Menyang kontèn

Cèkèr pitik (tanduran)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Cèkèr pitik

Cèkèr pitik iku ing basa Madurané kondhang mawa jeneng rumput solo utawa cemara kipas gunung.[1] Cèkèr pitik, dikenal bisa ngresiki getih, antipiretik (mudhunaké panas), antiracun, antikanker, lan nemostatik (ngendhegaké pendarahan), lan antiabuh [1]. Pérangan tuwuhan kang digunakaké iku kabèh tetandurané, ing kaanan seger utawa garing [1].

Jeneng liya

[besut | besut sumber]

Cèkèr pitik duwé jeneng lokal kaya ta:

Kandhutan

[besut | besut sumber]

Kandungan kimia kang dikandhut ing tetuwuhan iki kaya ta [1]:

  • saponin[1].
  • phytosterol[1].
  • alkaloid[1].
  • flavonoid glikosida[1].

Paédah

[besut | besut sumber]

Minangka obat herbal kanggo lelara kaya ta:

  1. Chorioepithelioma, choriocarcinoma, kanker nasopharynx, kanker paru [2].
  2. Infèksi saluran nafas, bronchitis, radhang paru (Pneumonia), tonsilitis[2].
  3. Watuk, serak, korèng[2].
  4. Hepatitis, cholecystitis, cirrhosis (Panyilikan ati), weteng busung (ascites), infèksi akut saluran uyuh [2].
  5. Balung tugel (fraktur), rheumatik[2].
  6. Hawa adhem
  7. Napsu mangan
  8. Infèksi saluran uyuh
  9. Jurang
  10. Kanker paru
  11. Korèng
  12. Obat suntik
  13. Sisik cakar
  14. Tebing
  15. Tonsilis

Cara nganggo

[besut | besut sumber]
  1. Kanker: 60 gr S. doederleinii garing digodhog kanthi wektu 3 - 4 jam mawa geni kang cilik, ombé sawisé adhem[3]. Kanggo kanker: 18 tablet 60 gr herbal seger. Diombé sadina 3 x 6 - 8 tablèt. Obat patèn: Decancerlin [4]. Takeran liya 15 - 30 gr , kanggo usada kanker [5] utawa 50 - 100 gr, digodhog kanthi wektu 3 - 4 jam [5].
  1. Watuk, radhang paru, radhang amandhel (Tonsilitis):30 gr S.doederleinii digodhog, ombé[3].
  1. Driji tangan kang abuh: dilumataké, tèmpèlaké ing panggonan kang lara[3].
  1. Balung tugel: 15 - 30 gr S.doederleinii seger digodhog, ombé[4]. Panganggonan ing jaba, lumataké lan tèmpèlaké ing panggonan kang poklèk[4]. Yèn tugelé katutup lan posisi balungé apik. Wis digawékaké infus, tablet lan obat suntik[4].
  1. Panganggoan ing njaba: tuwuhan kang isih seger dilumataké, tèmpèlaké ing panggonan kang krasa lara[3].

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h Sofyan Tsauri. 2005. Ramuan Tradisional Madura. Jakarta:Penebar Swadaya hal: 39
  2. a b c d e diundhuh tanggal 30 Mei 2011[pranala mati permanèn]
  3. a b c d diundhuh tanggal 30 Mei 2011[pranala mati permanèn]
  4. a b c d [1][pranala mati permanèn]
  5. a b "forum.upi.edu". Diarsip saka sing asli ing 2010-07-05. Dibukak ing 2011-05-22.