Beksan Gandrung Banyuwangi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Beksan Gandrung inggih menika salah satunggaling tari utawi beksan saking dhaérah Banyuwangi, Jawi Wétan.

Asal Istilah[besut | besut sumber]

Tembung Gandrung dipuntegesi minangka "kasengsemipun" masarakat Blambangan ingkang agraris dhumateng Dewi Sri minangka Dewi Pantun saha kasuburan ingkang mbekta kasajahteraan dhumateng masarakat.

Pasugatan Gandrung Banyuwangi[besut | besut sumber]

Jogèd Gandrung Banyuwangi dipunsamektakaken minangka parwujudan raos syukur masarakat sabibaripun panén.[1]. Kesenian punika taksih dados satunggal genre kaliyang Ketuk Tilu ing Jawa Barat, Tayub ing Jawa Tengah lan Jawa Timur pérangan kilèn, Lengger ing wewengkon Banyumas lan Joged Bumbung ing tlatah Bali, kanthi ndhèrèkaken sawijining wanodya penari ingkang profésional ingkang sesarengan nari kaliyan para tamu (mliginipun para kakung) kanthi iringan musik (gamelan).

Gandrung minangka seni pertunjukan ingkang dipunsajèkaken kanthi iringan musik kas perpaduan budaya Jawa lan Bali.[butuh sitiran] Jogèd dipuntindakaken ing wujud pasangan antawisipun wanodya (penari gandrung) kaliyan tiyang kakung (pemaju) ingkang dipunkenal kanthi nama "paju"[2]

Tata Busana Penari[besut | besut sumber]

Tata busana penari Gandrung Banyuwangi kas, saha bènten kaliyan jogèd pérangan Jawa sanèsipun. Wonten prabawa saking Bali (Kerajaaan Blambangan) ingkang katingal.

Pérangan Badan[besut | besut sumber]

Busana kanggé badan penari kasungsun saking ageman ingkang kadamel saking beludru awerni cemeng, dipunhias kanthi ornamen jené emas, sarta manik-manik ingkang mengkilat lan bentukipun kados gulu botol ingkang nglilit gulu dumugi jaja, déné pérangan pundhak lan sepalih geger dipunbikak. Ing pérangan gulu mau kapasang ilat-ilatan ingkang nutup tengahing jaja lan minangka penghias pérangan inggil. Ing pérangan lengen dipunhiasi piyambak-piyambak kanthi satunggal kelad bau lan pérangan bangkikan dipunhias kanthi sabuk lan sembong sarta dipunsukani rerenggan kain warni-warni saperlu dados regeng. Selendhang pesthi dipunagem ing bau.

Pérangan Sirah[besut | besut sumber]

Mustaka dipunpasangi rerenggan wujud makutha ingkang sinebut omprok ingkang kadamel saking kulit kebo ingkang dipunsamak lan dipunsukani ornamen awerni emas lan abrit sarta dipunsukani ornamen paraga Antasena (putranipun Bima) ingkang gadhah mustaka manungsa raksasa nanging badanipun ula sarta nutupi sadaya rikma penari Gandrung. Nalika jaman rumiyin ornamen Antasena punika boten tumempel ing makutha nanging sepalih wucul kados suwiwi peksi. Wiwit taun 1960-an, ornamen buntut Antasena punika lajeng dipuntempelaken ing omprok saéngga sami kaliyan ingkang wonten ing jaman sapunika. Salajengipun ing makutha wau dipunsukani ornamen kanthi warni pérak ingkang gadhah fungsi damel praupanipun sang penari kados bunder tigan, sarta wonten tambahan ornamen sekar ingkang dipunsebut cundhuk mentul ing nginggilipun. Asring, ing pérangan omprok punika dipunpasang hio ingkang ing giliranipun nyukani kesan magis.

Pérangan Andhap[besut | besut sumber]

Penari gandrung ngginakaken kain bathik kanthi corak ingkang manéka warni. Ananging corak bathik ingkang kathah piyambak dipunagem sarta dados ciri ingkang mligi inggih punika bathik kanthi corak gajah oling, corak tetuwuhan kanthi taling gajah ing dhasar kain pethak ingkang dados ciri khas Banyuwangi. Saderengipun taun 1930-an, penari Gandrung boten ngginakaken kaos kaki, ananging wiwit dekade mau penari gandrung pesthi ngginakaken kaos kaki pethak saben pasugatanipun.

Tahapan Pertunjukkan Gandrung[besut | besut sumber]

Pertunjukan Gandrung ingkang leres kapérang dados 3 pérangan:

  • jejer
  • maju utawi ngibing
  • seblang subuh

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. http://www.banyuwangikab.go.id/kesenian-daerah/kesenian-gandrung.html
  2. Novi Anoegrajekti. "Penari Gandrung: Kontrol Agama, Masarakat dan Kekuatan Pasar" dalam Merayakan Keberagaman, Jurnal Perempuan, Vol.54 taun 2007. Jakarta: Yayasan Jurnal Perempuan, hal.51
  • Antara lain, J.Scholte, Gandroeng van Banjoewangie, 1927; Paul A.Wolbers, Maintaining Using Identity, 1992, hal.89; "The Seblang and its music..." dalam "Performance in Java and Bali, 1993, hal.36; Fatrah Abal, "Seblang Lukento", makalah tidak diterbitkan, 2001; dan Hasnan Singodimayan, dkk., "Gandrung Banyuwangi", Banyuwangi: Dewan Kesenian Blambangan, 2003.

Uga delengen[besut | besut sumber]