Congot
Congot ya iku panggonan ketemuné Kali Serayu lan Kali Klawing.[1] Congot manggon ana ing désa Kedungbenda, kacamatan Kemangkon Kabupatèn Purbalingga.[2] Saka Kutha Purbalingga kira-kira adohé 7 km mangidul.[2] Congot duwé sesawangan kang éndah mula panggon iki sok kanggo plesiran.[2] Panggon ketemuné kali Serayu lan kali Klawing iki bisa minangka praon.[3] Saliyané praon, ing Congot uga bisa nonton Lingga Yoni, sarta jiyarah menyang kuburan jago lan sumur bening.[4]
Lingga lan Yoni
[besut | besut sumber]Lingga lan Yoni ya iku minangka watu dawa lan watu kang wujudé kaya lumpang.[1] Saben ing sasi sura, wong sadésa Kedungbenda padha kumpul kanggo kendurèn ana ing konplèk lingga lan yoni.[1]
Sajarah
[besut | besut sumber]Akèh vèrsi carita ngenani congot kang ora ana carita sing gumathok.[5] Ana carita kang sumebar ing masarakat yèn biyèn para Kurawa lan Pandhawa padha nganakaké sayembara nggawaé bengawan, kali nganti tekan sagara.[1] Kurawa diwiwiti saka sikilé gunung Gora (Gunung Slamet) déné para pandhawa diwiwiti saka sikilé Gunung Raga Jembangan (Gunung Diéng).[1]
Sadurungé gawé bengawan padha suka parisuka, pista.[5] Sayembara mau isiné Sing sapa bisa unggul bisa luwih dhisik gawé bengawan nganti tekan sagara, iku bisa nugel janggané, guluné, salah siji saka sing kalah.[1]
Anggoné padha suka parisuka nganti padha ndem-ndeman, ngombé arak lan ciu, sing disuguhaké mungsuhé sayembara.[1] Para kurawa anggoné gawé ombèn-ombèn arak lan ciuné maraké mabok lan turu kepati, lan ora gelem ngombé inuman sing disuguhaké para pandhawa.[1] Mulané nalika para Pandhawa padah turu kepati amarga kakehan nginum arak lan ciu sing disuguhaké, para kurawa padha wiwit gawé bangawan.[1]
Untungé sang bima ora gelem nginum arak lan ciu sing disuguhaké kurawa.[1] Mula ésuk-ésuk tangi turu kagét nalika seduluré isih padha turu, wong-wong kurawa wis olèh dawa anggoné ngedhuki bengawan.[5] Ora pikir dawa banjur Déwi Srikandhi kang lagi turu digugah, dikon lumayu abusana sangarepé bima sing wis nyekel gada sing digawé wluku ngango aji Bandung Bandawasa.[5] Sedhela waé, amarga semangat saka éndahing anggané Srikandi, Sang Bima anggoné gawé bangawan karo gadané wis tekan sagara[5]
Sang kurawa nalika tekan Désa Kedungbenda kagét nalika ngerti bangawan sing digawé kurawa tempur karo bangawan sing digawé déning Bima.[5] Mauné ora arep ngrasa kalah, nanging amarga sang Bima jajabang awinga-winga, krodha, ora ana wong Kurawa sing bisa nandhing mula banjur ngrasa kalah.[5] Pungkasané sing sing kanggo asok guluné ditugel ya iku sang Durna.[5]
Nalika Bima arep nugel guluné sang Durna, Bima ngrasa ewuh amarga Durna iku guruné adhiné.[5] Pungkasané sing ditugel dudu janggané nanging mung linggané sang Durna.[5] Linggané sang Durna banjur dikubur cedhak tempuran kali loro mau.[5] Akèh sing percaya yèn potongan linggané Durna dadi watu sing manggon ana ing Désa Kedungbenda.[5]
Kali sing digawé kurawa ya iku Kali Klawing saka tembung Kala wingi, amarga nalika Bima takon marang kurawa, wangsulan saka kurawa ya iku anggoné gawé wiwit saka kala wingi, suwé-suwé banjur owah dadi klawing.[5] Déné kali sing digawé Bima ya iku Kali Serayu, ya iku saka tembung sira ayu, yèn diwaca rikat dadi srayu suwé-suwé owah dadi serayu.[5] Saliyané carita mau uga ana carita liya kang ngenani kuburan ana ing congot.[5] Kuburan ana ing congot ya iku kuburan saka jago kang mati sampyuh amarga didu déning majikané.[5]
Sumur Bening
[besut | besut sumber]Sumur bening kang ana ing sakcedhaké congot iki racaké ditekani déning wong-wong sing kepéngin rejekiné lancar, sarana nyidhuk banyu ing sumur mau.[5] Sumur bening iki ora tau asat sanajan ana ing mangsa katiga kang dawa.[5]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g h i j www.wisatanesia.com Archived 2011-01-07 at the Wayback Machine. (Dipuntingali tanggal 22 Juli 2011)
- ↑ a b c masjelex.kabarku.com (Dipuntingali tanggal 22 Juli 2011)
- ↑ kotaperwira.com Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine. (Dipuntingali tanggal 22 Juli 2011)
- ↑ temanggung.forumotion.com Archived 2011-11-07 at the Wayback Machine. (Dipuntingali tanggal 22 Juli 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r [Sutar MB. Panjebar Semangat. Edisi 42 tanggal 18 Oktober 2008 kaca 27-28]
Gladri
[besut | besut sumber]-
Kali Serayu kang miturut carita digawé déning Pandhawa
-
Kali klawing kang miturut carita digawé déning kurawa
-
Gambar lingga lan yoni kang ana ing purbalingga
-
Peta Kacamatan kemangkon kang dadi panggon congot