Kakawin Ghaṭotkacâśraya
Kakawin Ghaṭotkacâśraya utawi Kakawin Gathotkacasraya punika satunggaling kakawin ing basa Jawi Kina. Kakawin puniki dipunserat ing abad kaping 12 Masèhi déning mpu Panuluh nalika jumenengipun prabu Jayakreta ing Kedhiri. Kakawin puniki nyariyosaken lelampahipun radèn Abimanyu lan dhaupipun kaliyan Siti Sundari nalika para Pandhawa dipunbucal ing wana 12 taun. Kakawin puniki amot 50 pupuh.
Isi
[besut | besut sumber]Kakawin Gathotkacâsraya dipunwiwiti déning satunggaling manggala ingkang katur kanggé dèwa Késawa saha prabu Jayakreta ingkang kaanggep titisanipun bathara Wisnu.
Lajeng kakawin puniki anyariyosaken[1] nalika para Pandhawa nglampahi padhendhan ukuman bucalan 12 taun. Kala samanten sang Abimanyu tinitipaken wonten ing Dwarawati. Piyambakipun saged ngèngèr saha bekti sanget dhateng ing uwanipun, prabu Kresna. Sang prabu inggih tresna marang piyambakipun.
Malah saupami sang Abimanyu dhaupa kaliyan déwi Siti Sundari, prabu Kresna inggih rena kémawon. Nanging déwi Siti Sundari sampun kelajeng kapacangaken kaliyan radèn Laksana-Kumara, putra ing Ngastina. Déné sang Abimanyu pancèn inggih mempeng dhateng sang Siti Sundari, sarta kanggé nyamur gandrung, remenanipun mlampah-mlampah wonten ing wana.
Satunggaling dinten déwi Siti Sundari inggih gadhah kepéngin tindak dhateng wana, kaparingan lilah ingkang rama, lajeng mangkat kaliyan para pandhèrèk èstri. Prabu Kresna piyambak ugi lajeng tedhak lalana dhateng wana.
Kapinujon salebetipun medal mlampah-mlampah dhateng wana punika sang radèn Abimanyu kepanggih kaliyan dèwi Siti Sundari ngantos kaping kalih; temtu kémawon bilih ingkang makaten wau andadosaken sampyengipun dèwi Siti Sundari kaliyan radèn Abimanyu.
Sareng sampun wangsul wonten ing kadhaton, dèwi Siti Sundari kintun serat dhateng sang Abimanyu, pratéla boten seneng yèn kadhaupna kaliyan sang Laksana-Kumara; serat wau dipun-kanthèni gantèn saha borèh. Radèn Abimanyu lajeng pados akal supados saged papanggihan radi dangu kaliyan sang putri. Sang Abimanyu samadi, kerawuhan bathara Kamajaya sagarwa, maringi sekar, ingkang saged ngreksa kawilujenganipun radèn Abimanyu ing salebeting pepanggihan. Nalika sang hyang Kamajaya badhé muksa malih, punika sang Abimanyu cèwèt boten ngaturi bekti dhateng dèwi Ratih. Sang dèwi duka, radèn Abimanyu dipun-sapatani, nyuwun ngapunten, inggih lajeng dipunparingi.
Radèn Abimanyu ing sasampunipun punika saged lumebet ing patamanan kadhaton, kepanggih kaliyan dèwi Siti Sundari. Nanging jebul konangan. Sang Baladéwa mireng duka sanget, radèn Abimanyu dipuntundhung. Lajeng piyambakipun késah kadhèrèkaken pun Jurudyah. Wonten ing satunggaling candhi Siwah sang radèn nyipeng, wasana kedhatengan raksasa kalih. Sang radèn dipun-cepeng badhé dipunaturaken minangka dhaharipun bathari Durga. Danawa kalih kabur ambekta sang radèn saha pun Jurudyah. Dumugi ngarsanipun bathari Durga, sang radèn badhé dipundhahar, nanging boten saèstu, amergi sang radèn katingal bekti sanget. Wasana radèn Abimanyu kadhawuhan dhateng ing karaton Purabaya, kadhatonipun radèn Gathotkaca. Sarèhné tebih, sang radèn kaliyan Jurudyah dipun-gendhong danawa kalih wau, kabekta mabur. Dumugi ing Purabaya, sang radèn dipunsèlèhaken wonten ing patamanan. Wonten ing ngriku sang radèn kepanggih kaliyan danawa, juru tamanipun sang Gathotkaca. Danawa nesu, nanging lajeng lilih manahipun, awit dipunpratélani, bilih sang Abimanyu boten badhé ndamel resah, namung badhé sowan dhateng radèn Gathotkaca, pun Jurudyah ingkang nggelaraken saprelunipun. Sang Gathotkaca sagad badhé mitulungi supados kedumugen karsanipun radèn Abimanyu.
Sareng sampun mèh tempuking damel, para Korawa ngarak pangantèn dhateng Dwrawati. Sang Siti Sundari sampun bingung, mèh badhé suduk slira, nanging angsal wisiking déwa, yèn badhé saèstu dhaup kaliyan radèn Abimanyu.
Radèn Gathotkaca saha bala mangkat dhateng Dwarawati, lereb wonten wana sacelaking nagari. Radèn kalih sang Gathotkaca saha sang Abimanyu nitih kréta mabur njujug ing patamanan, kepanggih dèwi Siti Sundari. Ing jawi para tamu sampun sami suka-suka pista. Sang dèwi kaliyan radèn Abimanyu kadhawuhan nitih kréta mabur, oncat saking kadhaton. Sang Gathotkaca boten késah saking patamanan, badhé mejahi sang Laksana manawi dhateng. Saoncatipun dèwi Siti Sundari kaliyan radèn Abimanyu, radèn Gathotkaca mindha-mindha sang Siti Sundari.
Raksasa anama Bajradanta, anakipun raksasa Baka, ingkang dipunpejahi déning sang Bima, badhé males ukum. Akalipun sang Gathotkaca dipunwadulaken dhateng sang Kurupati. Sang Bajradanta lajeng nyuwun lilah mindha-mindha sang Laksana Kumara. Pangantèn jaler palsu dipunarak dhateng panggènaning pangantèn èstri. Sareng panggih lajeng rangkulan, gapyuk; pangantèn jaler ngangkah pejahipun pangantèn èstri, ingkang èstri samanten ugi, nanging menang pangantèn èstri ingkang lajeng badhar dados radèn Gathotkaca, mabur. Para Korawa sami lumajeng.
Prabu Kurupati angempalaken bala lajeng perang kabantu déning prabu Baladéwa, mengsah santana ing Dwarawati, kabantu radèn Gathotkaca. Sareng para Korawa katingal keseser, prabu Baladéwa triwikrama nenggalanipun dipunobat-abitaken medal sawarnining danawa, détya, raksasa, sapanunggilanipun.
Ing nalika punika bagawan Narada tumedhak dhateng dunungipun prabu Kresna, taksih wonten ing wana, dipundhawuhi kondur. Prabu Kresna lajeng ngrerapu ingkang raka. Sasampunipun lilih lajeng boten wonten prakawis, tur sang Abimanyu saèstu dhaup kaiyan dèwi Siti Sundari.
Lajeng kakawin puniki tinutup déning satunggaling panutup.
Prekawis judhul
[besut | besut sumber]Kakawin puniki dipunarani Gathotkacasraya amergi radèn Gathotkaca awèh sraya utawi pitulung marang Abimanyu. Kakawin puniki ugi gadhah judhul alternatif Ghaṭotkacaśaraṇa.
Analisis
[besut | besut sumber]Manggala lan épilog
[besut | besut sumber]Mpu Panuluh anggènipun nyerat kakawin Gatotkacasraya sampun sepuh lan miturut Poerbatjaraka sampun sawatawis kesel agesang ing donya.[2] Poerbatjaraka andhedhasaraken idhepipun ing manggala lan épilogipun kakawin puniki. Manggala saha épilogipun makaten:
Tèks Jawa Kina | Jarwa |
---|---|
1 a. Tunggal mūlani tattwaning kalĕngĕngan sinamaya paramārtha durlabha 1 b. Lumrā sedran anūkṣma ring daśadigantara tinuduh i lĕnglĕng ing hiḍĕp 1 c. Lot pinrākṛta ring karas rinacana stuti kakawin amūrti ng akṣara 1 d. Manggĕh sādhana sang kawīśwaran asādhya kalĕpasani sandhining mangö |
1 a.... 1 d. Pantes dados pirantosipun sang Kawiswara anggènipun sumedya ngudari gagandhènganing seneng |
2 a. Milwâbhyāsa mara ngwang amrih amutĕr tanah ataki-taki pralāpta 2 b. Déning jñāna kĕdö jugâmalar anĕmwakĕna rasa rahaṣyaning mango 2 c. Nāhan kāraṇani nghulun cumaṭakā manam-anama kathârjunâtmaja 2 d. Mon sĕnggan apa denya donika silunglunganing umulihêng Smarālaya |
2 a.... 2 d. Manawi dipunwada, inggih badhé punapa malih; prelunipun namung kanggé sangu mantuk dhateng ing kahyangan bathara Asmara |
3 a. Śrī bhūpāla Jayakṛta prabhu wiśeṣa tuhu-tuhu bhaṭāra Keśawa 3 b. Khyāti n Kṛṣṇa sirêki ngūni muwah angdadi pinakasurakṣaning jagat 3 c. Wetning duhkha ri śīrṇaning bhuwana tan hana phalani gawé Prajāpati 3 d. Hyang Rudrâmralayākĕn ing kapana yèn tan aradina ya tan sirâsiha |
3 a. Sri Bupala Prabu Jayakreta ingkang kumawasa pancèn leres titisaning déwa Késawa 3 b. Misuwur kados Kresna rumiyin malahan ugi dados pangraksaning jagat ... |
4 a. Wyaktinya ng kalanârurĕk paḍa silih tĕwĕk arĕbut ulah kaduṣkṛtan 4 b. Nāhan marma bhaṭāra Wiṣṇu mangadĕg ratu rumawasikang durātmaka 4 c. Manggĕh kīrtinira n mapañji Madaharṣa maluyakĕn ikang jagatkṛta 4 d. Yajña mwang yaśa dāna śāstra winiweka muwah awungu sang hyang āgama |
4 a.... |
5 a. Towi pwa n sama len Wṛhaspati pangajyanira nipuṇa śāstrapāraga 5 b. sūkṣmâtīndriya dūra dady anupameng guṇa paramawidagdha nītiman 5 c. nāhan kāraṇaning jagat praṇata bhakti ri haji musuh awri sāk hilang 5 d. āpan śakti narendra sāgni dinulurning angin i hana sang yatiśwara |
5 a.... |
6 a. Nora pwānukĕra ng manah narapati n huwus sinawungirêng pralāpita 6 b. Ngwang sinwī kinĕdönira wruha matangyak angikĕti kathârjunātmaja 6 c. Ndah śrī Kṛṣṇa ta tūtĕn ing carita tulya haji gati gatinirâdimanggala [...] |
6 a |
Cathetan suku
[besut | besut sumber]Sumber lan wawaosan salajengipun
[besut | besut sumber]- Kodhe basa ora trep. R. Ng. Poerbatjaraka. 1952. Kapustakan Djawi. Djakarta/Amsterdam: Djambatan
- E. Wieringa. 2000. "Mpu Panuluh's puzzling panakawans: do clown-servants feature in the Old Javanese kakawin Gatotkacâsraya?" in: Bulletin of the School of Oriental and African Studies, University of London, vol. 63 (2000), issue 2, page 248-260 ISSN 0041-977X
- P.J. Zoetmulder. 1974. Kalangwan. The Hague: Martinus Nijhoff ISBN 90-247-1674-8
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |