Indra Bruggman
| Indra Bruggman | |
|---|---|
![]() | |
| Lair | Indra Lesmana Bruggman Mèi 8, 1981 Tasikmalaya, Jawa Barat, Indonesia |
| Bangsa | Indonesia |
| Pakaryan | Artis |
| Taun aktif | 1995 - saiki |
| Wong tuwa | Yohana lan Mimi |
Indra Lesmana Bruggman utawa luwih ditepungi mawa jeneng Indra L. Bruggman utawa Indra Bruggman (lair ing Tasikmalaya, 8 Mèi 1981; umur 44 taun) iku juru main pemeran sinétron ing donyaning hiburan Indonesia.[1]
Biografi
[besut | besut sumber]Indra Bruggman iku anak saka pasangan Yohana (bapak) lan Mimi (ibu).[1] Wiwit sekolah ing sekolah dhasar wis dadi juwara ing lomba peragaan busana ing kutha klairané.[1] Nalika taun 1995, anak nomer loro saka sadulur kang cacahé papat iki mèlu lomba pamilihan coverboy kalawari Aneka.[1] Nalika iku Indra Bruggman isih sekolah ing sekolah menengah pertama.[1] Indra Bruggman bisa dadi salah sijiné finalis ing lomba kang dianaké majalah Aneka. Indra Bruggman iku wong lanang katurunan Sunda lan Walanda.[1] Indra Bruggman banjur mutusaké kanggo ijrah ing Jakarta kang ancasé kanggo ngrembakaké kariré.[1] Sawisé mèlu casting, Indra Bruggman banjur kepilih dadi pemeran utama ing sinétron kang judhulé Jinny Oh Jinny.[1] Sinetron iki prodhuksiné Multivision Plus.[1] Indra Bruggman akting ing sinétron iki bareng karo Diana Pungky.[1] Jeneng Indra Bruggman banjur misuwur nalika Indra main ing sinétron iki.[1] Saliyané iku Indra uga main ing sinétron liyané.[1] Wiwit iku akèh tawaran main filem kangggo Indra Bruggman.[1] Sinetron-sinétron kang tau dibintangi Indra Bruggman ya iku Siapa Takut Jatuh Cinta, Romantika lan Taqwa kang dibintangi bareng karo Nabila Syakieb.[1] Saliyané sinétron, Indra Bruggman uga dadi bintang iklan kaya ta iklan prodhuk Sandal Dakkar, Krating Daeng, So Klin Pewangi, lan Sepatu Hasenda.[1] Indra Bruggman tau pacaran karo Dhini Aminarti nanging putus.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
