Ikebana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
sekar ingkang dipunrangke kanthi cara Ikebana

Ikébana (生花?) inggih punika seni anggènipun ngroncé sekar ingkang nganggé manéka jinis sekar, suket-suketan, lan taneman kanthi ancas medalaken kaéndahan [1][2]. Ikebana punika asalipun saking Jepang ananging sampun wiyar ing donya. Wonten ing Basa Jepang, Ikebana ugi dipunmangertosi kanthi istilah kadō (華道? ka, sekar; do, lelampahanipun gesang) ingkang langkung mligi ing aspek seni supados dumugi kasampurnan anggènipun ngrangke sekar. Wonten ing Ikebana wonten manéka jinis aliran ingkang saben aliran punika kagungan caranipun piyambak kanggé ngrangé manéka jinis sekar. Aliran tartamtu ngedahaken tiyang supados mirsani rangkean sekar saking pérangan ngajeng, déné aliran sanèsipun punika ngedahaken tiyang mirsani rangkéan sekar ingkang wujud tiga dimensi minangka barang kalih dimensi kemawon. Padatanipun, sekar ingkang dipunrangké mawi teknik perangkaian saking kulon (Barat) (flower arrangement) katingal sami éndahipun saking samubarang sudut pandang kanthi tigang dimensi lan boten prelu dipunpirsani saking ngajeng. Benten kaliyan seni ngrangké sekar saking Kulon punika asipat dekoratif, Ikebana damel harmoni awujud linier, ritme lan warna. Ikebana bonten nginggilaken sesawanganipun sekar ananging wonten ing aspet anggènipun nata sekar miturut garis linier. Bentuk-bentuk wonten ing Ikebana adhedhasar tigang titij ingkang dados sesulihipun langit, bumi, lan manungsa.

Sajarah seni ngrangké sekar[besut | besut sumber]

Miturut literatur klasik kados Makura no sōshi ingkang nyariosaken babagan adat istiadat Jepang, tradisi remen kaliyan sekar kanthi cara nugel pang saking sekar ingkang sampun kawiwitan saking jaman Heian. Mulanipun, sekar dipunparingaken wonten ing wadah ingkang sampun wonten sadèrèngipun lajeng nembé dipundamel wadah mirunggan kanggé vas sekar. Ikebana kanthi wujud ingkang kados sapunika nembé kawiwitan déning para biksu ing kuil Chōhōji Kyoto nalika tengahan jaman Muromachi. Para biksu kuil Chōhōji kanthi turun temurun manggon wonten ing kamar () ing pinggiring kolam (ike), saéngga aliran énggal Ikebana ingkang dipunwiwiti punika dipunsebat Ikenobō. Nalika wonten ing tengahan jaman Edo, manéka kepala aliran (Iemoto) lan guru ageng kepala (Sōke) nyipta seni ngrangke sekar kanthi gaya Tachibana utawi Rikka ingkang dados mapan wonten ing kala punika. Wonten ing tengahan jaman Edo dumugi pungkasan jaman Edo, Ikebana ingkang rumiyinipun namung saged dipunnikmati déning kalangan bangsawan utawi kaum samurai sansaya dangu wiwit dipunremeni déning rakyat alit. Kala punika Ikebana gaya Shōka (seika) dados kondhang wonten ing kalangan rakyat. Aliran Mishōryū, aliran Koryū, aliran Enshūryū lan aliran Senkeiryū nglairaken kathah guru ageng lan ahli Ikebana ingkang gadhah tèknik tingkat inggil ingkang lajeng misah lan damel aliran sanèsipun. Ikebana wiwit dipuntepangaken dhateng Éropah nalika pungkasan jaman Edo dumugi wiwitan éra Meiji nalika karemenen tiyang Éropah dhateng kabudayan Jepang nembé inggil. Ikebana dipunanggep paring prabawa dhateng seni ngrangké sekar Éropah ingkang nyonto Ikebana wonten ing line arrangement. Saking jaman Edo lair kathah aliran ingkang kalebet pecahan saking aliran Ikenobō. Ing wulan Maret 2005 kecathet wonten 392 aliran Ikebana ingkang mlebet wonten ing pratélan Asosiasi Seni Ikebana Jepang.

Gaya Rerangkèn dalam Ikebana[besut | besut sumber]

Wonten 3 gaya ing Ikebana, inggih punika : rikka, shoka lan jiyuka [2].

Aliran ingkang kondhang[besut | besut sumber]

Organisasi[besut | besut sumber]

Aliran[besut | besut sumber]

Tokoh Ikebana[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Ikebana, (dipunakses tanggal 28 Fèbruari 2013)
  2. ^ a b Ikebana Seni Kuno Dan Selalu Indah, (dipunakses tanggal 28 Fèbruari 2013)

Pranala njawi[besut | besut sumber]