Gaman nuklir

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Awan cendawan pangeboman Nagasaki, Jepang, 1945, munggah dhuwur tekan 18 km sandhuwuré hiposentrum.

Gegaman nuklir iku gegaman sing éntuk tenaga saka reaksi nuklir lan duwé daya pamusnah sing ngédab-édabi - sawijining bom nuklir bisa musnahaké sawijining kutha. Gegaman nuklir wis digunakaké mung kaping pindho sajeroning peperangan - samangsa Perang Donya II déning Amérika Sarékat marang kutha-kutha Jepang, Hiroshima lan Nagasaki. Ing wektu iku daya jeblugan bom nuklir sing ditibakké ing Hiroshima lan Nagasaki gedhéné 20 kilo(ewon) ton TNT. Kamangka bom nuklir saiki duwé daya jeblug punjul 70 mega(yutan) ton TNT

Nagara pamilik gegaman nuklir sing dikonfirmasi ya iku Amérika Sarékat, Rusia, Britania Raya (Inggris), Prancis, Républik Rakyat Cina, India, Koréa Lor lan Pakistan. Saliyané iku, nagara Israèl dipercaya duwé gegaman nuklir, sanajan ora diuji lan Israèl ora gelem ngonfirmasi yèn duwé gegaman nuklir utawa ora. Delengen pratélan nagara mawa gegaman nuklir luwih lanjut.

Wangun bom nuklir sing ditibakké ing Hiroshima lan Nagasaki

Gegaman nuklir saiki bisa diluncuraké liwat manéka cara, kaya ta liwat montor mabur pangebom, pluru kendhali, pluru kendhali balistik, lan pluru kendhali balistik let bawana.

Pranala njaba[besut | besut sumber]