Ekspedisi Papua Kidul (1907)
Ekspedisi Papua Kidul (1907) ya iku pacoban kapisanan saka 3 runtutan èkspèdhisi Walanda tumuju pasisir kidul kawiwitan saka pucuk gunung mangsa iku isih dikemuli salju abadi ing Papua Tengah. Ekspedisi kang diorganisasi ing sangisoré bebantu Indisch Comité voor Wetenschappelijke Onderzoekingen lan Maatschappij ter Bevordering van het Natuurkundig Onderzoek der Nederlandsche Koloniën.
Tumuju
[besut | besut sumber]Ekspedisi panjelajah Dataran Dhuwur Tengah kang diselenggarakake déning lembaga-lembaga ilmiah, kang tumuju minangka ing babagan komersil lan minangka (minangka) mitra independen sajeroning saubengé panjelajahan militèr kang diselenggarakake pamaréntah Ekspedisi mau uga dibiyantu déning detasemen militèr tumuju nyisir pasisir kang ora kajamah lan pametaan ing sapérangan tlatah primitif.
Paserta
[besut | besut sumber]Pamimpin èkspèdhisi ya iku dipandegani déning hakim lan biolog amatir panjenengané Hendrikus Albertus Lorentz kang ngelaporake babagan zologi lan étnografi.Panjenengané Perwira AL Jan Willem van Nouhuys duwé tugas dadai paneliti babagan géologi, topografi, lan meteorologi, uga dhokter wadya panjenengané Gerard Martinus Versteeg minangka duwé tanggung jawab ngawasi kaséhatan lan antropologi, sawatara "naturalis" panjenengané J.M. Dumas uga mèlu ing èkspèdhisi minangka kaunggulan ing tata wicara ing tlatah Papua kang ora bisa kanthi gampang di tapak tilasi.Pérangan dokumentasi dipercayakake déning panjenenganipun Lorentz lan Versteeg kang ngasilaké aneka foto èkspèdhisi.
Let. C. Schultz duwé wewenang dadi komando minangka kawalan 45 militèr, 60 NaPi kang kejiret kukum minangka duwé tugas dadi tenaga angkut barang lan 60 wong Dayak saka Kalimantan, pribumi asli kang urip ning alas uga mèlu dadi tenaga angkut, tukang masang kolongan, pantunjuk dalan, tukang ngawe bivak lan tukang kang ahli ing bidangé. Sajeroning kelompok èkspèdhisi kababar déning 3 mandor, pangawas wong kang kajiret ukuman, lan staf 's Lands Plantentuin ing Buitenzorg (saiki dadi Kebun Raya Bogor) kang duwé kaprigelan dadi ahli sajeroning katrampilan lan pangopenan spésimèn botani.
Lelaku èkspèdhisi
[besut | besut sumber]Kanthi numpak prau uwab Valk, èkspèdhisi brangkat kawiwitan saka Surabaya ing wulan April 1907. Kapal marinir Zwaluw kang rusak tanpa mesin ditarik lan didadèkaké kapal bivak, ya iku kapal kang duwé mupangat kanggo dimuati panganan kanggo paserta èkspèdhisi lan minangka gudang koleksi ilmiah sajronin lakuné èkspèdhisi tumuju balik ing kutha asal.Kanthi ngelewati muara Kali Lor (Noordrivier) pérangan kidul, tlatah kang adoh saka padalaman gegunungan lan cerak déning Pucuk Wilhelmina (saiki Pucuk Trikora) kang dikemuli salju abadi uga ing kana ana tinemu hulu Kali Lor, para anggota eskpedisi tumuju Pulo Bivak kanti numpak prahu lawan ombak gedhé ing tengah kali kang amba, lan ing kali iki Zwaluw ditinggalake saka rombongan lan dikawal déning kapal cilik. Saka paluloan Bivak, para panjelajah lumebu ing sajeroning pedalaman migunakaké prahu lan kano cilik. Ing saben panggonan sadawané pinggir kali, bivak-bivak cilik dilakukake para anggota èkspèdhisi lan akhiré uga ditinggalake amarga kaanan kali kang duwé ombak gedhé. Banjur, ing antarané kapal bivak lan pamukiman sawentara ing sadawané kali kadadéan kanggo ngirim bahan panganan lan sapanunggalipuné. Ing wulan Juli, sakabehane anggota èkspèdhisi miwiti manèh lelaku kang tumuju ing hulu lan Kamp Alkmaar diyasa déning panjenengané Lorentz lan Van Nouhuys uga ora adoh saka panggonan sawatara kang diyasa tinemu paradhen utawa dataran tinggi kang gedhé saka pagunungan ing tengah,. Karana kali kang duwé kaanan ora bisa di lewati amarga kaanan cuaca lan iliné banyu kang deres prahu ora bisa nerobos minangka nutukake panjelajahan. Lan para panjelajah kudu ngelanjutakelelaku èkspèdhisi kanthi njupuk dalan lumantar alas ninggal prahu lan lumaku ngelewati padalaman. Geger gunung kang amba lan gedhé diunggahi kanthi lumaku kaanan ing sakiteré geger gunung ora bisa keton jelas amarga anané salju abadi kang nyelimuti saubengé paradhen/bukit. Lelaku nerobos salju luwih dawa lan abot tinimbang lelaku numpak prahu. Kaanan kaya mangkono njalari para anggota èkspèdhisi kena lelara amarga kaanan awak kang kurang séhat lan kesel uga njalari sapérangan anggota ana ing tilar donya amarga kaanan lelara kang ora katulungan. Ing mangsa kang bebarengan sabagiyyan tukang panggul akut barang kaserang beri-beri, uga rampe panganan mulainipis lan ombenan seger wis kuran amarga lelakon èkspèdhisi kang mbutuh wektu kang suwé.Ing tetengahan wulan Oktober sakabehané anggota paserta èkspèdhisi baling menyang Pulo. Bivak lan balik ing kapal. Ing tanggal 22 Oktober, Valk lelayar tumuju kutha pelabuhan Merauke banjuristirahat lumantar sewulan, ing tanggal 1 Dhésèmber 1907 rombongan muleh ing Surabaya.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Ballard C, Vink S, Ploeg A. 2001. Race to the Snow: Photography and the Exploration of Dutch New Guinea 1907-1936. Amsterdam: KIT Publishers.
- Van den Broek AJP. "Das Skelett eines Pesechem", dalam: Nova Guinea 7, buku 3, hal. 233-276. Leiden: E.J. Brill, 1918.
- Lorentz HA (1907). "De N. Guinea-expeditie van de Mij. ter bevordering van het Natuurk. Onderzoek der Ned. koloniën". Tijdschrift van het Aardrijkskundig Genootschap. 24: 466–71.
- Ploeg A (1995). "First Contact in the Highlands of Irian Jaya". Journal of Pacific History. 30: 227–39.
- Rouffaer GP (1908). "De terugkeer en afloop der Lorentz-Expeditie naar Nederlandsch Zuid-Nieuwguinea". Tijdschrift van het Aardrijkskundig Genootschap. 25: 133–44.
- Souter G. 1966. New Guinea: The Last Unknown. New York: Taplinger.