Gayam

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Gayam (Inocarpus fagifer)
Inocarpus edulis.jpg
Reproduksi vegetatif Kalanchoe pinnata
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Angiosperms
Klas: Eudicots
Ordho: Fabales
Famili: Fabaceae
Génus: Inocarpus
Spésies: I. fagifer
Jeneng binomial
Inocarpus fagifer
(Parkinson ex Zollinger) Fosberg
Sinonim
  • Aniotum fagiferum Parkinson
  • Bocoa edulis (J. R. Forst. & G. Forst.) Baill.
  • Cajanus edulis (J. R. Forst. & G. Forst.) Kuntze
  • Inocarpus edulis J. R. Forst. & G. Forst.
  • Inocarpus fagiferus (Park.) Fosb.

Gayam (Incarpus fagifer) inggih punika woh-wohan ingkang sampun langka. Gayam dumunung ing désa kemawon. Gayam punika gadhah kulit ingkang alot kados klapa. Mangsa gayam sami kaliyan mangsa pari inggih punika mangsa rendheng lan ketiga.[1]

Deskripsi[besut | besut sumber]

Gayam gadhah wit ageng ingkang nginggilipun 30 ngantos 40 m. Diameter watangipun saged ngantos 1,5 m. Kulit watang gayam wernanipun cokelat cemeng kaijoan. Watang gayam boten rata ananging gelombang. Pérangan pangkal watang kados akar papan. Kayunipun saged dipunmanfaataken kagem kayu obong. Godhong gayam wentukipoun elips panjang. Panjang godhong 25 cm lan lebar 10 cm. Godhong gayam kandhel lan wernanipun ijem cemeng lan lumahipun gelombang. Tajuk gayam rapat sanget, ananging arahipun ing wentuk panjang dhuwur. Kembang gayam ukuranipun alit kanthi kelopak putih lan modhot ing sisihipun godhong pérangan pucuk pekeng.

Buah Gayam

Papan Urip[besut | besut sumber]

Gayam inggih punika tanduran asli Indonesia. Panggènipun ing dhataran cendhèk ngantos manengah (0 ng. 800 m. dpl.) kanthi curah udan nginggil. Tanduran punika lajeng remen urip ing papan rawa-rawa utawi pinggiran lepen. Saking sipat-sipatipun gayam cocog kagem tanduran panghijoan ing pinggir waduk, tlaga utawi rawa. Amargi tajukipun ingkang rapat lan oyotipun kiyat. Amargi kayunipun boten saged dipunmanfaataken kagem yasan, pramila gayam aman saking panjaraan.

Reproduksi[besut | besut sumber]

Gayam ngrembaka kanthi generatif saking wiji. Wit gayam ingkang sampun tuwa, dipunkum ing toya ngantos 1 wulan. Salajengipun wiji dipunsemai ing kranjang ingkang wonten pasiripun. Panyemaian dipunlajengaken kanthi sap-sap. Setunggal sap pasir dipunparingi wiji gayam ingkang sampun dipunkum, diparingi pasir malih. Ing satunggal kranjang saged dipunsemai kathah sap wiji gayam. Sesampunipun 3 wulan, semaian dipunbongkar lan wiji gayam sampun dados kecambah. Sanèsipun punika, ugi saged dipunpindhah ing polybag, lajeng dipunentosi ngantos nginggilipun 150 cm nembé dipunpindhah ing lapangan.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ kesehatan.kompasiana.com(dipuntingali tanggal 5 Fèbruari 2012)
  2. ^ foragri.blogsome.com(dipuntingali tanggal 5 Fèbruari 2012)