Japa-mantra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Japa-mantra (Carakan: ꦗꦥꦩꦺꦴꦤ꧀ꦠꦿ) iku ana sajroning kabudayan Jawa awujud unèn-unèn, tetembungan, utawa ukara kang pinercaya nduwèni daya magis. Istilah japa-mantra uga ateges donga (ꦢꦺꦴꦔ), sidikara (ꦱꦶꦢꦶꦏꦫ), utawa aji-aji (ꦲꦗꦶꦲꦗꦶ). Anggoné ngrapal japa-mantra bisa katujokaké marang Gusti, déwa-dèwi, makluk bangsa jin, barang klenik, tuwin marang dhiri pribadi utawa wong liya.[1] Laku japa-mantra mèh waé bisa ditemoni ana ing sakabèhané tradhisi agama utawa kapitayan ing Jawa (lan uga kabudayan bangsa liyané).

Ètimologi[besut | besut sumber]

Ing basa Jawa tembung japa-mantra kalebu tembung saroja, kang ateges rangkepan rong tembung kang nduwèni teges saèmper utawa mèh padha tegesé. Tembung japa-mantra kadadèn saka rong tembung, yaiku tembung 'japa' lan 'mantra', kang karoné iku nduwèni teges unèn-unèn, tetembungan, ukara utawa donga.[2] Istilah japa-mantra uga saèmper karo tembung donga, sidikara, aji-aji, lan rapal.[1]

Rapal[besut | besut sumber]

Istilah rapal mligi dianggo kanggo ngarani pocapan kang wujud unèn-unèn.[1] Lumrahé rapal bisa dipérang miturut objèk kang dipuja, ing antarané yaiku:

  • Rapal kang ditujokaké marang Gusti/déwa-dèwi kanthi gegayuhan amrih apa kang dikarepaké bisa kasembadan.
  • Rapal kang ditujokaké marang dhiri pribadi amrih badané bisa disurupi daya magis, saéngga awaké malih dadi kuwat lan digdaya.
  • Rapal kang ditujokaké marang wong liya amrih badané wong liya iku disurupi daya magis utawa amrih nulak bala saka jroning wong iku.
  • Rapal kang ditujokaké marang barang amrih barangé iku mau nduwèni daya magis utawa amrih ngilangi daya magis saka jroning barang iku.
  • Rapal kang ditujokaké marang makluk gaib utawa lelembut amrih ngundang apadéné nulak lelembut iku mau.

Rajah[besut | besut sumber]

Istilah rajah mligi dianggo kanggo ngarani kertas utawa dluwang tipis isiné japa-mantra kang wujud tulisan apadéné gambar.

Jimat[besut | besut sumber]

Jimat iku barang kang sengaja diwènèhi daya magis sarana diwacakaké japa-mantra.

Panulak bala[besut | besut sumber]

Rapal japa-mantra kang dirapalaké iku pinercaya déning sapérangan masarakat bisa nulak bala. Salah sijiné yaiku rapal mantra kang kamot sajroning tembang Dhandhanggula iki:[1]

꧋ꦲꦤꦏꦶꦢꦸꦁꦫꦸꦩꦼꦏ꧀ꦱꦲꦶꦁꦮꦼꦔꦶ꧈ꦠꦼꦒꦸꦃꦲꦪꦸꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦠꦲꦶꦁꦭꦫ꧈ꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦠꦧꦶꦭꦲꦶꦏꦧꦺꦃ꧈ꦗꦶꦩ꧀ꦱꦺꦠꦤ꧀ꦢꦠꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀​ꦥꦤꦼꦭꦸꦃꦲꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦤꦮꦤꦶ꧈ꦩꦶꦮꦃꦥꦁꦒꦮꦺꦲꦭ꧈ꦒꦸꦤꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦭꦸꦥꦸꦠ꧀​ꦒꦼꦤꦶꦲꦠꦼꦩꦃꦲꦤ꧀ꦠꦶꦂꦠ꧈ꦩꦭꦶꦁꦲꦢꦺꦴꦃꦠꦤ꧀ꦮꦤꦶꦥꦼꦫꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦩꦶ꧈ꦏꦼꦩꦠ꧀ꦢꦸꦢꦸꦏ꧀ꦥꦤ꧀ꦱꦶꦂꦤ꧉

Ana kidung rumeksa ing wengi | teguh ayu luputa ing lara | luputa bilai kabèh | jim-sétan datan purun | paneluhan tanana wani | miwah panggawé ala | gunané wong luput | geni atemahan tirta | maling adoh tan wani perak ing kami | kemat-duduk pan sirna

꧋ꦱꦏꦺꦃꦭꦫꦲꦥꦤ꧀ꦱꦩꦾꦧꦭꦶ꧈ꦱꦏꦺꦃꦲꦩꦥꦤ꧀ꦱꦩꦾꦩꦶꦫꦸꦢ꧈ꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦱꦶꦃꦥꦤ꧀ꦢꦸꦭꦸꦤꦺ꧈ꦱꦏꦺꦃꦲꦶꦁꦧꦿꦗꦭꦸꦥꦸꦠ꧀​ꦏꦢꦶꦏꦥꦸꦏ꧀ꦠꦶꦧꦤꦶꦁꦮꦼꦱꦶ꧈ꦱꦏꦺꦃꦲꦶꦁꦮꦶꦱꦠꦮ꧈ꦱꦠꦺꦴꦒꦭꦏ꧀ꦠꦸꦠꦸꦠ꧀​ꦏꦪꦸꦲꦲꦺꦁꦊꦩꦃꦱꦔꦂ꧈ꦱꦺꦴꦁꦔꦶꦁꦭꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦒꦸꦮꦤꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦊꦩꦃꦩꦶꦫꦶꦁ꧈ꦩꦾꦁꦥꦏꦶꦥꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦩꦼꦫꦏ꧀꧈

Sakèh lara apan samya bali | sakèh ama pan samya miruda | welas-asih panduluné | sakèhing braja luput | kadi kapuk tibaning wesi | sakèhing wisa tawa | sato galak tutut | kayu aèng lemah sangar | songing landhak guwaning wong lemah miring | myang pakiponing merak ||

꧋ꦥꦒꦸꦥꦏꦤ꧀ꦤꦶꦁꦮꦫꦏ꧀ꦱꦏꦭꦶꦂ꧈ꦥꦤ꧀ꦮꦶꦕꦫꦲꦶꦁꦱꦒꦫ꧈ꦠꦼꦩꦃꦲꦤ꧀ꦫꦲꦪꦸꦏꦧꦺꦃ꧈ꦢꦢꦾꦱꦫꦶꦫꦲꦪꦸ꧈ꦲꦶꦁꦔꦶꦢꦼꦂꦫꦤ꧀ꦥꦿꦮꦶꦢꦢꦫꦶ꧈ꦫꦶꦤꦼꦏ꧀ꦱꦩꦭꦲꦺꦏꦠ꧀​ꦱꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦫꦱꦸꦭ꧀​ꦥꦤ꧀ꦢꦢꦶꦱꦫꦶꦫꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦲꦠꦶꦄꦢꦩ꧀ꦲꦸꦠꦼꦏ꧀ꦏꦸꦨꦒꦺꦤ꧀ꦝꦃꦲꦼꦱꦶꦱ꧀​ꦥꦔꦸꦕꦥ꧀ꦤꦧꦶꦩꦸꦱ꧉

Pagupakaning warak sakalir | pan winaca ing sagara asat | temahan rahayu kabèh | dadya sarira ayu | ingideran pra widadari | rineksa Malaékat | sakathahing Rasul | pan dadi sarira tunggal | ati Adam utekku Bagéndha Esis | pangucap Nabi Musa ||

꧋ꦤꦥꦱ꧀ꦏꦸꦤꦧꦶꦔꦶꦱꦃꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ꧈ꦤꦧꦶꦪꦏꦸꦥ꧀ꦥꦼꦩꦶꦪꦂꦱꦤꦶꦁꦮꦁ꧈ꦪꦸꦱꦸꦥ꧀ꦲꦶꦁꦫꦸꦥꦏꦸꦩꦁꦏꦺ꧈ꦤꦧꦶꦢꦮꦸꦢ꧀ꦱ꧀ꦮꦫꦏꦸ꧈ꦗꦼꦁꦱꦸꦭꦺꦩꦤ꧀ꦏꦱꦼꦏ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦩ꧀ꦩꦩꦶ꧈ꦤꦧꦶꦆꦧꦿꦲꦶꦩ꧀ꦚꦮ꧈ꦆꦢꦿꦲꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦫꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦏꦸ꧈​ꦨꦒꦺꦤ꧀ꦝꦃꦭꦶꦏꦸꦭꦶꦠ꧀ꦠꦶꦁꦮꦁ'ꦒꦼꦠꦶꦃꦢꦒꦶꦁꦄꦧꦸꦧꦏꦂꦈꦩꦂꦤꦼꦁꦒꦶꦃ꧈ꦧꦭꦸꦁꦨꦒꦺꦤ꧀ꦝꦃꦈꦱ꧀ꦩꦤ꧀꧈

Napasku Nabi Ngisa linuwih | Nabi Yakup pemiyarsaningwang | Yusup ing rupaku mangké | Nabi Dawud swaraku | Jeng Suléman kasektèn mami | Nabi Ibrahim nyawa | Idris ing rambutku | Bagéndha Li kulitingwang | getih-daging Abubakar Umar nenggih | Balung Bagéndha Usman ||

꧋ꦱꦸꦁꦱꦸꦩ꧀ꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦠꦶꦩꦃꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ꧈ꦱꦶꦠꦶꦄꦩꦶꦤꦃꦧꦪꦸꦤꦶꦁꦎꦁꦒ꧈ꦄꦪꦸꦥ꧀ꦲꦶꦁꦲꦸꦱꦸꦱꦸꦱ꧀ꦏꦸꦩꦁꦏꦺ꧈ꦤꦧꦶꦤꦸꦃꦲꦶꦁꦗꦗꦤ꧀ꦠꦸꦁ꧈ꦤꦧꦶꦪꦸꦤꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦲꦺꦴꦠꦺꦴꦠ꧀ꦩꦩꦶ꧈ꦤꦺꦠꦿꦏꦸꦤꦧꦶꦩꦸꦲꦩ꧀ꦩꦢ꧀​ꦥꦩꦸꦭꦸꦏꦸꦫꦱꦸꦭ꧀​ꦥꦶꦤꦪꦸꦁꦔꦤ꧀ꦲꦢꦩ꧀ꦱꦫꦏ꧀​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦱꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦥꦫꦤꦧꦶ꧈ꦢꦢꦶꦱꦫꦶꦫꦠꦸꦁꦒꦭ꧀꧈

Sungsumingsun Patimah linuwih | Siti Aminah bayuning angga | Ayup ing ususku mangké | Nabi Nuh ing Jejantung | Nabi Yunus ing otot mami | nétraku ya Muhammad | pamuluku Rasul | pinayungan Adam-sarak | sampun pepak sakathahing para Nabi | dadi sarira tunggal ||

Budaya liya[besut | besut sumber]

Ing sajroné kabudayan saliyané Jawa uga ditemoni istilah japa lan mantra, jalaran sajatiné pancen tembung iku mau asalé saka basa Sangsekarta. Japa (basa Sangsekarta: जप) ateges pocapan kanthi pirang-pirang ambalan kanthi nyebut mantra apadéné asmané Hyang Gusti. Laku kaya mangkéné bisa ditemoni ana sajroning agama Hindhu, Jain, SIkh, Buda, lan Shinto.[3][4][5]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c d Padmosoekotjo, S. (1953). Ngéngréngan Kasusastran Djawa II. Jogjakarta: Hien Hoo Sing.
  2. Poerwadarminta, W.J.S. (1939). Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters.
  3. Beck, Guy L (1995). Sonic theology: Hinduism and sacred sound (ing basa English). Delhi: Motilal Banarsidass Publishers. ISBN 978-81-208-1261-1. OCLC 70479965.CS1 dandani: Basa ora kaweruhan (link)
  4. Chapple, Christopher Key (2016). Yoga in Jainism (ing basa English). ISBN 978-1-317-57217-6. OCLC 927438007.CS1 dandani: Basa ora kaweruhan (link)
  5. Deol, Surinder; Deol, D (1998). Japji: the path of devotional meditation (ing basa English). Washington, D.C.: Mount Meru Books. ISBN 978-0-9661027-0-3. OCLC 39159077.CS1 dandani: Basa ora kaweruhan (link)