Diana Pungky
| Diana Pungky | |
|---|---|
| Lair | Diana Indah Pertiwi 12 Maret 1974 Jakarta, Indonesia |
| Bangsa | Indonesia |
| Pakaryan | Artis, Penyanyi, Model |
Diana Indah Pertiwi utawa Diana Pungky lair ing kutha Jakarta tanggal 12 Maret 1974.[1] Diana Pungky ya iku aktris, penyanyi, lan model kang asalé saka Indonesia.[1] Diana Pungky tau main ing sinétron kang irah-irahané Jinny Oh Jinny.[1] Sinetron iki dibabaraké ing stasiun tivi swasta ing Indonésia.[1] Jeneng Diana Pungky wiwit misuwur nalika Diana dadi bintang ing sinétron Jinny Oh Jinny.[1] Ing sinétron iki, Diana Pungky dadi paraga Jinny.[1] Jinny ya iku jin wédok kang ayu kang nduwéni kanca manungsa.[1] Ing peran kang padha Diana Pungky uga main ing sinétron kang irah-irahané arep padha ya iku sinétron Untung Ada Jinny lan Jinny Lagi Jinny Lagi.[1]
Saliyané main dadi Jinny, Diana Pungky uga akting lan meranaké paraga bonékah Poppy ing sinétron kang irah-irahané Boneka Poppy.[1] Ing carita kang kagarap ing sinétron iki méh padha karo sinétron-sinétron sadurungé ya iku dadi bonékah kang bisa ngomong lan kekancan karo manungsa.[1] Diana Pungky nikah karo pengusaha kang jenengé Dedey Mulyawan Risyad.[1] Diana Pungky nikah nalika tanggal 28 Januari 2005.[1] Saka pernikahané iki Diana Pungky tau dadi prodhuser sinétron kang irah-irahané Aku Ingin Disayang"".[1] Diana Pungky iku putrané Pungky Bambang Purwadi (alm) kang uga tau dadi prodhuser sinétron.[1].[2]
Sinetron
[besut | besut sumber]- Jinny Oh Jinny
- Untung Ada Jinny
- Jinny Lagi Jinny Lagi
- Boneka Poppy
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 [http://selebriti.kapanlagi.com/diana_pungky/ Archived 2010-03-29 at the Wayback Machine. Profil di KapanLagi.com(dipunundhuh tanggal 17 Juli 2011)
- ↑ hot.detik.com(dipunundhuh tanggal 17 Juli 2011)
| Artikel biografi iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |