Hanyakrawati

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Sri Susuhunan Adiprabu Hanyakrawati Sénapati ing Alaga Mataram (Hanacaraka: ꦯꦸꦱꦸꦲꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀​ꦄꦢꦶꦦꦿꦨꦸꦲꦚꦏꦿꦮꦠꦶꦯꦺꦤꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦔꦭꦒꦩꦠꦫꦩ꧀; lair: Kuthagedhé, Ngayogyakarta, ? - tilar donya: Krapyak, Bantul, 1613) ya iku ratu kaping loro Kasultanan Mataram sing mréntah taun 1601-1613. Sawisé sédané, panjenengané uga asring kasebat kanthi jejuluk Panembahan Séda ing Krapyak.[1] Raja iku ramané Sultan Agung, ratu paling ageng ana ing Mataram.

Silsilah kulawarga[besut | besut sumber]

Prabu Hanyakrawati asma asliné Radèn Mas Jolang,[1] minangka putra saka pasangan Panembahan Sénapati lan Ratu Mas Waskitajawi kang putriné Ki Ageng Penjawi panguwasa Pathi.[2]

Prabu Hanyakrawati nikah sing pisanan karo Ratu Tulungayu putri saka Panaraga, lan peputran Radèn Mas Wuryah utawa Adipati Martapura.[2] Banjur nikah manèh karo Ratu Mas Hadi utawa Dyah Banowati, putri Pangéran Benawa ratu Pajang, lan peputran Radèn Mas Rangsang utawa Sultan Agung lan adiné Ratu Wandansari.[2]

Mangsa pamaréntahan[besut | besut sumber]

Prabu Hanyakrawati akèh ngalami pambrontakan lan paprangan sajeroning 12 taun mangsa pamaréntahané.

Antara taun 1601-1604, Demak nglancaraké pambrontakan sing dipanggedhèni déning Pangéran Puger[3] utawa Radèn Mas Kentol Kejuron, ya iku putra kaloro Panembahan Sénapati kang lair saka garwa selir anama Nyai Adisara.[1] Ing taun 1607, genti Panaraga ngadakaké pambrontakan sing dipanggedhèni déning Pangéran Jayaraga utawa Radèn Mas Bethothot, kang ora liya adhiné Prabu Hanyakrawati dhéwé.[1]

Taun 1612, Surabaya banjur bangkit, lan terus nglawan kakuwasaan Mataram nganti sawisé Prabu Hanyakrawati séda taun 1613.[1] Surabaya dipanggedhèni déning Pangéran Jayalengkara lan putrané Pangéran Pekik.[4] Nembé taun 1625 Sultan Agung bisa kasil tuntas ngatasi pambrontakan Surabaya sarta sekuthu-sekuthuné.[4]

Prabu Hanyakrawati uga ratu Mataram kang pisanan sing njalin gegayutan pulitik karo Kumpeni Walanda, mungkin minangka upaya ngadhepi Surabaya.[5] Ing taun 1613, panjenengané ngirim duta menyang Gubernur-Jéndral Pieter Both ing Maluku, lan sawisé Kumpeni mbukak pos dagang ing palabuhan Jepara.[5]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d e Soekmono 1981, kk. 56.
  2. a b c Moedjanto 1987, kk. 140.
  3. Sabdacarakatama 2009, kk. 99.
  4. a b Ricklefs & Nugraha 2008, kk. 86.
  5. a b Ricklefs & Nugraha 2008, kk. 84.

Wacanan[besut | besut sumber]

  • Moedjanto, G. (1987). Konsep kekuasaan Jawa: penerapannya olèh ratu-ratu Mataram. Kanisius. p. 202.CS1 maint: ref=harv (link)
  • Ricklefs, Merle Calvin; Nugraha, Moh. Sidik (2008). Sejarah Indonésia Modern 1200–2008. Penerbit Serambi. p. 865. ISBN 9790241151, 9789790241152.CS1 maint: ref=harv (link)
  • Sabdacarakatama, Ki (2009). Sajarah Karaton Yogyakarta. Penerbit Narasi. p. 220. ISBN 979168104X, 9789791681049.CS1 maint: ref=harv (link)
  • Soekmono, R. (1981). Pengantar Sajarah Kebudayaan Indonésia 3. Kanisius. p. 118. ISBN 9794132918, 9789794132913.CS1 maint: ref=harv (link)


Kang sadurungé
Panembahan Sénapati
Panembahan Mataram
1601-1613
Kang sawisé
Adipati Martapura