Gègèr sastra 1968
Gègèr Sastra 1968 ya iku prastawa sepisanan karya kagunan ana Indonesia diadili ing pengadilan pidana.[1] Prastawa iki mangkat saka diemoté cerkak Langit Makin Mendung karyané Ki Pandji Kusmin ing kalawarti Sastra ing Agustus 1968.[2][3][4]
Hans Bague Jassin minangka kepala kalawarti Sastra, nolak ngungkap jeneng asli panganggit cerkak kang isiné dianggep ngina Gusti iku.[1][4] Amarga iku, dhèwèké dikèki ukuman ora olèh nerbitaké apa waé kang mambu sastra sasuwéné setaun.[1] Kasus iki banjur nuwuhaké pitakonan peran kritik kagunan kang dadi médhiator antarané publik karo seniman.[3]
Sajatiné cerkak iku ngritik Soekarno lan Partai Kuminis Indonesia (PKI).[3] Nanging émané, imajinasiné kebablasen, saéngga dhèwèké dituding ngina Islam.[3][5]
Prosés Perkara
[besut | besut sumber]Kejaksaan Tinggi Sumatra Utara ana Medan nyita kalawarti Sastra ing tanggal 12 Oktober 1968.[2] Kajaba iku, kantor kalawarti Sastra ana Jakarta didemo déning saklumpukan wong.[2]
Para pengarang lan seniman Jakarta, sawisé éntuk warta saka Medan tanggal 12 Oktober 1968, nggawé pernyataan protés ngenani larangan perédharan kalawarti Sastra.[2] Kalawarti KAMI, tanggal 14 Oktober 1968, ana tajuk rencanané ngulas pelarangan iku.[6] Ana tajuké iku karan yèn kasusastran mung bisa tuwuh angger ana kamardikan nyipta; kasusastram bisa dadi kredil utawa mati yèn kamardikan diwatesi.[6]
Tanggal 22 Oktober 1968, Ki Pandji Kusmin gawé layang njaluk pangapuraning pamaca kalawarti Sastra lan njipuk cerkaké kanthi ujar cerkak iku dianggep ora tau ana.[6] Dhèwèké ora maksud ngina Islam. mung péngin nggeguyu jaman pamaréntahané Soekarno.[6]
Prosés pengadilan prakara iku ana Jakarta antarané taun 1969-1970.[6] H. B. Jassin dicekel pulisi lan diadili ana 4 Fèbruari lan 11 Fèbruari 1970.[3] Jaksa nuduh dhèwèké nglanggar Pasal 156 j.o. Pasal 55 ayat (1) sub c. KUHP.[3] Tanggal 28 Oktober 1970, hakim nibakaké vonis.[5] H. B. Jassin ditibani ukuman setaun kunjara kanthi masa percobaan rong taun.[5]
Pungkase, Heboh Sastra 1968 dadi salah sawijining bukuné H. B. Jassin kang terbit taun 1970.[5] Buku iku isi karangan Jassin karo rekaman pambelané ana prastawa sing marai gègèr iku.[5]
Tanggepan
[besut | besut sumber]Saka kaum ulama iya ana tanggepan, antarané saka Mantri Agama Republik Indonesia lan Hamka.[6] Hamka ngrasa kesinggung lan nganggep panganggité gawé dosa gedhé lan patut dipatèni.[5]
Bahrum Rangkuti ora sarujuk karo Hamka.[5] Dhèwèké ujar yèn kakarepan panganggité ya iku ngresiki Islam saka racun-racun Nasakom.[5]
Achdiat Karta Mihardja duwé gagasan yèn nulis ing Indonesia durung duwé démokrasi, sing artiné apa waé dirembug blak-blakan lan toleransi.[5] Ngenani kalawarti Sastra, apike dirembug ing papan terbuka antarané sastrawan, ahli agama, ahli ukum, ahli ngèlmu jiwa, ahli pendhidhikan, ahli kemasyarakatan, lan ahli-ahli liyané supaya masarakat ngerti adheg-adhegé para ahli lan njipuk dudutan dhéwé-dhéwé.[5]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c Dwiana, Ignatius (2013). Yan Chrisna Dwi Atmaja (èd.). "Pameran Sidang Hans Bague: Heboh Sastra 1968". Satu Harapan. Dibukak ing 8 August 2016.
- ↑ a b c d Dendy Sugono 2003, kc. 129.
- ↑ a b c d e f Noer, Nurdin M. (25 June 2016). "Heboh Sastra 1968 – "Langit Makin Mendung" Ki Pandji Kusmin". Cirebontrustcom. Dibukak ing 8 August 2016.
- ↑ a b Sarathan, Indra (2007). "Heboh Sastra 1968: Kontroversi Cerpen "Langit Makin Mendung" Karya Kipandjikusmin (Sebuah Telaah Estetika Resepsi)". Academia.edu. Dibukak ing 8 August 2016.
- ↑ a b c d e f g h i j Dendy Sugono 2003, kc. 131.
- ↑ a b c d e f Dendy Sugono 2003, kc. 130.
Bibliografi
[besut | besut sumber]- Dendy Sugono, èd. (2003). Ensiklopedia Sastra Indonesia Modern. Bandung: Remaja Rosdakarya. ISBN 979-692-283-5.