Gamelan Bali

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Gangse

Gamelan Bali ya iku salah satu jinis Gamelan yang ada di Indonésia.[1] Gamelan Bali iku dhapuré unik, rancakané nganggo ukir keliling kang ing jeroné ukiran nyritakaké bab Sajarah Ramayana utawa Mahabarata.[1] Gamelan Bali uga duwé ciri khas swara kang duwèni tempo lan dinamika musikal kang apik.[1] Bedané karo Gamelan jawa, Gamelan Bali luwih akèh kang dhapuré wilah tinimbang wujud pencon.[1] Trus wilahé luwih kandhel, dadi bisa ngasilaké swara kang nyaring.[1] Ciri liyané ya iku Cèng-cèng utawa Symbal cilik, cèng-cèng iki swarané uga nyaring mula bisa gawé swara Gamelan Bali béda karo swara Gamelan Jawa.[1]

Pola Tabuhan[besut | besut sumber]

Pola tabuhan kang dienggo ing Gamelan Bali ya iku Pola Imbal.[2] Pola imbal kang dienggo ya iku imbal kang statis lan rikat.[2]

Ricikan[besut | besut sumber]

Ricikan ya iku aran kanggo instrumen.[2] Ricikan Gamelan Bali ya iku:

Réyong
  1. Jiyèng,
  2. Réyong,
  3. Kanthil,
  4. Gangsé,
  5. Jigog,
  6. Jublak,
  7. Gong,
  8. Kenong,
  9. Kethuk,
  10. Cèng-cèng(Kecrak),
  11. Kendhang,
  12. Gendèr, lan
  13. Suling.[2]

Ricikan-ricikan iku mau cara nabuhé nganggo cara imbal kajaba Gong, Jigog, jublak, Kethuk, lan Kenong.[2]

Kagunaan[besut | besut sumber]

ing Bali, kagunaan Gamelan Bali akèh banget mligi kanggo kaperluan ngibadah.[2] Gamelan kang kanggo ing saben acara uga béda-béda ora mung saperangkat, contoné kanggo acara nikahan lan sunatan iku gamelané wajib béda sanajan acarané bebarengan.[2] Alasané amarga tujuan acarané kang béda.[2]

Bahan[besut | besut sumber]

kaya Gamelan jawa, bahan kanggo nggawé ricikan Gamelan Bali padha karo bahan Gamelan Jawa.[2] Ya iku campuran antarané Tembaga lan Wesi.[2] Tabuh kang dinggo uga padha, ya iku kayu.[2] Tabuh kanggo Jiyèng, Réyong, lan Kethuk wujud kayuné cilik dawa lan pucuké diblebet kain lan pluntur kaya tabuh bonang ing gamelan jawa, banjur tabuh Kanthil, Gangse, Kenong lan Jublak uga saka kayu nanging dhapuré kaya sungu.[2] Wujud tabuh kanggo jigog padha karo wujud tabuh Gong.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f Gamelan(10 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m Sadra,Wayan.1996.Teknik Bermain Gamelan:Karawitan Bali.ISI Press.Surakarta.