Menyang kontèn

Gemblak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Gemblak (Carakan: ꦒꦼꦩ꧀ꦧ꧀ꦭꦏ꧀; basa Indonésia: Gemblak) inggih punika tilas pambeksa ing pagelaran réyog ingkang wonten gandhèng cènèngipun kalihan warok. Gemblak punika laré jaler ingkang bagus rupanipun sarta gesang sesarengan kalihan paguyuban warok sadangunipun kalih taun.[1] Gemblak dipun lamar mawi rajakaya lembu utawi sabin. Maskawin punika dipun paringaken dhumateng kulawarginipun gemblak, ingkang salajengipun gemblakipun gesang sareng kalihan warok tumut grombolanipun mubeng dhateng kathah panggènan kanggé ngramèkaken pagelaran réyog.[2]

Warok kalihan gemblak

[besut | besut sumber]

Warok inggih punika sesebatan kanggé tiyang jaler ingkang gadhah sipat ksatriya, bebudèn luhur, kalihan ndarbèni kaluhuran ing lingkungan masarakat. Kawitanipun, warok dipun gambaraken minangka tiyang ingkang gadhah ngèlmu kanuragan. Para warok ingkang péngin nggayuh ngèlmu kalihan kasektènipun kedah nglampahi "pasa èstri" utawi boten angsal cumbana kalihan tiyang èstri, nanging angsal kalihan laré jaler yuswa 11–15 taun. Laku punika asring dipun arani kalihan gemblakan.[2] Warok kénging rabi kalihan tiyang èstri minangka garwanipun, nanging piyambakipun bokbilih taksih saged ndarbèni gemblakipun. Bab punika ingkang njalari sambetan Warok-Gemblakan mèmper kalihan tradhisi perjantanan wonten ing Yunani kina. Sinten mawon ingkang mangertèni cara gesang tradhisional ing Panaraga bakal sumerep bilih wonten tiyang jaler langkung sepuh aran warok boten cumbana kalihan garwanipun, nanging cumbana kalihan laré jaler ingkang langkung enèm.[3] Bokbilih ingkang dipun lampahi warok kalihan gemblak punika saged sinebat tumindak homosèksual, nanging piyambakipun boten naté ngidhèntifikasi minangka tiyang homosèksual, nanging bakal ngarani mawi istilah warok-gemblakan.[2][3][4]

Warok ingkang sugih bandha ngontrak gemblak tuwin asring dipun paringi dhedhaharan énak, dipun ajak mlampah-mlampah, dipun paringi rerenggan, kalihan ngantos ngedalaken arta kanggé sekolah kalihan sangu gemblakipun.[4][5] Senajan pikantuk kamulyan, sadangunipun dipun kontrak, gemblak kedah ngabdi dhumateng warokipun kalihan manut saben pituturipun. Senajan gemblakan asring dipun anggep minangka homosèksualitas, warok kalihan gemblak gadhah sambetan ingkang raket kados ta bapak kalihan larénipun ing prakawis pawiyatan. Warok mulang gemblak kados pundi gesang ingkang wicaksana kalihan ing tatakrama, mulang mbeksa kanggé pagelaran Réyog, kalihan nyekolahaken gemblakipun.[4][6]

Samangké tumindakipun warok kalihan gemblak dipun tentang déning pangarsa agami lumantar lelawanan moral publik. Pramila, samangké pagelaran Réyog Panaraga awis sanget mitontonaken gemblak, laré jaler ingkang bagus rupanipun ingkang nunggangi kapal. Sapréné lakon gemblakan dipun gantos kalihan Jathil, prajurit èstri ingkang nunggangi kapal képang.[7]

Budaya populèr

[besut | besut sumber]

Cariyos warok kalihan gemblak mlebet ing filem Kucumbu Tubuh Indahku.[8]

Ugi pirsani

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Pebrianti, Charolin (13 Januari 2018). "Ini Cerita Miring Gemblak di Ponorogo". detikNews. Dibukak ing 9 Fèbruari 2020.
  2. a b c Muhammad Ishomuddin (23 April 2019). "Relasi Mistis dan Sensual Rumit Antara Warok-Gemblak di Ponorogo". VICE. Dibukak ing 9 Fèbruari 2020.
  3. a b "Talks on Reyog Ponorogo - Intersections : gender, history and culture in the Asian context". intersections.anu.edu.au. Perth, W.A: Murdoch University, School of Asian Studies. 2 Mèi 1999. Diarsip saka sing asli ing 2020-03-04. Dibukak ing 9 Fèbruari 2020.
  4. a b c "Misteri Kehidupan Malam Warok-Gemblak". JawaPos.com. 19 September 2017. Dibukak ing 9 Fèbruari 2020.
  5. Darsono, Budiono (10 Oktober 1987). "Pengakuan seorang warok". Tempo. Tempo. Dibukak ing 9 Fèbruari 2020.
  6. "Dari mata turun ke gemblak". Tempo. Tempo. 10 Oktober 1987. Dibukak ing 9 Fèbruari 2020.
  7. Asmoro 2013.
  8. Gafara, Ghesa (11 Maret 2019). "Kisah Tabu di Tengah Tradisi Diangkat Dalam Film 'Kucumbu Tubuh Indahku'". USS Feed. Dibukak ing 2 Fèbruari 2023.

Waosan lajengan

[besut | besut sumber]

Pranala jawi

[besut | besut sumber]
  • Dhéfinisi bausastra saka gemblak ing Wikisastra