Kèju swiss

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Kèju Swiss)
Panyimpanan keju Gruyere ing sawijining pabrik ing Switserlan.

Kèju Switserlan ya iku jinis kèju lokal kang diprodhuksi ing nagara Switserlan.Switserlan nganti sakiki produksi punjul 450 jinis keju.[1] Gawe keju wis dadi tradisi atusdan taun ing Switserlan. Switserlan duwé lemah kang kebak suketan. Watara 80% lemahe cocog kanggo tani, uga digunaake kanggo angon ternak.

Keju-keju swiss kang misuwur ing antarané Appenzell, Bellelay utawa Tête de Moine, Emmental, Fribourgeois, Gruyère, Saanen, Sapsago, Sbrinz, lan Vacherin-Fribourgeois.[2] Keju Switserlan kang dikenal ing donya duwé ciri-ciri khas ya iku wernane kuning pucet, ngandhut sithik rasa kacang, lan teksture bolong-bolong.

Bolongan ing kèju Switserlan[besut | besut sumber]

Keju swiss duwé rupa kang khas béntuke kotak kandel, akèh bolongane lan rasané gurih.Saben keju ngandhut bakteri kang béda-béda. Kaya ing keju Switserlan, bakteri Streptococcus thermophilus, Lactobacillus dan Propionibacterium shermani dicampur déning susu sapi. Bakteri mau bisa ndadeake susu dadi kenthel, diselehake sajeroning cithakan banjur dikum ing banyu uyah.[3]

Sabanjure keju Switserlan disimpen sajeroning panggonan kang suhune 26,7 derajat celcius nganti mateng. Nalika prosès iki bakteri ngeculke asem laktat kang ngandhut gas. Sawisé prosès iki keju lagi bisa dikonsumsi.

Bakteri Propionibacterium shermani ngetoake karbondioksida lan mbéntuk asem laktat uga mbéntuk gelembung sajeroning keju. sawisé gelembung pecah kabéntuk kanthong udara cilik utawa bolongan-bolongan ing keju Switserlan. Tekstur bolong iki kang dadi ciri khas keju Switserlan.[3]

ukuran bolongane bisa diatur nalika prosès panggawéane. kang paling dadi prabawa ya iku suhu, keasaman, lan suwéné prosès nyimpene. Ing taun 2000, FDA (Food and Drug Administration) ngukuhaké lan ngatur dhiameter bolongan ing keju Switserlan ya iku watara 2,54 cm.[3]

Susu kang digunaake[besut | besut sumber]

Sapérangan gedhé keju swiss digawé saka susu sapi.Hal iki disebabake amarga jumlah wedhus kang luwih sithis katandhing jumlah sapi ternak. Ing taun 1999, Switserlan produksi 134,000 ton keju saka susu sapi lan mung 245 ton keju saka domba lan wedhus.[4]

AOC[besut | besut sumber]

Kanggo njaga kualitas keju-keju Switserlan lan produk-produk liyané, digawé sawijining katentuan kang ngatur lan ngukuhaké standar saka keju Switserlan.[5] Katentuan iku karan Appellation d’Origine Contrôlée (AOC) atau Katentuan kang nglindungi asal-muasal.[5] AOC kang njamin kualitas dhuwur saka produk kang diéntuki, diprodhuksi lan diproses ing laladan asal.

Pratélan keju sertifikasi AOC[besut | besut sumber]

ing ngisor iki pratélan keju kang olèh sertifikasi saka AOC:[5]

  • L'Etivaz
  • Sbrinz
  • Le Gruyère
  • Vacherin Fribourgeois
  • Emmentaler
  • Tête de Moine
  • Vacherin Mont-d'Or
  • Formaggio d'Alpe Ticinese
  • Berner Alp-und Hobelkäse

Macem-macem kèju Switserlan[besut | besut sumber]

Gruyère Premier Cru

jinis-jinis keju swiss ing antarané:[6]

  • Appenzeller: Keju Switserlan kang diasinake sajeroning sari apel utawa anggur putih lan bumbon crakèn sadurungé dimatengake. Luwih teles lan creamy katandhing emmenthaler nanging aromane luwih kuat gruyere. Diproduksi abad 11 déning monks. Minangka keju kang akèh paedahe..
  • Battelmatt: Keju Switserlan, persis aroma tilsiter
  • Bitto: Keju rada atos persis kaya fontina. Nalika mateng kejune luwih atos lan luwih wangi.
  • Emmenthaler (emmenthaler utawa emmentaler): Rasane legi kaya kacang. Atos, warna kulite soklat emas alus.
  • Gaiskasli: Keju kang digawé saka susu wedhus lan lembut.
  • Gruyère: Keju Switserlan kang paling legi kanthi rasa kaya kacang. Lembut, ante plan dimatengake kanthi cara alami.
  • Krauterkäse: Digawé saka susu skim kanthi tambahan bumbon crakèn.
  • Mutschli: Keju kang wernane krem rada rada empk lan lembut
  • Saanen: Keju Switserlan kang atos lan garing, rasané pada karo gruyere.
  • Sapsago: Keju Switserlan kang at9s lan ora duwé kandhutan lemak, aroma bumbon crakèn.
  • Sbrinz: Sawijining keju kang tuwa dhéwé kang digawé ing Switserlan. Keju kang tuwa, atos lan duwé tekstur. Duwe kandhutan lemak kang dhuwur.
  • Schabzieger: Keju Switserlan kang atos, karan uga “keju hijau” amarga ditambahi bubuk semanggi, digawé saka susu skim kecut.
  • Tête de moine: Keju Switserlan kang atos kanthi rasa lan aroma kang kuat, digawé saka susu sapi.
  • Vacherin: Vacherin mont d'or digawé namung setahun kaping pisan ing Switserlan.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]