingga. Dèwi Susilawati kaliyan Dèwi Sasmitaningrum kagèt katekanan Damarwulan tur kesengsem dhumateng piyambakipun. Ménak Jingga muring meruhi garwa ampilipun caturan kaliyan Damarwulan. Piyambakipun njotos Damarwulan ngantos semaput. Ménak Jingga ingkang taksih lungkrah saking paprangan mikir menawi Damarwulan sampun séda, lajeng lèrèn ing kasur sari. Kekalih garwa ampil Ménak Jingga nulungi Damarwulan ingkang kinira séda. Damarwulan lajeng tangled babagan karingkihaning Ménak Jingga, inggih punika pusaka wesi kuning. Kekalih garwa ampil wau lajeng mundhut pusakanipun. Ménak Jingga ingkang nembé tilem dipun pejah déning Damarwulan kanthi satunggal serangan.[13][14]

Damarwulan Jumeneng Nata[besut | besut sumber]

Damarwulan kondur bali dhumateng Majapait, nanging dipun cegat déning Layangséta kaliyan Layangkumitir. Kekalihipun gadhah akal ala kagem ngrebut sirahipun Ménak Jingga minangka bukti pejahipun tiyang mbaléla punika. Kekalihipun dumugi ing Majapait ndhaku ingkang mejahi Ménak Jingga punika piyambakipun pribadi, nanging Kencanawungu boten mitadosi jalaran piyambakipun sampun pikantuk wangsit saking déwata ageng ngenani tiyang ingkang saged mejahi Ménak Jingga namung Damarwulan kémawon. Damarwulan ingkang nembé dugi mbekta buktinipun ingkang nentremaken manahipun Kencanawungu.[13]

Salajengipun, Damarwulan winisuda dados panggantosing Ménak Jingga saha piyambakipun dados garwanipun Kencanawungu, wondéné Dèwi Anjasmara ugi taksih dados garwanipun Damarwulan. Kajawi punika, kekalih garwa ampil Ménak Jingga, Dèwi Susilawati kaliyan Dèwi Sasmitaningrum, inggih dados garwanipun Damarwulan. Wondéné Layangséta, Layangkumitir, kaliyan wadyabala Ménak Jingga dipun apunteni klénta-klèntunipun. Kagem mèngeti kamimpanganing Majapait, para rawuh dipun aturi tuguran (melèk wengi) kaliyan hura-hura.[15]

Ugi pirsanana[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Pramutomo 2021, kc. 87.
  2. a b c d "Langendriya, Opera Tari Gaya Yogyakarta". Kraton Ngayogyakarta. 11 Dhésèmber 2019. Dibukak ing 25 Fèbruari 2023.
  3. "Langendriya Yogyakarta". Warisan Budaya Takbenda Indonesia. Dibukak ing 25 Fèbruari 2023.
  4. Pramutomo 2021, kc. 83.
  5. Wardhana 2019, kc. 111.
  6. Pramutomo 2021, kc. 86.
  7. "Langendriya". Dinas Kebudayaan Yogyakarta. 4 Maret 2014. Dibukak ing 25 Fèbruari 2023.
  8. Supadma 2011, kc. 26.
  9. a b Supadma 2011, kc. 27.
  10. Supadma 2011, kc. 28.
  11. a b c Supadma 2011, kc. 29.
  12. Pramutomo 2021, kc. 88.
  13. a b c Supadma 2011, kc. 30.
  14. Wardhana 2019, kc. 110.
  15. Supadma 2011, kc. 31.

Kapustakan[besut | besut sumber]