Isabelle de Charrière

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Isabelle de Charrière
Potrèt Isabelle de Charrière déning Maurice-Quentin de La Tour, 1771 Saint-Quentin, Aisne, Musée Antoine-Lécuyer
Lair(1740-10-20)20 Oktober 1740
Kastil Zuylen, Utrecht Walanda
Pati27 Dhésèmber 1805(1805-12-27) (umur 65)
Le Pontet, Colombier, Neuchâtel, Prusia
Jeneng pènBelle van Zuylen, Belle de Zuylen, Zélide, Abbé de la Tour
PakaryaNovèlis, pujangga, sandiwarawati
BangsaNèderlan and Switserlan
Situs jaringan
www.charriere.nl www.belle-van-zuylen.eu
Isabelle de Charrière déning Maurice-Quentin de La Tour 1766, Musée d'Art et d'Histoire (Jenéwa).
Belle de Zuylen by Guillaume de Spinny 1759 Kastil Zuylen.
Kastil Zuylen mawa témbok ula-ula.
Isabelle de Charrière by Jens Juel (1777) Musée d'Art et d'Histoire (Neuchâtel).
Le Pontet Colombier, Neuchâtel, Switserlan.

Isabelle de Charrière (20 Oktober 1740 – 27 Désèmber 1805), uga ditepungi mawa Belle van Zuylen ing Walanda, lan lair mawa jeneng Isabella Agneta Elisabeth van Tuyll van Serooskerken, saha diarani [Madame] Isabelle de Charrière ing panggonan liya, iku sawijining pujangga Walanda lan Swis sajroning Jaman Pepadhangan. Dhèwèké urip ing Colombier, Neuchâtel ing paro kapindho uripé. Saiki dhèwèké misuwur déning layang lan romané, senadyan awaké ya nulis pamflèt, musik, lan sandiwara. Dhèwèké uga nduwé klangenan marang masarakat lan pulitik ing jamané, lan karyané sakiwatengené Jaman Révolusi Prancis iku kaanggep wigati.

Babad slira[besut | besut sumber]

Babad urip awal[besut | besut sumber]

Isabelle van Tuyll van Serooskerken iku lair ing Kastil Zuylen cedhak Zuilen ora adoh saka Utrecht, Walanda. Bapakné yaiku Diederik Jacob van Tuyll van Serooskerken (1707–1776), lan ibuné Helena Jacoba de Vicq (1724–1768). Dhèwèké sing tuwa dhéwé lan nduwé adhi enem. Wong tuwané tau ditulis déning pujangga Skotlan James Boswell, nalika iku dadi mahasiswa ing Utrecht lan salah sawijiné wong sing ngoyak awaké. Miturut tulisané bapakné "salah sawijiné priyayi lawas dhéwé ing Pitung Provinsi" lan ibuné "priyayi Amsterdam, sing nduwé dhuwit akèh." Ing mangsa atis padha manggon ing Kutha Utrecht.

Ing taun 1750, Isabelle dikirim menyang Jenéwa lan mangumbara ing Switserlan lan Prancis dikancani karo pendhèrèké Jeanne-Louise Prevost sing abasa Prancis. Prevost ya dadi guru Prancisé saka taun 1746-1753. Amerga namung mituturaké basa Prancis sataun lawasé, Isabelle kudu sinau basa Walanda manèh nalika mulih menyang Walanda. Nanging, basa Prancis panggah dadi basa klangenané salawasé uripe, sing uga bisa nrangaké genéya, nganti suwé karya-karyané ora ditepungi ing tanah klairané dhéwé. Kamangka samesthiné misuwur.

Isabelle bisa nèkmati sekolah luwih akèh tinimbang bocah-bocah wadon sajamané. Déné wong tuwané sing duwé cara deleng liberal, dhèwèké bisa nyinaoni sawetara subyèk sing séjé-séjé kaya ta matématika, fisika, lan sawetara basa kaya ta Latin, Italia, Jerman, lan Inggris. Kepriyé waé awaké iku sawijining siswa sing bregas lan pinter. Dhèwèké mesthi katarik marang musik lan ing taun 1790, dhèwèké miwiti nyinaoni musik. Sing dadi guruné ya sang komposer musik Niccolò Zingarelli.

Nalika umur 14 taun, Isabelle kegandrungan karo Peter Dönhoff, adipati Polen sing agamané Katulik Roma. Nanging émané Peter Dönhoff ora katarik marang Isabelle. Banjur awaké nlangsa atiné lan ninggalaké Utrecht nganti 18 sasi lawasé. Nalika awaké saya tuwa, sawetara wong-wong sing ngoyak padha teka, nanging ditampik amerga mblénjani janji, utawa ngilang siji-siji. Déné awaké luwih unggul. Isabelle nduwé pandemu menawa omah-omah iku sarana kanggo olèh kamardikan. Saliyané iku Isabelle ya péngin omah-omah adhedhasar katresnan.

Isabelle kusus diundang déning Anne Pollexfen Drake lan garwané lètnan jèndral George Eliott supaya mara menyang omahé ing London, ing dalan Curzon Street, Mayfair. Isabelle banjur mawa numpak kapal saka Hellevoetsluis menyang Harwich tanggal 7 Novèmber 1766. Dhèwèké dikancani saduluré lanang Ditie, réwangé wadon Doortje, lan baturé Vitel.

Babad urip sawisé[besut | besut sumber]

Pungkasané ing 1771, dhèwèké rabi karo wong Switserlan ajeneng Charles-Emmanuel de Charrière de Penthaz (1735–1808) sing lair ing Colombier, manten guru pribadi saduluré lanang Willem René, sing urip ing nagara ngamanca saka taun 1763 nganti 1766. Sabanjuré, dhèwèké ditepungi minangka Isabelle de Charrière. Kabèh terus padha manggon ing Le Pontet ing Colombier (cedhak Neuchâtel), sing dituku déning éyangé Béat Louis de Muralt, karo bapak maratuwa François (1697-11780) lan ipé wadoné lor Louise (1731-1810) lan Henriette (1740-1818). Kanton Neuchâtel banjur dipimpin déning Sang Frederick Agung minangka pangéran Neuchâtel ing gabungan pribadi karo Prusia. Kamardikan agama ana ing kono sing nyebabaké akèh para ngungsi nekani kanton Neuchâtel, Jean-Jacques Rousseau, Béat Louis de Muralt lan David Wemyss, Lord Elcho. Kekaroné uga akèh ngentèkaké wektu ing Jenéwah lan Paris.

Layang-layangan[besut | besut sumber]

Isabelle de Charrière lelayangan karo wong akèh, kalebu para intelek kaya ta David-Louis Constant d'Hermenches, James Boswell, Benjamin Constant lan juru pertal Jermané Ludwig Ferdinand Huber.

Ing taun 1760, Isabelle ketemu David-Louis Constant d'Hermenches (1722–1785), upsir Switserlan sing dianggep ing masarakat minangka Don Juan. Sawisé gojag-gajeg, kabutuhané Isabelle kanggo ngungkabaké awaké dhéwé dadi luwih gedhé tinimbang rasa gojag-gajegé. Banjur sawisé ketemu manèh kanggo kapindho, dhèwèké miwiti korèspondhènsi intim lan rahasya sing bakal 15 taun lawasé. Constant d'Hermenches bakal dadi salah siji korèspondhèné sing wigati dhéwé.

Pangripta Skotlan James Boswell kerep nemoni awaké ing Utrecht lan ing Kastil Zuylen rikala taun 1763-1764, nalika James kuliyah kukum ing Univèrsitas Utrecht. Dhèwèké marabi awaké mawa jeneng Zélide, kaya ing foto pribadhiné. James dadi korèspondhèn ajeg, sawetara taun sawisé ninggalaké Walanda, lelungan Wisata Agung. James nulis menawa awaké ora nggandrungi Isabelle. Dhèwèké mangsuli: "Aku sarujuk, amarga aku ora nduwé talènta kanggo ndlosor". Ing taun 1766 dhèwèké ngirim layang lamaran sing isiné karo sarat sawisé ketemu karo saduluré lanang ing Paris, nanging bapa-bapané padha ora sarujuk.

Ing taun 1786, Nyonyah de Charrière ketemu kaponakané Constant d'Hermenches, sang pujangga Benjamin Constant, ing Paris. Dhèwèké bola-bali nekani Isabelle ing Colombier. Ing kono kabèh padha nulis roman lelayangan, lan lelayangan kanthi pungkasané uripé Isabelle. Olèhé Isabelle lelayangan karo juru pertal Jermané Ludwig Ferdinand Huber uga mranani.

Pratélané karyané[besut | besut sumber]

Isabelle de Charrière nulis roman, pamflèt, sandiwara, lan ngripta musik. Mangsané sing prodhuktif dhéwé iku nalika awaké wis manggon sawetara wektu ing Colombier. Irah-irahané kalebu perkara olèhé miyar-miyur marang agama, kabangsawanan, lan panggulawentahing wong wadon.

Roman kapisané, Le Noble, dibabar taun 1763. Isiné satir marang kaum priyayi lan sanadyan buku iki dibabar anonim, jatidhiriné ora let suwé bisa konangan lan wong tuwané narik buku iki saka ideran. Sawisé iku awaké nulis potrèt awaké dhéwé kanggo kanca-kancané: Portrait de Mll de Z., sous le nom de Zélide, fait par elle-même. (1762).

Ing taun 1784 dhèwèké mbabar rong karya fiksi, Lettres neuchâteloises lan Lettres de Mistriss Henley publiées par son amie. Loro-loroné iku arupa roman layang, yaiku wujud sing disenengi lan dibanjuraké. Ing taun 1788 dhèwèké mbabar pamflèté kapisan ngenani kahanan pulitik ing Walanda, Prancis, lan Switserlan.

Minangka wong sing nggandrungi karyané sang filsuf Jean-Jacques Rousseau, Isabelle mèlu ngréwangi publikasi karyané, Confessions, sing dibabar anumerta ing taun 1789. Dhèwèké ya nulis pamflèté dhéwé ngenani Rousseau sakiwatengené mangsa iki.

Révolusi Prancis marai sawetara kaum ningrat lan priyayi ngungsi menyang Neuchâtel lan Mme de Charrière kekancan karo sawetara. Nanging dhèwèké ya mèlu ngritik sikapé para priyayi sing ngungsi iki, dhèwèké nduwé panemu wong kabèh iku ora sinau apa-apa ngenani Révolusi iki.

Dhèwèké uga nulis utawa ngrencanakaké sawetara lirik lan musik, kanggo sawetara kaya musiké, nanging ora ana sing kalestarèkaké, kajaba sawetara fragmèn. Dhèwèké ngirim libretto saka Les Phéniciennes menyang Mozart, ngarepaké dhèwèké bakal dienggo, nanging ora ana wangsulan. Kabèh karya musik pangriptané Isabelle dilebokaké ing jilid kaping 10 Œuvres complètes; kalebu string quartet sing suwéné nem menit, sangang sonata piano, lan sepuluh air lan romansa.

Selèksi[besut | besut sumber]

  • Le Noble, conte moral, 1763[1]
  • Lettres neuchâteloises, roman, 1784
  • Lettres de Mistriss Henley publiées par son amie 1784
  • Lettres écrites de Lausanne, roman lelayangan, Toulouse, 1785
  • Caliste ou continuation de Lettres écrites de Lausanne 1787
  • Bien-né. Nouvelles et anecdotes. Apologie de la flatterie, 1788
  • Courte réplique à l'auteur d'une longue réponse ; par Mme la Baronne de ... 1789
  • Plainte et défense de Thérese Levasseur. 1789
  • Lettre à M. Necker sur son administration, écrite par lui-même, 1791
  • L’émigré, komedhi ing telung akta, 1793
  • Lettres trouvées dans des portefeuilles d’émigrés, 1793
  • Trois femmes, roman, Leipzig, 1795 (édisi Jerman) ; London, 1796 (édisi Prancis).
  • Honorine d’Userche : nouvelle de l’Abbé de La Tour, 1795
  • Sainte Anne, 1799
  • Sir Walter Finch et son fils William, 1806 (publikasi anumerta)

Bibliografi[besut | besut sumber]

  • Philippe Godet: Madame de Charrière et ses amis, d’après de nombreux documents inédits (1740-1805) avec portraits, vues, autographes, etc.. Genève, A. Jullien, 1906 (xiii,519 p. + 448 p.). Genève, Slatkine Reprints, 1973.
  • Geoffrey Scott. The portrait of Zélide. London, Constable, 1925. xiii, 215 p.[2] Scott on Zélide : the portrait of Zélide. Introduction by Richard Holmes. London, Flamingo, 2002. Reprint by Turtle Point Press, New York, 2010. 256 p. with an introduction by Shirley Hazzard, afterword by Richard Dunn.
  • Constance Thompson Pasquali, Madame de Charrière à Colombier : iconographie, Neuchâtel, Bibliothèque de la Ville, 1979
  • C.P. Courtney. A preliminary bibliography of Isabelle de Charrière (Belle de Zuylen). Oxford, Voltaire Foundation, 1980. 157 p.
  • C.P. Courtney. Isabelle de Charrière (Belle de Zuylen). A secondary bibliography. Oxford, Voltaire Foundation, 1982. 50 p.
  • C.P. Courtney. Isabelle de Charrière and the 'Character of H.B. Constant'. A false attribution. In: French Studies (Oxford), 36 (1982), no. 3, p. 282-289.
  • C.P. Courtney, Isabelle de Charrière (Belle de Zuylen). A biography. Oxford, Voltaire Foundation, 1993. 810 p. ISBN 9780729404396
  • Kathleen M. Jaeger, Male and Female Roles in the Eighteenth Century. The Challenge to Replacement and Displacement in the Novels of Isabelle de Charrière, New York, Peter Lang, 1994. XI, 241 pp. ISBN 978-0-8204-2179-7
  • C.P. Courtney, Belle van Zuylen and Philosophy. Utrecht, Universiteit Utrecht, 1995. 32 p.
  • Jacquline Letzter, Intellectual tacking. Questions of education in the works of Isabelle de Charrière. Amsterdam, Rodopi, 1998. 217 p. ISBN 978-9042002906
  • Jacquline Letzter and Robert Adelson, Women Writing Opera: Creativity and Controversy in the Age of the French Revolution. Berkeley, University of California Press, 2001. xvii, 341 p. ISBN 978-0520226531
  • Carla Alison Hesse, The other enlightenment: how French women became modern. Princeton NJ, Princeton University Press, 2001. - XVI, 233p. ISBN 978-0691114804
  • Vincent Giroud and Janet Whatley, Isabelle de Charrière. Proceedings of the international conference held at Yale University, 2002. New Haven CT. The Beinecke rare book and manuscript library, 2004. v, 151 p. ISBN 978-0845731604
  • Jelka Samsom, Individuation and attachment in the works of Isabelle de Charrière New York, Peter Lang, 2005. ISBN 978-3039101870
  • Monique Moser-Verrey, Isabelle de Charrière and the Novel in the 18th century. Utrecht, Universiteit Utrecht, 2005. 32 p.
  • Nicole Pellegrin, Useless or pleasant? Women and the writing of history at the time of Belle van Zuylen (1740–1805). Utrecht, University Utrecht, 2005. 32 p.
  • Suzan van Dijk, Valérie Cossy, Monique Moser, Madeleine van Strien, Belle de Zuylen/Isabelle de Charrière: Education, Creation, Reception. Amsterdam, Rodopi, 2006, 343 p. ISBN 978-90-420-1998-0[3]
  • Gillian E. Dow, Translators, interpreters, mediators: women writers 1700-1900. [Mary Wollstonecraft, Isabelle de Charrière, Therese Huber, Elizabeth Barrett Browning, Fatma Aliye, Anna Jameson, Anne Gilchrist] Oxford, Peter Lang, 2007. 268 p. ISBN 978-3-03911-055-1
  • Heidi Bostic, The fiction of enlightenment: women of reason in the French eighteenth century [Francoise de Graffigny, Marie-Jeanne Riccoboni, Isabelle de Charrière]. Newark DE, University of Delaware Press, 2010. 270 p. ISBN 978-1611491302

Cathetan suku[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]