Basa Papiamento

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Papiaméntu
Papiamentu
Asal
Panyatur asli
271.261 (1999–2011)[1]
Kréol Portugis
  • Portugis Gini Ulu
    • Papiaméntu
Status resmi
Basa resmi ing
Kodhe basa
ISO 639-2 pap
ISO 639-3 pap
Glottolog papi1253[3]
Linguasphere 51-AAC-be
Artikel iki ngandhut simbul-simbul fonètis IPA. Tanpa sengkuyungan tèhnis sing trep, panjenengan namung bakal weruh simbul pitakon, kothak, utawa liyané, nanging dudu karakter Unicode.

Basa Papiaméntu utawa Papiaménto utawa Curaçuleno utawa Curassese iku basa kang dipituturaké ing Kapuloan ABC ing tlatah Karibia. Basa iki duwé status resmi ing laladan Aruba lan Curaçao lan dadi salah sawijining basa kang diakoni ing laladan Bonaire.

Basa iki dhedhasar saka basa-basa Afrika lan basa Portugis, kalebu basa-basa liyané kaya ta basa Landa, basa-basa Indhian Amérika, basa Inggris, lan basa Spanyol. Tembung Papiaménto dhéwé dhedhasar tembung papia utawa papeo (guneman utawa omongan). Basa iki undha-undhi karo Papia Kristang kang dipituturaké ing Malaysia lan Singapura lan Kréol Ujung Verde.

Dhialèk[besut | besut sumber]

Basa Papiamento andhuwé rong dhialèk , ya iku Aruba lan Curaçao and Bonaire, mligané ing tetembungan lan swara.[4] Antaraning Curaçao lan Bonaire uga ana prabéda sanajan sithik.

Basa Papiaméntu iki uga anduwé rong cara panulisan. Cara Aruba lan cara Curaçao. Cara Aruba dhedhasar panulisané basa Spanyol, sawetara cara Curaçao dhedhasar saka uniné basané.

For example:

Jawa Papiamento Papiamentu Portugis Spanyol
Penthung, teken Palo Palu Pau Palo
Omah Cas Kas Casa Casa
Piso Cuchiu Kuchu Faca Cuchillo

Éjan[besut | besut sumber]

Ana rong rupa pangéjan ing Basa Papiamento: éjan dhedhasar swara ing Curaçao lan Bonaire, lan an éjan dhedhasar étimologi ing Aruba.

Swara lan diptong[besut | besut sumber]

Swara ing basa Papiamento dhedhasar saka swara Roman-Iberia, nanging pangaruh Landha uga ana ing swara kaya ta: ee /eː/, ui /œy/, ie /i/, oe /u/, ij/ei /ɛi/, oo /oː/, lan aa /aː/.[butuh sitiran]

Papiamento andhuwé sangang swara.[5] Sawetara pangéjan ing Curaçao andhuwé siji sandi kanggo saben swara.

IPA Panulisan Curaçao Panulisan Aruba
a a ing kana a ing cana (= mlaku)
e e ing sker, nechi e ing scheur (= mbedhah)
ɛ è ing skèr, nèchi e ing sker (= gunting)
i i ing chikí i ing chikito (= cilik)
o o ing bonchi, doló o ing dolor (= lara)
ɔ ò ing bònchi, dòler o ing dollar (= Dhuwit Dollar)
u u ing kunuku u ing cunucu (= pakebon/sawah)
ø ù ing brùg u ing brug (= beruk/kreteg)
y ü ing hür uu ing huur (= sèwa)

Ana dhialèk-dhialèk ing pulo iku dhéwé. Salah siji tuladhané ya iku tembung Aruba, "dolor" ("lara"), kang artiné padha ing vèrsi Curaçao, nanging bédha panulisan. Ing pérangan-pérangan liya ing pulo iku aksara R ora kawaca lan uga ditulis tanpa R.

Tekanan Lan Nada Swara[besut | besut sumber]

Basa Papiamento iku salah siji saka rong basa ing dunya[butuh sitiran] kang mbédhakaké antaraning tekanan lan nada swara ing tetembungané[6] lan uga siji-sijiné ing dunya kang nganggo tekanan lan uga nada swara.[butuh sitiran]

Tembung-tembung guru wilangan kang dipungkasi ing swara ditekan saka guru wilangan pérangan nganti pamungkas tembung; akèh-akèhané kang pungkas ing anuswara uga ditekan ing guru wilangan paling mburi. Nanging ana kinacèk. Nalika ana tembung kang mlèncèng saka aturan-aturan mau,swara kang ditekan iku kudu diwènèhi tetenger. Nanging kerep diowahi ing panulisan ora resmi.[7]

Tetembungan Basa Papiamento duwé pola nada kang bédha-bédha. Miturut riset basa, ana rong kelas tembungan; yaiki kang nada munggah lan nada mudun ing guru wilangan kang ditekan (stressed).[8] Kelompok kang kaloro nyakup tembung kriya kang duwé rong guru wilangan. Nada ing tembung2an iku bisa molah-malih deleng kaanan-kaanan kaya ta ukara iku tembung prèntah, pitakon utawa paneges.[9]

Tetembungan Basa Papiamento duwé pola nada kang bédha-bédha. Miturut riset basa, ana rong kelas tembungan; yaiki kang nada munggah lan nada mudun ing guru wilangan kang ditekan (stressed).[8] Kelompok kang kaloro nyakup tembung kriya kang duwé rong guru wilangan. Nada ing tembung2an iku bisa molah-malih deleng kaanan-kaanan kaya ta ukara iku tembung prèntah, pitakon utawa paneges.[9]

Nada kang gumanti ing Basa Papiamento uga bisa mbédhakaké arti lan fungsi paramasastrané: kaya ta tembung aran 'para' (PA-ra: manuk) lan tembung kriya 'para' (pa-RA:adeg or mandeg)[butuh klarifikasi]

Dikara Saiki[besut | besut sumber]

Panyatur basa Papiamento uga multilingual, bisa Basa Landa, Inggris lan Spanyol. Basa Papiamento awit Mèi 2003 dadi basa resmi ing Aruba.[10] sawentara ing Antila Landa (kang dumadi saka Bonaire, Curaçao, Saba, Sint Eustatius lan Sint Maarten) Papiamento dadi salah sawiji basa resmi ing tanggal 7 Maret 2007.[11] Samubaré Antila Landa dijèrké, dikara basa iki dikukuhaké manèh ing jeneng tlatah anyar Karibia Landa (pérangan nagara Landa, lan uga Bonaire, Saba lan Sint Eustatius),[12] nganti 11 Januari 2011; awit iku, mung ing Bonaire basa iki diakoni,[2]

Papiamento uga dipituturaké ing Negara Walanda, mligané ing Saba lan Sint Eustatius, uga ing St. Maarten, déning wong saka Aruba, Bonaire and Curaçao.

Pangaruh gedhé dhéwé ing Basa Papiamento saiki mligané saka Basa Spanyol Venezuela lan Inggris Amérika. Molah-malih tembung antaraning Basa Papiamento, Spanyol, Landa lan Inggris wis dadi prakara lumrah. Nanging prakara iki dianggep dadi ancaman kanggo nguri-nguri aslining rasa Afrika utawa Kréol ing basa Papiamento.

Bandhingan Tetembungan[besut | besut sumber]

Bab iki mbèbèraké bandhingan tetembungan antaraning Portugis, Papiamento lan basa-basa Kréol Portugis ing Gini Bissau lan Ujung Verde. Basa Spanyol lan Katalan uga diimbuhaké dadi bandhingan.

Basa Jawa Basa Portugis Curaçao and Bonaire Aruba Kréol Gini Bissau Kréol Ujung Verde* ** Basa Spanyol Basa Katalan
Sugeng rawuh Bem-vindo Bon biní Bon Bini Bô bim drito Bem-vindo*** Bienvenido Benvingut
Sugeng ènjang Bom dia Bon dia Bon dia Bon dia Bon dia Buenos días Bon dia
Matur nuwun Obrigado / Obrigada Danki Danki Obrigadu Obrigadu Gracias Gràcies
Piyé kabaré? Como [é que] [tu] vais / [você] vai? Como está? Como estás? Kon ta bai? Con ta bay? Kumá ku bo na bai? Kumo bu sta? ¿Cómo estás? ¿Cómo te va? Com et va?
Apik tenan Muito bom Mashá bon Masha bon Mutu bon Mutu bon Muy bueno, Muy bien Molt bé
Kabarku apik Eu estou bem/(bom) Mi ta bon Mi ta bon N' sta bon N sta bon (Yo) Estoy bien (Jo) Estic bé
Aku Eu, eu sou Mi, Mi ta Ami ta, Mi ta N', Mi i N, Mi e Yo, yo soy Jo, jo sóc
Pakanan Comida / Vianda Kuminda Cuminda Bianda Kumida Comida Menjar
Roti Pão Pan Pan Pon Pon Pan Pa
Duduh Sumo (not common in Brazil) / Suco Djus Juice Sumu Sumu Zumo (common in Spain) / Jugo (common in Latin America) Suc
Aku seneng Curaçao Eu gosto de Curaçao Mi gusta Kòrsou Mi gusta Corsou, Mi gusta Korsou N' gosta di Curaçao N gosta di Curaçao Me gusta Curazao M'agrada Curaçao

*Dhialèk Kréol
**Cara panulisan ing tuladha iki: ALUPEC
***Tetembungan Portugis kang digawé ing kréol.

Tuladhané ukara[besut | besut sumber]

  • Bon Bini: Sugeng rawuh
  • Bon Dia: Sugeng énjang
  • Bon Tardi: Sugeng sonten/sugeng dalu
  • Bon Nochi: Sugeng dalu/sugeng tilem
  • Kon/Con ta bai?/Kon ta ku bida?: Piyé kabaré?
  • Masha Danki: Matur nuwun
  • Di Nada: Sami-sami
  • Por fabor: Nuwun pithulung, thulung
  • Si: ya
  • No: Ora
  • Ainda no: dhurung
  • Con bo jama?/Con ta bo nomber?: Sapa jenengmu?
  • Mi (ta) stima bo: Aku tresna marang sliramu
  • Cuant’or tin?: Jam pira saiki?
  • Mi ta bini di...: Aku asalé saka...
  • Mi ta biba na...: Aku manggon ing...
  • Te otro biaha: Ketemu manéh, sugeng tindak
  • Mi nomber di telefoon ta...: Nomer télponku...
  • Esaki ta mi amigo: Iki kancaku

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Papiaméntu ing Ethnologue (éd. ka-18, 2015)
  2. ^ a b Basa Papiaméntu dianggo nalika gegayutan karo pamaréntah Nèderlan.
    "Invoeringswet openbare lichamen Bonaire, Sint Eustatius en Saba" (ing basa Dutch). wetten.nl. Dijupuk 2011-01-01. 
  3. ^ Hammarström, Harald; Forkel, Robert; Haspelmath, Martin, eds. (2017). "Papiamentu". Glottolog 3.0. Jena, Jerman: Max Planck Institute for the Science of Human History. 
  4. ^ Kook, H., & Narain, G. (1993). Papiamento. In G. Extra & L. Verhoeven (eds.), Community Languages in the Netherlands (pp. 69–91). Amsterdam: Swets & Zeitlinger.
  5. ^ Philippe Maurer. Die Verschriftung des Papiamento, in Zum Stand der Kodifizierung romanischer Kleinsprachen. Gunter Narr Verlag, 1990
  6. ^ Bert Remijsen (2003) "New perspectives in word-prosodic typology" in: International Institute for Asian Studies Newsletter 32:29
  7. ^ E.R. Goilo (1994) Papiamento Textbook, ninth edition. Oranjestad-Aruba: De Wit Stores NV
  8. ^ a b Bert Remijsen and Vincent J. van Heuven (2005) "Stress, tone and discourse prominence in the Curaçao dialect of Papiamento" in: Phonology 22:205–235
  9. ^ a b Raúl Römer (1991) Studies in Papiamento Tonology. Amsterdam Centre for Caribbean Studies
  10. ^ Migge, Bettina; Léglise, Isabelle; Bartens, Angela (2010). Creoles in Education: An Appraisal of Current Programs and Projects. Amsterdam: John Benjamins Publishing Company. k. 268. ISBN 978-90-272-5258-6. 
  11. ^ "Nieuwsbrief 070313 – Papiaments officieel erkend". Nieuws.leidenuniv.nl. Dijupuk 2011-11-21. 
  12. ^ "Tijdelijke wet officiële talen BES" (ing basa Dutch). wetten.nl. Dijupuk 2010-10-24. Artikel 2: De officiële talen zijn het Engels, het Nederlands en het Papiamento. (Inggris: Article 2: The official languages are English, Dutch and Papiamento)