Astana Siak Sri Inderapura

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Pura Siak

Astana Siak utawi Astana Siak Sri Inderapura punika mapan wonten Riau lan kalebet dalem Sultan Siak kanthi resmi ingkang wiwit kabangun nalika taun 1889 inggih punika nalika masa pamaréntahan Sultan Syarif Hasyim. Astana punika kalebet tilaran saking Kesultanan Siak Sri Inderapura ingkang pungkasan dipunyasa nalika taun 1893. Sapunika astana ingkang gadhah jejuluk Pura Matahari Timur punika kalebet wewengkon administrasi pamaréntahan Kabupatèn Siak [1].

Komplèks astana Siak Sri Inderapura punika wiyaripun kirang langkung 32.000 mèter persegi lan kapérang dados 4 astana. 4 Astana punika inggih Astana Siak, Astana Lima, Astana Padjang, lan Astana Baroe. Astana Siak piyambak gadhah wiyar 1.000 mèter persegi.

Astana Siak[besut | besut sumber]

Pura Siak punika dados pusating objek wisata amagrgi kalebet harta warisan budaya Melayu. Sedaya barang-barang tilaranipun dipunopeni sanget [2].Astana Siak gadhah arsitèktur kanthi corak Melayu, Arab, lan Éropah. Wangunan astana punika kapérang dados kalih lantai. lantai ngandhap kapérang malih dados enèm ruangan sidang, ruang kanggé tamu, ruang tamu ingkang dipunhormati, ruang tamu kakung, ruang tamu kanggé priyantun èstri, satunggal ruangan sisih tengen punika ruang sidang karajan, ugi kaginakaken kanggé pista.

Wangunan ingkang ngandhut aji sajarah punika pungkasan kabangung nalika taun 1889. Ing témbok astana punika kahiasi kaliyan keramik mirunggan damelan Perancis [3]. Koleksi barang antik sanèsipun sapunika dipunsimpen wonten ing Museum Nasional Jakarta, Astananipun piyambak nyimpen duplikat saking koleksi mau. Koleksi antik ing Astana Siak punika kados ta: Keramik saking Cina, Éropah, kursi-kursi kristal damelan taun 1896, Patung perunggu Ratu Wihemina ingkang kalebet bebungah Karajan Walanda, patung pualam Sultan Syarim Hasim I kanthi mata berlian damelan taun 1889, perkakas kados sendok, piring, gelas, cangkir kanthi lambang karajan Siak ingkang taksih wonten ing astana.

Ing pucukin yasan wonten 6 patung manuk garudha minangka lambang kewantunan astana. Ing sakiwa tengenipun astana taksih wonten 8 meriyam ingkang nyebar dhateng sisih-sisih plataran astana, ing sisih kiwa wingking astana wonten yasan alit minangka kunjara sawatawis.

Kajawi Astana Siak, wonten ugi yasan-yasan ingkang ngandhut aji sajarah ing kiwa-tengené Astana Siak kados ta:

  • Kreteg Siak

Kreteg punika wonten ing kiwa-tengené 100 mèter saking sisih tenggara kompleks Astana Siak Sri Indrapura. Kreteg mau kanthi angka taun 1899. Ing sangandhaping kreteg wonten parit utawi lèpèn.

  • Balai Kerapatan

Balai Kerapatan Astana Siak ing masa pamaréntahan Sultan Assyaidisyarif Hasyim Abdul Jalil Syarifuddi ing taun 1889. Wangunan mau madep kali (kidul). Tangga kanggé mlebet yasan kadamel saking beton. Balai Kerapatan Astana Siak kala rumiyin ginanipun kanggé papan pepanggihan (sidang) Sultan kaliyan Panglima-panglimanipun.

  • Masjid Syahabuddin

Punika kalebet masjid Karajan Siak, ingkang dipunyasa nalika pamaréntahan Sultan Kasim I. Masjid kanthi dénah 21,6 x 18, 5 mèter punika asring dipunéwahi nanging tetep nahan wujud aslinipun.

  • Makam Sultan KAsim II

Makam punika mapan wonten ing wingkingipun Masjid Syahabudddin. Jirat makamipun awujud 4 undak saking tegellan marmer kanthi dawa 305 cm lan wiyar 153 cm lajeng dhuwur 110 m. Nisanipun saking kayu kanthi motif sulur. Bentukipun bunder silinder kanthi sudut 8 lan diameter 26 cm lan kelopak kembang teratai [1].

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b [1], (id) Pura Siak Sri Indrapura (dipun-akses tanggal 24 Dhésèmber 2012).
  2. [2], (id) Pura Siak Sri Indrapura (dipun-akses tanggal 24 Dhésèmber 2012).
  3. [3], (id) Sajarah Melayu Islam di Pura Siak (dipun-akses tanggal 24 Dhésèmber 2012).