Drosophila melanogaster
Praèn
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
| Drosophila melanogaster | |
|---|---|
| Drosophila melanogaster Jantan | |
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Animalia |
| Filum: | Arthropoda |
| Klas: | Insecta |
| Ordho: | Diptera |
| Famili: | Drosophilidae |
| Subfamili: | Drosophilinae |
| Génus: | Drosophila |
| Subgénus: | Sophophora |
| Species group: | Grup melanogaster |
| Species subgroup: | Subgrup melanogaster |
| Species complex: | melanogaster |
| Spésies: | D. melanogaster |
| Jeneng binomial | |
| Drosophila melanogaster Meigen, 1830[1] | |
Drosophila melanogaster ya iku salah sawijiné jinis gegremet kang nduwé suwiwi lan kalebu ing ordho Diptera (bangsanè laler).[2] Drosophila melanogaster iku laler kang asring tinemu ing woh-wohan kang wis bosok, mula uga diarani lalat buah (laler woh).[2] Drosophila wis digunakaké taun-taunan ing kajian genetika lan tindak-tanduk kéwan.[2]
Ciri morfologi
[besut | besut sumber]- Werna awak kuning rada coklat kanthi ali-ali awerna ireng ing awak pérangan mburi.[2]
- Ukurané cilik, antarané 3–5 mm.[2]
- Urat pinggir suwiwi (costal vein) nduwé rong pérangan terinteruptus cedhak karo awaké.[2]
- Sungut (arista) padatan dhapuré kaya wulu, nduwé 7-12 cabang.[2]
- Padatan Crossvein posterior lurus, ora mlengkung. Mripat majemuk dhapuré bunder rada lonjong lan wernané abang.[2]
- Ana mripat oceli ing pérangan dhuwur sirah kanthi ukuran luwih cilik tinimbang mripat majemuk.[2]
- Thorax ana wuluné kanthi warna dhasar putih, déné abdomen nduwé ros lima lan ana garis ireng.[2]
- Suwiwiné dawa, wernané nrawang lan manggoné wiwit saka sirah.[2]