Menyang kontèn

Kalkulator

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kalkulator ya iku piranti kanggo ngitung kaya ta nggunggung, nyuda, ngepingaké, mara lan sapanungalané.[1] Uga ana kang kanggo ngitung èlmu Sains kaya déné Matématika, ana ing kalkulator wis ana rumus-rumusé.[1] Ing jaman saiki akèh piranti-piranti èlèktonik sing nggunakaké piranti kalkulator kaya ta komputer, handphone.[1] Kalkulator iku nganggokaké arus listrik saka batu baterai.[2] Uga ana pira kalkulator sing ora nganggokaké batu baterai.[2]

Kalkulator iki manut karo ènergi tenaga surya ya iku srengéngé.[2] Kalkulator cara kerjané rikat banget lan ora bisa nggawé salah, saliyané dhéwé sing salah ngelbokaké angka utawa nutul tombolé.[2]

Sajarah Kalkulator

[besut | besut sumber]

Kira-kira 5000 taun lawasé, ana piranti ngitung tradhisional dan kalkulator mekanik, Abacus, teka ing Asia.[2] Lha taun iku diarani tekané mesin komputasi.[2]

Taun 1642, Blaise Pascal sing pas wektu iku umuré 18 taun, nemu apa sing diarani kalkulator roda numerik kanggo mbiyantu Bapaké ngitung pajak.[2] Piranti sing diarani Pascaline iki nggunakaké wolung roda puter bergerigi kanggo njumlahkan wilangan nganti wolung digit.[2]

Taun 1694 salah sawijiné matematikawan lan filsuf Jerman, Gottfred Wilhem von Leibniz mbenèkaké Pascaline karo nggawé mesin sing bisa ngepingaké.[2] Pada kaya Pascaline, piranti mekanik iki uga nganggo roda-roda gerigi.[2]

Taun 1820 Charles Xavier Thomas de Colmar nemu mesin kang bisa minangka patang fungsi.[2] Ya iku aritmatik dhasar kanggo njumlah, nyuda, ngepin lan mbagi.[2] Wiwit tinemu piranti iku diarani arithometer, banjur kalkulator mekanik pas jaman iku wis kondhang.[2] Saka kemampuane uga bisa luwih kepénak saka kalkulator sadurungé,arithometer akèh digunakaké nganti mangsa Perang Dunia I.[2] Taun 1892 William Burroughs, manuhaké kalkulator kang luwih kondhang.[2]

Taun 1903 John V. Atanasoff lan Clifford Berry nyoba gawé komputer elektrik kang nerapaké aljabar Boolean,itungan matematika kang bisa dinyatakaké bener utawa salah.[2] Taun 1931 Vannevar Bush nggawé kalkulator kanggo ngrampungaké persamaan differensial.[2] Mesin mau bisa ngrampungaké itung-itungan kang luwih ruwet, wujudé mesin uga gedhé lan abot amarga atusan gerigi lan porose kang dibutuhaké kanggo ngitung.[2] Taun 1935 ana insinyur konstruksi saka Jerman ya iku Konrad Zuse uga nggawé kalkulator mekanik kanggo nangani itungan matematik ana ing profesiné kang dirampungaké taun 1938.[2] Saiki ing bebrayan wis nganggokaké kalkulator kang kepénak lan gampang digawa ana ing endi-endi.[2]

Jinis-jinis Kalkulator

[besut | besut sumber]
Kalkulator Ilmiah
Kalkulator Biyasa

Ana warna-warna jinis kalkulator.[2] Nanging sing palin umum ana rong jinis, ya iku kalkulator ilmiah lan kalkulator biyasa.[2] Cara mbédakaké rong jinis mau gampang, nèk kalkulator ilmiah racaké duwé tombol-tombol sing luwih akèh tinimbang kalkulator biyasa.[2] Iki disebabaké amarga kalkulator ilmiah minangka mbiyantu ngrampungaké soal perhitungan kang luwih rumit.[2] Kalkulator biyasa ora bisa diprogram,dhèwèké minangka ngitung sing gampang-gampang utawa prasaja kaya ta njumlah, nyuda, ngeping, mbagi.[2] Kalkulator ilmiah racaké dijangkepi karo sistem kang luwih canggih saéngga bisa diprogram kanggo nyimpen rumus-rumus matematika.[2]

Untung Rugi nggunakaké Kalkulator

[besut | besut sumber]

Saben barang mesti duwé sisih positif dan négatif.[2] Semono uga karo kalkulator,sisih positifé nggunakaké kalkulator kanggo mbiyantui ngitung ya iku ngirit wektu.[2] Dhéwé langsung nutul angka-angka kang dipéngini lan langsung olèh hasilé.[2] Kalkulator uga duwé sisih négatif.[2] Bilih asring nggunakaké kalkulator, bisa dadi ngampangaké lan uga dadi males mikir utawa ngitung nganggo utek.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c http://www.sisilain.net/2011/01/pengertian-kalkulator.html (diundhuh tanggal 29 Agustus 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae http://www.berani.co.id/Artikel_Detail.aspx?ID=4524[pranala mati permanèn] (diundhuh tanggal 3 September 2011)