Gréja Garde

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

57°19′02″N 18°34′56″E / 57.31712°N 18.58229°E / 57.31712; 18.58229Koordhinat: 57°19′02″N 18°34′56″E / 57.31712°N 18.58229°E / 57.31712; 18.58229

Gréja Garde dideleng saka kidul-wétan

Gréja Garde utawa kadhangkala Gréja Garda (basa Swèdhen: Garde kyrka) iku gréja saka abad tengahan ing Garde ing Pulo Gotland, Swèdhen. Gréja iki olèhé mbangun mawa fase nalika Abad Tengahan. Bagéan sing lawas dhéwé iku panti umat lan dhasar menara, kamangka bagéan sing anyar dhéwé olèhé mbangun iku panti imam sing gedhé. Rénovasi gedhèn dilakoni ing dasawarsa 1960-an. Gréja Garde karo kuburané (kerkop) lan papat gapura kuburané iku salah sawijiné gréja saka abad tengahan sing isih apik kalestarèkaké ing Swèdhen.

Gréjané iki digawé saka gamping lan dilabur putih. Yèn dideleng, telu lawang-lawangé iku ndarbèni désain prasaja lan pancèn gagrag Romanesque, kayadéné padatané kanggo gréja-gréja lawas ing Gotland. Lawang kaping papat, sing nuju menyang panti imam, iku gagragé Gotik. Gréja iki ngamot lukisan témbok saka udakara taun 1200 mawa gagrag Ruslan-Bizantium, sing unik ing Swèdhen. Sawetara prabotané, kaya ta bak baptis lan salib kamenangan uga saka mangsa sing padha, kamangka rerengganing altar iku saka abad kaping 17. Gréja iki darbèné Gréja Swèdhen lan dunungé ana ing Kabiskopan Visby.

Lokasi lan sakiwa tengené[besut | besut sumber]

Gréja Garde lan pasaréané (kerkop) iku dadi salah sawijiné komplèks gréja saka Abad Tengahan sing apik kalestarèkaké ing Swèdhen.[1] Dunungé ana udakara 300 mèter saloré dalan gedhé antara Ljugarn lan Lye ing Pulo Gotland sisih wétan. Laladan iki kaanggep minangka tlatah warisan budaya sing wigati ing tingkat nasional.[2] Gréjané iki dunungé ana ing tengahé pasaréan, sing kaubengen déning témbok endhèk. Témboké wis diréparasi salawasé abad-abad iki, nanging ora tau diganti akèh sawisé dibangun.[1] Dhuwuré antara kurang luwih 110 cm lan 160 cm lan nduwé papat gapura pasaréan asli.

Gapura kulon iku kori lumebu sing baku lan salah sawijining gapura pasaréan abad tengahan sing gedhé dhéwé in Swèdhen, katoné dibangun ing paro pisan abad kaping 13. Gedhong iki katata saka telung tingkat gamping lan dilabur putih, kajaba pojokan lan koriné. Gapura pasaréan iki asliné nduwé rong kori, lan panggonan antarané katutupan lan ditrapi karo nis (legokan ing témbok) loro mawa kursi. Tingkat loro sadhuwuré iku asliné kanggo nyimpen gandum, sumbangan saprasepuluh gréja, nganti tahun 1917. Tingkat dhuwur dhéwé gapura pasaréan iki uga dienggo gudhang gréja.[3]

Gapura kidul lan lor pasaréan iki bisa diarani padha, kayadéné gapura wétan, senadyan iku luwih cilik tinimbang liyané. Kabèh digawé saka gamping tumpuk sing dilabur, kejaba ing poojok lan pinggirané sing digawé saka gamping tatah. Ing jeroné ana nis mawa palungguhané. Kabèh asalé saka abad kaping 14.[4] Banjur uga ana gapura pasaréan sing manuju menyang pasturan, dunungé salor-wétané gréja, saka dalan. Iki asalé ya saka abad kaping 14, lan siji-sijiné sing isih lestari ing Gotland.[5] Ana tapak tangan tukang bangunan ing limang panggonan ing gapura pasaréan lor sing padha rupané karo tapak tangan juru bangunan ing Gréja Martebo lan Gréja Stånga.[6]

Sawetara kuburan saka Mangsa Viking, darbèné wong-wong Kristen, ditemokaké ing pasaréan iki, ngamot fragmèn klambi.[7] Sadurungé taun 1739, tata panggonan kuburan iku wong-wong sing sugih dhéwé dikubur paling cedhak gréja ing sisih kidul lan wétan, lan wong sing ora nduwé ing sisih kulon gréja. Sisih lor iku kanggo para durjana.[6]

Gapura pasaréan gréja[besut | besut sumber]

Sujarah[besut | besut sumber]

Kori lumebu kidul panti umat sing awujud lengkungan bundher prasaja. Rupa kaya mangkéné pancèn wis dadi karakteristik kanggo gréja-gréja lawas dhéwé ing Pulo Gotland

Gréja saiki ing Garde katoné biyèn didhisiki déning gréja kayu, kaya ta ditandhani déning anané bolongan sangisoring jogan, sing bisa waé karepé kanggo cagak kayu.[8][9][10] Bolongan iki kabèh ditemokaké nalika ana èkskavasi taun 1968. Wong ngerti menawa sawetara gréja ing Gotland iku didhisiki déning gréja-gréja kayu. Antarané ya bisa menawa rangka atep gréja asalé saja gréja kayu lawas sing sadurungé wis ana.[8] Nanging bukti genah yèn tau ana gréja kayu ora bisa ditemokaké.[11]

Gréja watu sing saiki ana kuwi, kepriyé waé dadi salah sawijining gréja lawas dhéwé ing Gotland. Olèhé mbangun bisa waé udakara taun 1130.[7][10][12] Ana dokumèn saka Kabiskopan Linköping, sing nalika iku Gotland dadi laladané nalika abad Tengahan, singa ngamot cathetan perkara misa tahbisan ing taun 1200.[12] Gréja iki katoné kawangun saka menara, panti umat, lan panti imam saha apsis. Bagéan gréja watu pisan sing kalestarèkaké iku namung panti umaté.[13] Sing karakteristik kanggo gréja-gréja awal ing Gotland iku watu sing ora patiya alus ditatah kanggo bahan bangunan gedhong, ora anané dhasar sing cetha utawa dhasar reca, lan gapura lumebu sing prasaja waé, awujud bundher. Kabèh unsur iki katemokaké ing panti umat Gréja Garde.[12] Bak baptis lan salib kamenangan sing isih ana ing gréja iku saka jaman sing padha lan katoné olèhé digawé ana gandhèngané karo tahbisan gréja iki.[12][13]

Menarané didhuwuraké nganti dhuwuré sing saiki ing tengahan abad kaping 13. Nalika ing paroh pisan abad kaping 14, panti imam sing luwih awal diganti déning panti imam sing saiki sing ukurané ora imbang lan sakristi. Karepé iku bokmanawa arep mbangun ulang gréja, kayadéné ditandani déning témbok sauntara sing isih ana lan nyambungaké papan kur lan panti umat. Papan kur sing anyar dibangun déning bèngkèkl diarani mawa 'jeneng darurat' (Jerman Notname) Egypticus.[10][14]

Gréja iki banjur dipepaki mawa plafon anyar ing dasawarsa 1690, lan interioré banjur dilabur putih ing taun 1701. Sawetara karya rékonstruksi dianakaké ing taun 1869. Mbokmenawa ing taun iki kaca patri pungkasan saka abad Tengahan ilang. Rénovasi teliti dilakoni ing taun 1963-68, nalika iku fragmèn-fragmèn lukisan témbok saka abad Tengahan ing panti umat ditemokaké manèh.[14] Rénovasi liyané dilakoni ing taun 2004, nalika menarané didandani lan jabané dicèt bali manèh.[10]

Arsitèktur[besut | besut sumber]

Jaba[besut | besut sumber]

Bahan bangunan Gréja Garde iku watu gamping awarna blawu lan watu bata, sing kusus ditrapaké ing unsur-unsur dhékorasi ing témbok menara. Gréjané iki dilabur putih, kejaba gapura lumebu, pojokan panti imam, panti umat lan menara, lan dhasaré menara lan panti imam. Kabèh kuwi digawé saka gamping sing ditatah ngati-ati.[15] Gréjané nduwé patang lawan, telu ing antarané iku prasaja (ing menara, lan siji ing saben sisih panti umat), ing gagrag Romanesque. Gapura lor panti umat bisa waé asliné lawang lumebu panti iman kapisan sing saiki wis ora ana, lan dielih menyang dunungé sing saiki nalika gréja dibangun ulang ing abad kaping 14.[16] Gapura kidul panti imané iku gagragé arsitèktur Gotik. Gapura lumebuné iku ana undhak-undhakané mawa telung pilar ing saben sisih ing pojok. Kapitalé didhékorasi mawa ornamèn tetandhuran sing ana bekasé cèt asli samun-samun.[17]Timpanum sadhuwuré lawang iku dipaèsi mawa recané Kristus sing lagi lenggah mawa astané sing disèlèhaké ing sadhuwuring buku lan sing liyané paring berkah pangèstu.[18] Panti umat ndarbèni enem cendhéla, lan papat antarané iku saka abad tengahan lan ada siji sing prasaja, mawa dhésain lengkungan. Panti imam ndarbèni cendhéla lora gedhé mawa krawang mucuk Gotik. Wujud kaya mangkéné iki uga bisa ditemokaké ing Gréja Väte, Grötlingbo lan Hablingbo.[19]

Menarané nduwé telung tingkat sadhuwuré tingkat dhuwur sing ngamot loncèng gréja. Miturut sawijining prasasti, loncèng gréjané digawé ing Lübeck taun 1608, lan dicithak manèh ing Stockholm.[20] Sadurungé menara iki digedhèkaké ing abad kaping 12, ana bolongan swara papat ing bagéan ngisor. Sawisé menara didhuwuraké, saiki ana rolas bolongan sing yèn dibandhingaké dhuwur mawa lengkungan lancip, telu ing saben sisih menara. Kombinasi antara gamping lan watu bata ing dhékorasiné iku mèmper bolongan ing menara gréja ing Lye lan Burs.[21]

Jero[besut | besut sumber]

Manten tabernakel gréja, abad kaping 14. Lawang kayuné iku modhèren.

Interior gréja iku bisa binagi ing telung papan baken: jogan ngisoré menara manuju kulon, panti umat ing tengah lan panti imam manuju ing kulon. Jogan ngisoré menara iku yèn dibandhingaké ciyut lan peteng, lan digandhèngaké mawa panti umat mawa lengkungan ciyut nanging dhuwur. Panti umat panggonané dhuwur, cendhélané, kamangka panti imam sing luwih gedhé olèh cahyané saka cendhéla agagrag Gotik gedhé ing témbok wétan lan kidul. Lengkungan panti imam sing nyambungaké panti umat karo panti imam digawé saka gamping sing ditatah alus. Plafon panti imam lan jogan menara iku rata lan plafoné saka kayu, kamangka panti imam plafoné ana kubahé.[22] Sadhuwuré plafon panti umat, lan sangisoré atep, ana rangka atep Romanesque lawas sing digawé apik lan kalestarèkaké.[23][13] Jogan gréja akèhé saka jaman sawisé dirénovasi ing dasawarsa 1960-an. Kala iku, fragmèn-fragmèn saka watu gambar ditemokaké ing jogan asli. Sawetara antaranya didokok cedhak témbok kidul gréja.[24] In témbok panti umat ana lima nis (legokan ing témbok), sing sangkané saka mangsa pambangunan gréja iki. Sing gedhé dhéwé iku nis mawa lungguhan ing témbok kidul panti imam, interioré dipaèsi mawa lukisan saka abad kaping 14.[25] Ana lukisan sing nggambaraké Kristus lenggah ing singgasana.[26] Ing témbok lor papan kur ana nis sing luwih cilik lan asliné kanggo tabernakel gréja, sing uga ngamot dhékorasi saka abad kaping 14.[25] Jeroné témbok gréja ngamot akèh ukiran, kalebu prasasti ing aksara Rune lan gambaré kapal-kapal, sing pungkasan iku katoné digawé ing jaman abad Tengahan Akir.[27] Ora ana kaca patri asli sing isih ana sajroning gréja, senadyan cendhéla panti imam isih ngamot kaca patri ing dasawarsa 1860-an.[27]

Lukisan témbok[besut | besut sumber]

Panti umaté kabèh katoné asliné didhékorasi kebak mawa lukisan témbok, nanging saiki sabagéan gedhé wis padha sirna.[28] Isih ana lukisan sasèt sing kalestarèkaké ing soffit lengkungan sing nggandhèngaké panti umat karo jogan dhasar menara, lukisan iki ora tau ditutupi cèt liya.[29] Lukisan iki gagragé Ruslan-Bizantium,[7][30] mawa sawetara pangaribawa saka kagunan Gotik, sing katon ing dhétail ornamèntal mligi.[31]. Kabèh iku diakoni menawa kwalitasé dhuwur lan diarani "bukti apik dhéwé bèngkèl mawa gagrag Bizantium ing Gotland lan déné pancèn diakoni kaya mengkono".[29][32] Ana sing mènèhi panemu menawa ana gandhèngané antara lukisan fragmèntaris ing Gréja Källunge lan Havdhem, nanging ora ana lukisan liya sing bisa dibandhingaké èksis ing Swèdhen.[33] Kabèh iku katoné digawé udakara taun 1200.[34]

Lukisan témbok nggambaraké santo loro, sing ngadeg sangisoré lengkungan apaès palmèt, disokong déning cagak loro sing dipaèsi mawa kapital. Saben santo ngadeg, kepara arah contrapposto, lan ngadhep para pamirsa, mawa tangan kiwané diangkat minangka tandha berkah lan tangan tengené nyekel salib.[35][36] Loro-loro nganggo klambi gagrag Bizantium. Cara nggambaraké santo kaya mengkéné ditepungi saka Ruslan lan tlatah liyané (contoné Basilik Santo Markus ing Venesia), nanging mesthi saka laladan sing kena pangaribawa Bizantium.[35] Ana sing ngusulaké manawa loro-loroné iku nggambaraké para santo Florus lan Laurus, lan kamèmperan karo gambar sagolongan saka para santo iki ing Gréja Agioi Anargyroi ing Kastoria, Yunani, wis kagatèkaké. [34][37]

Sawetara pangudi wis kalaksanan kanggo nerangaké saka ngendi sangkané pangaribawa gagrag lukisan témbok ini lan spékulasi perkara asalé utawa jatidhiri para seniman sing padha nggawé kabèh iki. Sujarawan kagunan kapisan sing nuduhaké kagandhèngan karo Kagunan Bizantium iku Johnny Roosval ing taun 1911.[38]

Ing taun candhaké, upaya kaping pisanan nemokaké gagrag sing paralèl ing kagunan Ruslan dilakoni déning Ture J. Arne, sing mènèhi sugèsti gandhèngané lukisan témbok ing Garde lan ing gréja-gréja Ruslan Nereditsa lan Santo George ing Staraya Ladoga.[38][39] Riset ing tembé uga nyoroti pepadhan karo Greja Santo George ing Staraya Ladoga.[36] Gandhèngan presisé antara gréja-gréja Ruslan lan lukisan témbok ing Garde isih dadi pitakonan tinarbuka. Awaké dhéwé ngerti menawa ana gréja Ruslan ing Visby (saiki kari puing) lan ana kamungkinan menawa para seniman Ruslan lunga menyang Gotland kanggo maèsi gréja iki, lan ing wektu sing padha maèsi greja ing Garde.[40] Bisa uga para dagang saka Gotland nggawa seniman Ruslan menyang Gotland saka pesisir wétan Sagara Baltik.[40]

Banjur, wis dingertèni manawa lukisan iku uga bisa nuduhaké pangaribawa langsung saka kagunan Yunani lan Sisilia, ya kagunan Barat, sing luwih njlimetaké babagan tetimbangan final babagan sangkan-paraning seniman kasebut.[41] Campuran pangaribawa iki marai anané hipotèsis yèn seniman kasebut dilatih ing lingkungan Ruslan-Bazantium, nanging uga ngganggo agambar minangka buku motif.[42] Paralèl kontemporer karo naskah agambar Ruslan lan Bizantium uga wis disebut.[43][44] Ing endi waé para seniman iku bisa nemokaké inspirasi, mula bakal ditandhesaké manawa gréja kasebut dibangun minangka gréja Katulik, lan dudu gréja Ortodoks; mèmper karo gréja-gréja ing Sisilia saka abad kaping 12, pangaribawa turuna saka kagunan Ortodoks "sanadyan ana béda doktrin lan liturgis".[45]

Prabotan[besut | besut sumber]

Bak baptis, karyané Byzantios (pungkasan abad kaping 12).

Bak baptis gréja iki saka abad kaping 12 lan digawé déning seniman utawa bèngkèkl sing ditepungi mawa Notname Byzantios. Bak-bak baptis sing mèmper iki uga ana ing gréja-gréja Atlingbo lan Hogrän. Kaya déné bak-bak baptisan liyané déning Byzantios, wujudé iku bak oktagonal, didhékorasi mawa gambar-gambar ing rèlièf asor antara cagak cendhak sing nyokong lengkungan bunder. Bekas cèt asli isih ana ing dhasaré bak baptis; cèt sing bisa disawang ing bak iki asalé saka tengahan abad kaping 18.[46] Rerengganing altar Gréja Garde iku digawé saka watu gamping sing diukir lan dicèt, saka taun 1689 utawa bisa uga 1682. Bagéan tengahé nggambaraké Bujana Ndalu, lan diapit déning rong reca Musa lan Harun ing sisih loro-loroné. Ing dhuwuré ana monogram Raja Charles XI saka Swèdhen.[47] Mimbar gréja digawé taun 1662, lan katoné dicèt mawa warna sing saiki isih katon ing taun 1749.[48] Bangku-bangku gréja sing saiki dienggo, lagi didokok nalika dasawarsa 1960-an.[49] Salib kamenangan gréja kawangun saka reca Kristus, sing katoné digawé taun 1200, didokok ing salib sing luwih anyar - katoné saka abad kaping 18. Mahkuthané iku réplika anyar sing nganggo salib kamenangan saka Gréja Lokrume minangka modhèl. Dhuwuré udakara 250 cm lan ambané 180 cm.[48]

Olèhé dienggo saiki lan status cagar budaya[besut | besut sumber]

Gréja Garde iku kalebu Paroki Garde sajeroning "kontrakt Sudertredingens" Gréja Swèdhen. "Kontrakt" ing Gréja Swèdhen iku kurang luwih pasepuhan désa[50] lan bagéan saka Kabiskopan Visby sajeroning Gréja Swèdhen.[51] Gréja Garde iku monumèn ibadah, mawa nomer 21300000002676 (sub-nomer: 21400000444025) ing pangkalan data 'Dhines Warisan Nasional Swèdhen'. Ing taun 2019, Gréja Garde iku salah sawijining saka 56 monumèn cagar budaya kapisan ing Gotland lan Swèdhen iki sengaja ditandhani mawa tamèng biru lan putih Konvènsi Den Haag kanggo Pangreksan Darbènan Budaya menawa ana Konflik Gegaman.[52]

Gladri[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. a b Lagerlöf 1972, kc. 253.
  2. "Gotland kn, Garde kyrka kyrkomiljö, Gotland" . Riksantikvarieämbetet (Badan Warisan Nasional Swèdhen). Dibukak ing 17 Maret 2020.
  3. Lagerlöf 1972, kc. 256.
  4. Lagerlöf 1972, kc. 253–258.
  5. Lagerlöf 1972, kc. 252.
  6. a b Lagerlöf 1972, kc. 258.
  7. a b c Andrén 2011, kc. 199–201.
  8. a b Lagerlöf 1972, kc. 288.
  9. Andrén 2011, kc. 199–200.
  10. a b c d "GOTLAND GARDE KYRKOGÅRDEN 1:1 - husnr 1, GARDE KYRKA" . Riksantikvarieämbetet (Riksantikvarieämbetet). Dibukak ing 21 Maret 2020.
  11. Trotzig 1970, kc. 14–16.
  12. a b c d Lagerlöf 1972, kc. 290.
  13. a b c Jacobsson et al. 1990, kc. 690.
  14. a b Lagerlöf 1972, kc. 291.
  15. Lagerlöf 1972, kc. 259.
  16. Lagerlöf 1972, kc. 259–263.
  17. Nord, Anders G.; Tronner, Kate (2014). "Färganalys av fem gotlandskyrkors portaler och muralmålningar [Analyses of paint from portals and murals in five Medieval churches on Gotland]" (PDF). Fornvännen. Journal of Swedish Antiquarian Research: 118–126. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2020-03-19. Dibukak ing 17 Maret 2020.
  18. Lagerlöf 1972, kc. 264.
  19. Lagerlöf 1972, kc. 265–267.
  20. Lagerlöf 1972, kc. 336–337.
  21. Lagerlöf 1972, kc. 270.
  22. Lagerlöf 1972, kc. 284–287.
  23. Lagerlöf 1972, kc. 284.
  24. Lagerlöf 1972, kc. 332.
  25. a b Lagerlöf 1972, kc. 287.
  26. Lagerlöf 1972, kc. 303.
  27. a b Lagerlöf 1972, kc. 304.
  28. Lagerlöf 1972, kc. 292.
  29. a b Lagerlöf 1972, kc. 29.
  30. Jonsson & Lindquist 1987, kc. 165–166.
  31. Lagerlöf 1972, kc. 296–297.
  32. Cutler 1969, kc. 258.
  33. Lagerlöf 1972, kc. 296.
  34. a b Tuulse 1971, kc. 164.
  35. a b Cutler 1969, kc. 259.
  36. a b Lagerlöf 1972, kc. 301.
  37. Cutler 1969, kc. 259–260.
  38. a b Tuulse 1971, kc. 163.
  39. Arne 1912, kc. 63.
  40. a b Lagerlöf 1972, kc. 297.
  41. Lagerlöf 1972, kc. 300.
  42. Tuulse 1971, kc. 166–167.
  43. Tuulse 1971, kc. 167–168.
  44. Cutler 1969, kc. 260.
  45. Cutler 1969, kc. 266.
  46. Lagerlöf 1972, kc. 315–318.
  47. Lagerlöf 1972, kc. 306.
  48. a b Lagerlöf 1972, kc. 309.
  49. Lagerlöf 1972, kc. 310.
  50. "In English – Lunds stift". Diocese of Lund (Church of Sweden). 14 Agustus 2019. Dibukak ing 13 Maret 2020.
  51. "Garde församling". Garde parish. Diocese of Visby (Church of Sweden). Dibukak ing 13 Maret 2020.
  52. Larsson, Carl (16 Novèmber 2019). "Om kriget kommer – kulturegendom ska skyddas". svt.se. Sveriges Television. Dibukak ing 14 Maret 2020.

Kapustakan[besut | besut sumber]

Umum[besut | besut sumber]

  • Andrén, Anders (2011). Det Medeltida Gotland. En arkeologisk guidebok . Lund: Historiska Media. ISBN 978-91-85873-83-8.
  • Jacobsson, Britta; Johansson, Eva; Johansson, Per; Andersson, Rolf (1990). Våra kyrkor. Västervik: Klarkullens förlag AB. ISBN 91-971561-08.
  • Jonsson, Marita; Lindquist, Sven-Olof (1987). Vägen till kulturen på Gotland . Visby: Gotlands fornsal. ISBN 91-971048-1-7.
  • Lagerlöf, Erland (1972). Garde kyrka (PDF). Sveriges kyrkor, konsthistoriskt inventarium . Vol. 145. Stockholm: Almqvist & Wiksell. ISSN 0284-1894.
  • Trotzig, Gustaf (1970). "En arkeologisk undersökning i Garda kyrka på Gotland" (PDF). Fornvännen. Journal of Swedish Antquarian Research: 1–17. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2020-03-21. Dibukak ing 20 Maret 2020.

Lukisan témbok[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]