Croup

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Croup
Classification and external resources
The steeple sign as seen on an AP neck X-ray of a child with croup
ICD-10 ICD-10 Chapter J|J050
ICD-9 464.4
DiseasesDB 13233
MedlinePlus 000959
eMedicine ped/510 emerg/370 radhio/199
MeSH D003440

Croup (utawa laringotrakeobronkitis) tegesé infeksi dalan ambegan kang disebabake déning infeksi nemen/parah ing dalan ambegan pérangan ndhuwur. Infeksi mau njalari abuhing gorokan njero. Amarga abuh kaya mangkono, pasien dadi ora bisa ambegan kanthi normal; banjur dadiya tandha-tandha Croup ya ikuwatuk kang "njegog" , stridor (mengi kang nganti nyuwara ngik), lan swara kang serak gerok. Tandha-tandha Croup bisa entheng, sedhengan, utawa, nemen, lan lumrahé tambah nemen nalika wayah bengi. Dosis steroid oral sapisan bisa nambani infeksi mau. Kadhangkala epinefrin uga digunakaké ing kasus-kasus kang luwih nemen. Arang lelakoné yèn pasien kudu dirumat ing rumah sakit.

Croup didiagnosis dhedhasar kahanan klinis, jalaran tandha-tandha kang luwih nemen wis ora dianggo manèh (contoné, epiglottitis utawa barang asing kang nyangkut ing dalan ambegan). Panlesihan bab-bab liyané—kaya ta tes getih, ronsen sinar-X, lan kultur—ora diprelokake. Croup ya iku kahanan biyasa kang tinemu ing 15% bocah, kang umurane antarané 6 sasi nganti 5–6 taun. Remaja karo wong diwasa arang kena Croup.

Tandha lan tandha-tandha[besut | besut sumber]


Ana prakara nalika muter this file? Wacaa pitulung médhia.

Tandha-tandha Croup antarané watuk "njegog", stridor(ambegan nganti nyuwara ngik), serak gerok, lan angèl ambegan kang lumrahé tambah nemen ing wayah bengi.[1] Watuk "njegog" mau asring digambarake memperanjing laut utawa singa laut nyeluk.[2] Nangis bisa marahi ambegan ngak-ngik mau saya nemen; ngak-ngik bisa amarga dalan napas saya ciyut. Ambegan ngak-ngik bisa mudhun nyata banget nalika Croup saya nemen.[1]

Tandha-tandha liyané kaya ta panas, coryza (tandha-tandha kang biyasa tuwuh ing lara masukangin), lan dhadha kang katon ketarik mlebu.[1][3] Ngeces utawa praupan lara mènèhi pratandha kahanan medis liyané.[3]

Panyebab[besut | besut sumber]

Sawijining virus bisa njalari Croup.[1][4] Saperang wong migunakaké tembung mau kanggo ngatutakelaringotrakeitis nemen, Croup spasmodik, dipteri laringeal, trakeitis asebab baktèri, laringotrakeobronkitis, lan laringotrakeobronkopneumonitis nemen. Rong kahanan kang sinebut pisanan ngatutake virus lan duwé tandha-tandha kang luwih entheng; patang kahanan sabanjuré disebabake déning baktèri lan lumrahé luwih nemen.[2]

Asebab Virus[besut | besut sumber]

Ing 75% kasus virus parainfluenza, mligi jinis 1 lan 2, dadi virus kang njalari Croup/laringotrakeitis akut.[5] Kadhangkala viruse ya iku virus liyané kang bisa njalari Croup kalebu virus influenza A lan B, campak, adenovirus lan virus respiratory syncytial (RSV).[2] Croup spasmodik (Croup kang nganggo watuk njegog) disebabake déning gugusing virus kang padha karo jalaran laringotrakeitis akut, nanging ora nuwuhaké tandha-tandha infeksi kang biyasa (kaya ta panas, pancingen, lan nambahing cacah sèl darah putih).[2] Pangobatan, lan tanggepan tumrap obat uga memper lelara mau.[5]

Asebab Bakteri[besut | besut sumber]

Croup kang disebabake déning baktèri bisa diperang dadi dipteri laringeal, trakeitis baktèri, laringotrakeobronkitis, lan laringotrakeobronkopneumonitis.[2] Dipteri laringeal disebabake déning Corynebacterium diphtheriae , trakeitis asebab baktèri, laringotrakeobronkitis, lan laringotrakeobronkopneumonitis mligi disebabake déning virus nanging baktèri uga mèlu katut dadi jalaran. Bakteri kang paling umum dadi jalaran ya ikuStaphylococcus aureus, Streptococcus pneumoniae, Hemophilus influenzae, lan Moraxella catarrhalis.[2]

Mekanisme[besut | besut sumber]

Infeksi virus mlebu ing njero sèl darah putih banjur njalari abuhing laring, trakea, lan ngambaning bronki[4] (dalan ambegan). Kahanan abuh mau bisa njalari angeling ambegan.[4]

Diagnosis[besut | besut sumber]

Croup ateges diagnosis klinis.[4]Tumindak sapisanan ya iku misahake kahanan obstruktif/bengek liyané ing dalan ambegan, mligiepiglotitis, barang temangsanging dalan ambegan, stenosis subglotik, angioedema, abses retrofaringeal, lantrakeitis baktèri.[2][4]Yèn pamriksan Ronsening pérangan gulu ora dilakoni kanthi rutin,[4]nanging saora-orane dilakoni sapisan, asile bakal nuduhaké pérangan trakea kang katon nyiyut kang biyasa tumon ing lelara iki, sinebut tandha menara/steeple sign, amarga wujudé kang memper menara gréja menara. Tandha menara iki ora katon ing separoning kasus kang dumadi.[3]Tes getihlan kultur viruss(tes virus) bisa njalari iritasi kang ora prelu ing dalan ambegan.[4]Ewasemono kultur virus, kang dijupuk kanthi nasofaringeal(ya iku cara migunakaké selang kanggo nyedhot riak saka irung), bisa minangka mesthekake jalaran kang satemene. Kultur iki biayasane diwatesi mung kanggo panaliten.[1]Yèn pasien durung mari-mari panggonané lara sawisé diwènèhi pangobatan baku, tes sabanjuré bisa ditindaki kanggo mriksa ana oraning baktèri.[2]

Abot oraning lelara

Sistem kang paling umum minangka nglasifikasi abot oraning Croup ya iku skor Westley. Tes iki luwih kerep minangka panaliten tinimbang praktek klinis.[2]Croup dumadi saka gunggunging biji kang ditrapake tumrap 5 faktor: tingkating kasadaran, sianosis, stridor, mlebuning ambegan, lan retraksi.[2]Biji kang dipasangake ing saben faktor katulis ing tabel ing sisih tengen, lan gunggung keprukke antarané saka 0 nganti 17.[6]

  • Gunggung skor ≤ 2 nandhakake dumadining Croup entheng. Pasien bisa nuduhaké watuk njegog lan swara serak, nanging ora ana ambegan ngak-ngik (wheezing) nalika ngaso.[5]
  • Gunggung skor 3–5 mlebu ing kelas Croup sedheng — pasien nuduhaké ambegan ngak-ngik lan sawetara tandha liyané.[5]
  • Gunggung skor 6–11 kalebu Croup nemen. Croup iki ditandhani stridor kang cetha banget, uga nuduhaké pérangan dhadha kang ketarik mlebu.[5]
  • Gunggung skor ≥ 12 padha karo gagal napas kang bisa dumadi. Ewasemono watuk njegog lan ambegan ngak-ngik wis ora ketara manèh ing tataran iki.[5]

85% pasien bocah kang mlebu UGD nandhang lelara kang entheng; Croup nemen arang lelakoné (<1%).[5]

Panyegahan[besut | besut sumber]

Imunisasi (vaksin) kanggo influenza lan dipteri bisa nyegah lelakoné Croup.[2]

Pangobatan[besut | besut sumber]

Bocah-bocah kang nandhang Croup kudu bisa digawe tetep anteng lan sabar.[4] Steroid rutin diwènèhake, tambah epinefrin yèn penyakite nemen.[4] Bocah-bocah kang nandhang saturasi oksigen (oksigen kang ana ing getih) sangisore 92% kudu diwènèhi oksigen,[2] lan pawongan kang nandhang Croup nemen/abot bisa dilebokake rumah sakit kanggo observasi.[3] Yèn mbutuhake oksigen, prayogane diwènèhake kanthi "blow-by" (ya iku nyelehake sumbering (selang) oksigen ing sacedhaking raine bocah) amarga cara iki bisa ngurangi agitasi/kejang yèn dibandhingake karo nganggo masker.[2] Yèn ditambani, mung kurang saka 0.2% pasien kang mbutuhake intubasi endotrakeal(pamasangan selang ing njero dalan ambegan).[6]

Steroid[besut | besut sumber]

Kortikosteroid, kaya ta deksametason lan budesonida, bisa minangka nambani Croup ing bocah cilik.[7] Ambegan langsung bisa lega sajeroning nem jam sawisé obat diwènèhake.[7] Obat-obatan kaya ngene bisa mandi lumantar cara oral (diombe), parenteral (disuntikake), utawa diserot, nanging cara diombe kang paling disenengi.[4] Lumrahé mung prelu dosis sapisan waé, lan wis umum dianggep aman.[4] Deksametason kang dosise 0,15, 0,3 lan 0,6 mg/kg katone uga padha mandine.[8]

Epinefrin[besut | besut sumber]

Croup sedhengan lan nemen bisa ditulung nganggo nebulisasi epinefrin(larutan kang bisa diserot banjur bisa ngambakake dalan ambegan)[4] Epinefrin bisa langsung ngedhunake nemene Croup ing 10–30 menit, ewasemono apike paling mung bisa nganti 2 jam waé.[1][4] Yèn kahanan apik mau bisa terus nganti wektu 2–4 jam sawisé ditambani tanpa ana komplikasi liyané, pasien bocah lumrahé bisa langsung digawa mulih saka rumah sakit.[1][4]

Liyane[besut | besut sumber]

Obat Croup liyané wis naté ditliti, nanging ora ana bukti kang cukup kanggo ndhukung panggunan usada mau. Nyerot uwab panas utawa hawa humidifikasi ya iku pangobatan pribadi tradhisional, nanging panaliten klinis ora bisa nemu bukti mandine cara mau[2][4] lan saiki arang dianggo manèh.[9] Panggunan obat watuk, kang lumrahé ngandhutdektrometorfan lan/utawa guiafenesin, iku ora apik.[1] Biyèn, yyerot heliox (campuran hélium lan oksigen) kanggo ngurangi ambegan kang abot wis naté dianggo, nanging ora ana bukti kang ndhukung panggunane.[10] Croup ya iku lelara kang disebabake virus, mulaantibiotik ora digunakaké kajaba baktèri diprakirakake uga dadi jalaran.[1] Antibiotik vankomisin lan sefotaksim disaranake kanggo infeksi baktèri.[2] Ing kasus-kasus nemen kang gegayutan karo influenza A utawa B,antivirus pangalang neuraminidase bisa diwènèhake.[2]

Prognosis[besut | besut sumber]

Croup kang disebabake déning virus lumrahé mung lelara kang maridhewe lan mung sadhéla; lelara iki arang njalari pasien nemahi pati amarga gagal ambegan lan/utawaserangan jantung.[1] Tandha-tandha lumrahé mundhak dadi apik ing rong dina, nanging bisa uga nganti pitung dina.[5] Komplikasi liya nanging ora biyasa ya iku trakeitis asebab baktèri, pneumonia, lan edema paru.[5]

Epidemiologi[besut | besut sumber]

Kira-kira 15% bocah, lumrahé saumuran antarané 6 wulan nganti 5–6 taun, wis naté kena Croup.[2][4] Croup dadi lelara kang njalari 5% rumatan rumah sakit kanggo gugus umur iki.[5] Sanajan arang, bocah saumuran 3 sasi nganti sagedhene 15 taun duwé lelara iki.[5] Lanang 50% luwih kerep kena tinimbang wadon; Croup uga luwih kerep kedadeyan ing mangsa palastra.[2]

Sajarah[besut | besut sumber]

Tembung croup asalé saka tembung kriya Basa Inggris Modhern Wiwitan croup, ateges "nangis kanthi swara serak"; aran mau kawitane minangka lelara mau ing Sekotlan banjur dadi kawentar ing abad 18.[11] Croup amarga lelara dipteri wis dipahami kawit mangsane Homer ing jaman Yunani Kuna. Ing taun 1826, Bretonneau mbedakake Croup asebab virus karo Croup amarga dipteri.[12] Wong-wong Prancis ngarani Croup asebab virus nganggo tembung "faux-croup," lan migunakaké "Croup" kanggo lelara kang disebabake déning baktèri dipteri.[9] Croup asebab dipteri mundhak meh ora dipahami amarga tekané imunisasi efektif.[12]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j Rajapaksa S, Starr M (2010). "Croup – assessment and management". Aust Fam Physician 39 (5): 280–2. PMID 20485713.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r Cherry JD (2008). "Clinical practice. Croup". N. J. Med. 358 (4): 384–91. PMID 18216359. doi:10.1056/NEJMcp072022. 
  3. ^ a b c d "Diagnosis and Management of Croup" (PDF). BC Children’s Hospital Division of Pediatric Emergency Medicine Clinical Practice Guidelines. 
  4. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p Everard ML (2009). "Acute bronchiolitis and croup". Pediatr. North Am. 56 (1): 119–33, x–xi. PMID 19135584. doi:10.1016/j.pcl.2008.10.007.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  5. ^ a b c d e f g h i j k l Johnson D (2009). "Croup". Clin Evid (Online) 2009. PMC 2907784. PMID 19445760. 
  6. ^ a b c Klassen TP (1999). "Croup. A current perspective". Pediatr. North Am. 46 (6): 1167–78. PMID 10629679. doi:10.1016/S0031-3955(05)70180-2.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  7. ^ a b Russell KF, Liang Y, O'Gorman K, Johnson DW, Klassen TP (2011). Klassen, Terry P, ed. "Glucocorticoids for croup". Cochrane Database Syst Rev 1 (1): CD001955. PMID 21249651. doi:10.1002/14651858.CD001955.pub3. 
  8. ^ Port C (2009). "Towards evidence based emergency medicine: best BETs from the Manchester Royal Infirmary. Dose of dexamethasone in croup". Emerg Med J 26 (4): 291–2. PMID 19307398. doi:10.1136/emj.2009.072090.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  9. ^ a b Marchessault V (2001). "Historical review of croup". Can J Infect Dis 12 (6): 337–9. PMC 2094841. PMID 18159359.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  10. ^ Vorwerk C, Coats T (2010). Vorwerk, Christiane, ed. "Heliox for croup in children". Cochrane Database Syst Rev 2 (2): CD006822. PMID 20166089. doi:10.1002/14651858.CD006822.pub2. 
  11. ^ Online Etymological Dictionary, croup. Accessed 2010-09-13.
  12. ^ a b Feigin, Ralph D. (2004). Textbook of pediatric infectious diseases. Philadelphia: Saunders. k. 252. ISBN 0-7216-9329-6. 
Skor Westley: Klasifikasi nemen orane Croup[5][6]
Fitur Cacahing biji kanggo fitur iki
0 1 2 3 4 5
Retraksi Dhadha
Ora ana Entheng Sedheng Nemen/parah
Stridor Ora ana Dibarengi
agitasi
Nalika ngaso


Sianosis Ora ana


Dibarengi
agitasi
Nalika ngaso
Tingkating
kasadaran
Normal



Disorientasi
Ambegan mlebu Normal Kurang Mudhun nemen