Bahrum Rangkuti
Kolonel Laut Bahrum Rangkuti | |
---|---|
Lair | 7 Agustus 1919 Galang, Deli Serdang |
Pati | 13 Agustus 1977 Jakarta |
Taman Makam Pahlawan Kalibata | |
Alma mater | Universitas Indonésia |
Kondhang ing | Sastrawan |
Bojo | -Ningrum (Cerai mati) -Apul Batubara |
Anak | 5 |
Wong tuwa | M. Tosib Rangkuti dan Siti Hanifah Siregar |
Bahrum Rangkuti ya iku pengarang, guru, wartawan, rohaniwan, punggawa nagari, uga wong militèr.[1] Dhèwèké lair ing Riau, nanging asli wong Batak.[2] Kulawargane kenthel Islame, ibune seneng tasawuf lan mistik, déné bapaké seneng tarekat.[2][3] Bahrum miwiti pawiyatane ing Medan ana HIS (Hollands Inlandse School), banjur HBS (Hogere Burger School), AMS (Algemene Middelbare School), nerusaké manèh ing Faculteit de Lettern utawa Fakultas Sastra ana Universitas Indonésia.[2][4] Wiwitane nggawe karya sastra, dhèwèké nggawe sandiwara radhio lan geguritan.[3] Ana lingkunan militèr dhèwèké dadi Brigjen minangka Imam Wadya banjur diangkar minangka punggawa tinggi ana Departemen Agama RI.[5]
Ana Donya Sastra
[besut | besut sumber]Akeh geguritané kang kekarep ngagungake alam, uga pepinginane nunggal Gusti.[6] Arepa ngono, dhèwèké dudu wong kang golèk utawa mabuk péngin nunggal karo Gusti, kaya Amir Hamzah.[6] Bahrum wis nemu apa kang diyakini.[6] Banjur, apa-apane bali manèh ana kauripan.[6] Akeh geguritané kang banjur diemot ana kalawarti Horison, nudhuhake campure olehe ngayati agama lan preduli sosial. Religiusitase njalma ana realitas kauripan sosial[6] Iya iku geguritan kang makili sikap kepenyairane kang religius, uga responsif ngenani urip sakiwa-tengene.[6]
Ing kapengarangan, Bahrum Rangkuti urip sajaman karo Chairil Anwar, Asrul Sani, lan H. B. Jassin.[1] Kulawarga Gerilya karyané Pramoedya Ananta Toer lan Di Bawah Lindungan Kabah karyané HAMKA nuwuhaké niate kanggo makarya.[1] Khusus kanggo Pramoedya, dhèwèké nulis buku irah-irahan Pramoedya Ananta Toer dan Karja Seninja kang diterbitake Gunung Agung ing taun 1963.[1]
Kapengarangan Bahrum Rangkuti diwernani pikiran-pikirane Iqbal, pengarang Pakistan kang dhèwèké senengi.[3] Bahrum naté éntuk sorotan nalika nggelar sandiwara radhio ngenani Muhammad kang irang-irahan Sinar Memantjar di Djabal Ennur, dhèwèké diprotes keras.[7] Protes kuwi kang dadi sebab dhèwèké nyinaoni buku Muhammad Iqbal kang irah-irahan The Reconstruction of Religion Thought in Islam.[7]
Karya Sastra
[besut | besut sumber]Puisi:[7]
1. Toehankoe, ing Pandji Poestaka no. 9-10 taun kaping 21, taun 1943;
2. Akibat, ing Pantja Raja no. 24 taun kaping 1, taun 1946;
3. Laila, ing Gema Suasana no. 4 taun kaping 1, taun 1948;
4. Pasar Ikan, ing Gema Suasana no. 7 taun kaping 1, taun 1948;
5. Sajak-Sajak Muhammad Iqbal, ing Siasat no. 219, taun kaping 5, taun 1951;
6. Lebaran di Tengah-Tengah Gelombang, ing Horison no. 12 taun kaping 6, taun 1971.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d Dendy Sugono 2003, kc. 53.
- ↑ a b c "Bahrum Rangkuti". Diarsip saka sing asli ing 2016-09-17. Dibukak ing 1 Juli 2016.
- ↑ a b c Dendy Sugono 2003, kc. 51.
- ↑ Dendy Sugono 2003, kc. 52.
- ↑ Raharjo, Dawam (22 Dhésèmber 2005). "Gerakan Ahmadiyah dalam Krisis". Ahmadiyah. Dibukak ing 6 Agustus 2016.
{{cite web}}
: Cite has empty unknown parameter:|8=
(pitulung)[pranala mati permanèn] - ↑ a b c d e f Mahayana, Maman S. "Sajak-Sajak Religius Bahrum Rangkuti". Jendela Sastra. Dibukak ing 6 Agustus 2016.
- ↑ a b c Dendy Sugono 2003, kc. 54.
Bibliografi
[besut | besut sumber]- Dendy Sugono, èd. (2003). Ensiklopedia Sastra Indonésia Modern. Bandung: Remaja Rosdakarya. ISBN 979-692-283-5.