Ganggangsullae
Ganggangsullae utawa Ganggangsuwollae ya iku sawijining jogèd tradhisional saka Provinsi Jeolla Selatan, Koréa Kidul.[1] Ganggangsullae kang uga sinebut jogèd melingkar ya iku jogèd kang kusus dipentasake déning kaum wanita kanthi cekelan tangan minangka bunderan lan nyanyi.[2] Jogèd iki lumrahé dipentasake nalika karaméan-karaméan dina riyaya kaya ta Jeongwol Daeboreum lan Chuseok ing ngisoring padhange bulan purnama kanggo jaluk berkah lan panen kang akèh.[3][4] Jogèd iki Warisan Budaya Nonbendawi Koréa Kidul Nomor 8 taun 1966 lan uga diakoni déning UNESCO minangka Karya Agung Warisan Budaya Lisan dan Nonbendawi Manusia ing taun 2009. [1][2][5]
Sajarah
[besut | besut sumber]Tradisi jogèd Ganggangsullae wis ana kawit biyèn.[3] Jaman biyèn wong Koréa nampilake minangka péranganing ritual supaya panene dadi luwih apik lan akèh saka déwa.[3]
Jogèd iki tau digunakaké déning Laksamana Yi Sun-sin minangka taktik kanggo ngalahake wadya Jepang kang nyerbu Koréa ing mangsa Perang Imjin.[1][3] Amarga jumlah prajurit Joseon luwih sitik tinimbang jumlah mungsuh, Laksamana Yi ngakon kaum wanita uppaya gunakake seragam militèr lan narekake Ganggangsullae ing dhuwur pagunungan nganti pirang-pirang wengi.[3] Nalika wadya Jepang ngerti saka kadohan, kabèh padha gumun amarga ngira Joseon duwé jumlah wadya kang akèh banget, lan kabèh mau padha mundur.[1] Kendeling para wanita lan taktik militèr Laksamana Yi ana ing obahan jogèd Ganggangsullae.[3]
Gerakan
[besut | besut sumber]Lumrahé ditarekake nalika dina-dina riyaya gedhé kaya ta dina Chuseok, kaum wanita tuwa lan nom padha kumpul lan minangka bunderan, padha cekelan tangan lan nyanyi ing ngisoring sinar bulan purnama.[1] Wanita kanthi swara kang paling merdu nyanyi kang paling wiwitan lan dieloni penari liyané.[1] Kabèh mau nyanyekake lirik lagu Ganggangsullae kang nyritakake ngenani uriping rakyat ing désa nalika nindakaké kegiyatan saben dinane, kaya ta ngerjakake sawah, golèk iwak, nganyam, masang gendhèng lsp..[2] Jeneng Ganggangsullae iku asalé saka lirik kang dinyanyekake bola-bali, sanajan tegesé ora dingertèni.[2] Jogèd iki nggambaraké harmoni, pepadan lan persahabatan antar kaum wanita sarta minangka èksprèsi kebebasan lan kegembiraan wong mau kabèh.[2] Wiwitane obahan jogèd wiwit kanthi alon-alon lan saya suwé dadi sansaya rikat saéngga katon lumayu ing bunderan.[1]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g Ganggangsullae Dance, visitkorea. Diundhuh tanggal 24 April 2010.
- ↑ a b c d e Intangible Cultural Heritage - ICH, Ganggangsullae, unesco. Diundhuh tanggal 24 April 2010.
- ↑ a b c d e f Ganggang Sullae, Thanksgiving Day Festival Archived 2015-05-21 at the Wayback Machine., arirang. Diundhuh tanggal 24 April 2010.
- ↑ Ganggangsullae Archived 2010-11-23 at the Wayback Machine., kbs. Diundhuh tanggal 14 Mèi 2010.
- ↑ Pengakuan UNESCO untuk asset budaya tradhisional milik Korea sebagai warisan budaya yang tak berwujud dari kemanusiaan[pranala mati permanèn], kbs. Diundhuh tanggal 14 Mèi 2010.
Uga delengen
[besut | besut sumber]- Ganggang Sullai, restoran masakan Koréa.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- (ing basa Koréa)강강술래
Cithakan:Karya Agung Warisan Budaya Lisan dan Nonbendawi Manusia Koréa Kidul