Balung tugel

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Balung tugel
Klasifikasi lan bahan-bahan èksternal
Katon saka jaba lan ing lengen kang ngalami balung tugel/fraktur, sadurunge lan sawisé pambedahan.
ICD-10 Sx2 (x=0-9, manut panggonan fraktur)
ICD-9 829
DiseasesDB 4939
MeSH D050723

Balung tugel utawa fraktur ya iku tugelé kontinuitas balung lan ditemtokake manut jinis lan ambané (Smeltzer S.C & Bare B.G, 2001) utawa saben senthèt utawa tugel ing balung kang wutuh (Reeves C.J, Roux G & Lockhart R, 2001).

Prevalensi[besut | besut sumber]

Fraktur kerep dirasakake wong lanang tinimbang wong wadon ing umur sangisore 45 taun lan kerep gegayutan karo ulah raga, pagaweyan, utawa kacilakan. Déné ing umur prevalensi luwih akèh dirasakake wong wadon ya iku amarga anané osteoporosis kang ana gegayutane karo owahing hormon.

Jinising fraktur[besut | besut sumber]

  1. Complete fraktur (fraktur komplet), tugel ing sakabehing garis tengah balung, amba, lan sakubengan. Padatan dibarengi karo owahing posisi balung.
  2. Closed frakture (simple fracture), ora nyebabake suweke kulit, integritas kulit isih wutuh.
  3. Open fracture (compound frakture/komplikata/kompleks), ya iku fraktur kanthi tatu ing kulit (integritas kulit rusak lan pucuking balung njedul nganti nembus kulit) utawa membran mukosa nganti tekan tugelan balung. Fraktur kabuka digradasi dadi:
    • Grade I: tatu resik lan dawane kurang saka 1 cm.
    • Grade II: tatu luwih amba tanpa karusakan jaringan lunak kang ekstensif.
    • Grade III: banget terkontaminasi lan ngalami karusakan jaringan lunak ekstensif.
  4. Greenstick, fraktur kang salah siji sisih balunge tugel déné sisih liyané bengkong.
  5. Transversal, fraktur sadawane garis tengah balung.
  6. Oblik, fraktur mbentuk sudut karo garis tengah balung.
  7. Spiral, fraktur muntir ing watang balung.
  8. Komunitif, fraktur kanthi balung pecah dadi pirang-pirang fragmen.
  9. Depresi, fraktur kanthi frakmen tugelan kasurung menjero (kerep kedadèn ing balung tengkorak lan rai).
  10. Kompresi, fraktur kang kadadèn nalika balung ngalami kompresi (kedadèn ing balung mburi).
  11. Patologik, fraktur kang kadadèn ing laladan balung kang kerep kena penyakit (kista balung, paget, metastasis balung, tumor).
  12. Avulsi, katarike fragmen balung déning ligamen utawa tendo ing panémplékané.
  13. Epifisial, fraktur lumantar epifisis.
  14. Impaksi, fraktur kang kedadèn nalika fragmen balung kasurung tekan fragmen balung liyané.

Manifestasi klinis[besut | besut sumber]

Kemeng terus-terusan, ilange fungsi, deformitas, pamendekan ekstremitas, krepitus, abohing panggonan lokal lan owahing werna.

Pamariksan[besut | besut sumber]

Tandha lan gejala candhaké sawisé pérangan kang senthet ing imobilisasi, perawat perlu ndeleng pain (rasa lara), paloor (kapucetan/owahing werna), paralisis (kalumpuhan/ora mampu obah), parasthesia (gringgingen), lan pulselessnes (ora ana denyut). Rotgen sinar X Pamariksan CBC yèn nganti ana pendarahan kanggo ndeleng akèhé getih kang ilang.

Panatalaksanan[besut | besut sumber]

Sawisé cedera perlu ngimobilisasi pérangan kang cedera. Yèn pasien arep dipindhake perlu disangga pérangan ngisor lan duwur awak kang ngalami cedera mau kanggo nyegah anané rotasi utawa angulasi.

Prinsip pananganan fraktur ya iku: Reduksi Reduksi fraktur kang ateges mbalèkake fragmen balung ing kasejajarane lan rotasi anatomis Reduksi katutup, mbalèkake fragmen balung ing posisine (pucuk-pucuke padha gegayutan) kanthi manipulasi lan traksi manual. Piranti kang digunakaké biyasane traksi, bidai, lan piranti liyané. Reduksi kabukak, kanthi pendekatan bedhah. Piranti fiksasi interna kanthi wujud pin, kawat, sekrup, plat, lan paku. Iimobilisasi Imobilisasi bisa ditindakake kanthi metode eksterna lan interna. Ngawutuhake lan mbalèkaké fungsi Status neurovaskuler tansah dipantau ya iku paredaran getih, kemeng, perabaan, lan pangobahan. Kira-kira wektu imobilisasi kang diperlokake kanggo nyawijikake balung kang ngalami fraktur ya iku kurang luwih 3 sasi manut saka regio ngendi kang ngalami fraktur, lan nutrisi kang diwènèhake.

  • Falang (driji)
  • Metakarpal
  • Karpal
  • Skafoid
  • Radius dan ulna
  • Humerus
  • Suprakondiler
  • Watang
  • Proksimal (impaksi)
  • Proksimal (kanthi pergeseran)
  • Klavikula
  • Vertebra
  • Pelvis
  • Femur
  • Intrakapsuler
  • Intratrohanterik
  • Watang
  • Suprakondiler
  • Tibia
  • Proksimal
  • Watang
  • Maleolus
  • Kalkaneus
  • Metatarsal
  • Falang (driji sikil)