Daérah Istiméwa Surakarta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Dhaérah Istiméwa Surakarta (basa Indonésia: Daerah Istimewa Surakarta utawa dicekak DIS) utawa Laladan Mirunggan Surakarta (Hanacaraka: ꦭꦭꦢ꧀ꦢꦤ꧀ꦩꦶꦫꦸꦁꦒꦤ꧀ꦯꦸꦫꦏꦂꦠ) minangka wilayah otonom khusus (basa nalika iku daerah isitimewa) kang sacara de facto ana ing antarané Agustus 1945 tumekan Juli 1946 . Pangukuhan status otonomi khusus nalika samana durung ditemtokaké mawa ukum Angger-Angger mligi adhedhasar pasal 18 UUD asli, nanging namung mawa Piagam Penetapan Presiden tanggal 19 Agustus 1945 lan UU No. 1 Taun 1945 babagan Kalungguhané Komite Nasional Daérah.

Mulabukané Laladan Mirunggan (Daerah Istimewa)[besut | besut sumber]

Kasunanan Surakarta lan Praja Mangkunagaran nalika tanggal 18-19 Agustus ngirim kawat kang isiné pangayubagya marang Soekarno-Hatta awit kamardikané Républik Indonésia. Banjur ing tanggal 1 Sèptèmber 1945, patang dina sadurungé Kasultanan Ngayogyakarta ngirim atur pangayubagya, SISKS Pakubuwana XII lan KGPAA Mangkunagara VIII, sacara kapisah ngirimi layang dhekrit praja. Limang dina sabanjuré, ya iku tanggal 6 Sèptèmber 1945, monarki loro iku mau merkolèh Piagam Panetepan saka Présidhèn Indonésia.

Wewangkon kang kawengku Laladan Mirunggan[besut | besut sumber]

Wilayah kang kawengku DIS kadadèn saka:

  1. Wilayah Kasunanan kadadèn saka: a. Kabupatèn Surakarta (Kutha Surakarta saiki (disuda kacamatan Kecamatan Banjarsari, Kacamatan Kertèn, Kacamatan Jajar lan Kacamatan Karangasem ing Kacamatan Lawéyan, Kecamatan Majasanga ing Kecamatan Jebres) ditambah karo Kabupatèn Sukaharja), b. Kabupaten Klathèn (kalebu Kuthagedhé lan sawenèh Imagiri[1] ), c. Kabupatèn Boyalali, d. Kabupatèn Sragèn.
  2. Wilayah Mangkunegaran kadadèn saka: a. Kabupatèn Karanganyar (minang Calamadu lan kacamatan Gondangrejo), b. Kabupatèn Wanagiri (kalebu éksklav Ngawèn ), lan d. Kabupatèn Kutha Mangkunagaran [2] .

Kalungguhaning Laladan Mirunggan (Daerah Istimewa)[besut | besut sumber]

Ora ana angger-angger kang nyebutaké prenahé DIS, apa ing tingkat provinsi (kaya déné DIY) utawa ing lèvel Kabupatèn (kaya déné ing Kutai, Berau, lan Bulongan). Kanthi mangkono ora bisa dingertèni kanthi cetha kepiyé prenah lungguhé DIS [3] .

Pamaréntahan Laladan Mirunggan[besut | besut sumber]

Pamaréntahan ing DIS dipérang dadi rong tahap sajrone periodhe Agustus 1945 nganti Juli 1946. Saben tahapan nuduhaké prabédan kang signifikan.

Pamaréntahan DIS Agustus 1945 - Oktober 1945[besut | besut sumber]

Sajroning wektu kasebut, ana sawenèh pamréntahan kang lumaku ing DIS, ing antarané ya iku:

  1. Pamaréntah Kooti Zimukyoku (pamaréntah Jepang)
  2. Pamarentahan Komite Nasional Indonesia ing laladan Surakarta
  3. Pamaréntahan Kasunanan Surakarta
  4. Pamaréntah Praja Mangkunagaran

Saben pamaréntahan duwèni kuwasa lan aparat dhéwé-dhéwé. Pamaréntahan Kooti Zimukyoku minangka pamaréntah status quo kang nerusaké pamaréntahaning Tentara Sekuthu minangka kang menang Perang Donya II. Pamaréntahan iki ora suwé amarga agé-agé direbut déning pamaréntah KNI Wilayah Surakarta. Pamaréntahan KNI Wilayah Surakarta minangka pamaréntahan kang dibentuk déning masarakat minangka réaksi kanggo nyengkuyung kamardikaning Indonésia. Pamaréntahan iki ngripta Dewan Pemimpin kang cacahé ana telung wong kanggo ngetrapaké kekawasan éksekutif padinan.

Pamaréntahan Kasunanan Surakarta iku pamaréntahan kang nutugaké pamaréntahan monarki sadurungé kamardikaning Indonésia. Pamaréntahan Kasunanan Surakarta dipimpin déning Sénapati utawa Pepatih Dalem kang mréntah ingatasé nama Susuhunan Pakubuwana.

Radyalaksana The Emblem of Surakarta Kingdom.svg

Déné papréntahan Praja Mangkunagaran nutugaké pamaréntahan monarki sadurungé mardikaning Indonésia. Pamaréntahan Praja Mangkunagaran kang dipimpin déning Sénapati utawa Pepatih Dalem kang mréntah ingatasé nama Adipati Mangkunagara. Kalawan anané papréntahan kang manéka warna, nyebabaké tumpang tindhih kakuwasan lan saingan kanggo rebutan legitimasi masarakat lan papréntahan pusat.

Lambang Mangkunegaran-edit.png

Pamaréntahan DIS Oktober 1945 - Juli 1946[besut | besut sumber]

Kanggo mrantasi gègèran lan tumpang tindhihing pamaréntahan DIS, nuli Pamaréntah Pusat ngutus Gubernur Jawa Tengah RP. Soeroso minangka panengah lan miwiti nggawé pamaréntahan kang anyar. Wiwit saka iku, pamaréntahan DIS dumadi saka:

  1. Komisioner ing Pemerintah Pusat
  2. Badan Pekerja KNI Wilayah Surakarta
  3. Direktori Wilayah Surakarta

Pulitik[besut | besut sumber]

Ing umur kang itungané isih cekak, DIS ora uwal saka manéka warna gègèran pulitik.

Ékonomi[besut | besut sumber]

Nganti saiki durung ana informasi jangkep babagan ékonomi DIS ing antarané taun 1945-1946.

Sosial Budaya[besut | besut sumber]

Nganti saiki durung ana informasi jangkep babagan sosial lan budaya DIS ing antarané taun 1945-1946.

Panyigegan[besut | besut sumber]

Ngèlingi kahanan gègèran ing Surakarta lan ora lumakuné pamaréntahan lokal kanthi èfèktif, banjur pamaréntah pusat nyigeg pamaréntahan Daerah Istimewa lan disulihi klawan pamaréntahan Karésidhènan kang mapan caket ana ing sangisoré Pamaréntah Pusat. Kanthi mangkono, wiwit tanggal 15 Juli 1946, Dhaérah Istiméwa Surakarta resmi disigeg tumekaning wektu kang ora dèn temtokaké. Sabanjuré pamaréntahan dilakokaké déning Pamaréntah Karésidhènan Surakarta.

Pambubaran[besut | besut sumber]

Sawisé nampa atur pangayubagya awit kadaulatan nalika Dhésèmber 1949, Pamaréntah negara bagéan Républik Indonésia wiwit nata wilayahé. Ing tengahan taun 1950, Jawa dipérang dadi 3 propinsi lan tingkat propinsi khusus cacah 1. Kalimantan digawé propinsi administratif lan Sumatra dipérang dadi 3 propinsi. Tundhoné kalawan UU Républik Indonésia Nomer 10 taun 1950, Karésidhènan Surakarta minangka wujud métamorfosis saka Daérah Istiméwa Surakarta diatur dadi wewangkoning Provinsi Jawa Tengah. Saliyané iku, kabèh swapraja sing ana (monarki pra-Indonésia) sing isih ana sacara de jure utawa de facto dibusak kalawan UU No. 18 Taun 1965. Kanthi mangkono, mangka mungkasi kakuwasaning para panguwasa monarki Surakarta. Kahanan iki nuli dikuwataké kanthi pratélaning UU Nomer 32 Taun 2006 babagan Pamaréntah Daérah kang medharaké kang minangka wilayah khusus yaiku namung Daérah Istiméwa Acèh lan Daérah Istiméwa Yogyakarta.

Pangedegan Manèh[besut | besut sumber]

Bebarengan karo binukané semangat otonomi dhaérah kanggo Papua (2001), Papua Kulon (2008), Acèh (2001 lan 2006), lan DKI Jakarta (1999 dan 2007) sarta pangukuhan status mirungganing Acèh (1999 lan 2006) lan Yogyakarta (2012), banjur ana wacana kanggo ngedegaké manèh Dhaérah Istiméwa Surakarta minangka péranganing NKRI. Salah sawijining cara kang dilakoni ya iku uji matèri menyang Mahkamah Konstitusi.

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. kawit taun 1957 dadi wewengkoning DIY
  2. kadadèn saka kacamatan Banjarsari, kecamatan Calamadu (kalebu Kertèn, Jajar, dan Karangasem), lan kacamatan Gondhangreja (kalebu Majasanga)
  3. kalungguhaning daerah istimewa satingkat karo provinsi utawa satingkat kabupatèn, utawa satingkat désa, nembé ana ing taun 1948 lumantar UU 22/1948, kamangka DIS wis disigeg/dibubarké sacara alus ing taun 1946, rong taun sadurungé UU iku disahaké

Deleng uga[besut | besut sumber]