Banjir lumpur panas Sidaharja

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Gambar:Blethok Sidoarjo.JPG
Désa Renokenongo dan Kedungbendo ingkang kénging blethok

Banjir blethok panas Sidaharja utawi ingkang misuwur kanthi nama bencana Blethok Lapindo inggih punika prastawa medalipun blethok panas ing lokasi pangeboran Lapindo Brantas ing Dusun Balongnongo Désa Renokenongo, Kacamatan Porong, Kabupatèn Sidoarjo, Jawa Timur, wiwit tanggal 29 Mèi 2006. Medalipun blethok panas ingkang sampun dangu punika njalari kathah kawasan perumahan, tani lan indhustri ing tigang kecamatan ing sakiteripun, saha paring pangaribawa dhateng lampahing kegiyatan ékonomi ing Jawa Wétan.

Lokasi[besut | besut sumber]

Lokasi medalipun blethok punika wonten ing Porong, inggih punika kecamatan ing sisih kidul Kabupatèn Sidoarjo, kirang langkung 12 km sisih kidul kitha Sidoarjo. Kacamatan punika inggih watesaning kaliyan Kacamatan Gempol (Kabupatèn Pasuruan) ing sisih kidul. Lokasi ingkang dados punjering semburan namung jarakipun 150 mèter saking sumber Banjar Pani-1 (BJP-1), inggih punika sumr eksplorasi gas kagunganipun Lapindo Brantas Inc minangka operator blok Brantas. Mila, semburan blethok panas ingkang taksih medal ngantos sak punika dipunanggep saking padamelan wwontenipun pengeboran ingkang dipuntindakaken déning Lapindo Brantas ing sumur wau. Pihak Lapindo Brantas piyambak gadhah kalih téyori ngèngingi asal mulaning semburan blethok. Ingkang sapisan, semburan blethok gayut kaliyan kalepatan prosedhur wonten ing kegiyatan pengeboran. Ingkang kaping kalih, semburan blethok punika kadadosan amargi sesarengan kaliyan wontenipun pengeboran dhateng wntenipun satunggal perkawis ingkang dèrèng dipunmangertosi. Lokasi semburan blethok lapindo kasebat wonten ing kawasan griya pendhudhuk lan ing sakiteripun inggih salah satunggaling kawasan indhustri ingkang wigati ing Jawa Wétan. Boten tebih saking lokasi semburan kasebat wonten margi tol inggih punika Surabaya-Gempol, dalan gedhé Surabaya-Malang lan Surabaya-Pasuruan-Banyuwangi (jlur pantura wétan), saha jalur sepur lintas wétan Surabaya-Malang lan Surabaya-Banyuwangi, Indonésia.

Volume blethok[besut | besut sumber]

Adhedhasar pamanggiipun para ahli, blethok lapindo saged medal amargi dipunjalari wontenipun pérangan ingkang tugel, kathah papan ing sakiteripun Jawa Wétan dumugi Madura, kados Gunung Anyar ing Madura, "gunung" blethok ugi wonten ing Jawa Tengah (Bleduk Kuwu). Fenomena punika sampun kadadosan puluan ngantos atusan taun kapengker. cacahipun blethok ing Sidoarjo ingkang meddal saking weteng bumi kirang langkung 100.000 mèter kubik saben dintenipun, ingkang boten mungkin manawi namung medal saking bolongan asiling "pemboran" ingkang ambanipun namung 30 cm. Lan amargi wontenipun pamanggih awalan saking WALHI punapa déné Meneg Lingkungan Urip ingkang ngandharaken blethok ing Sidoarjo punika mbebayani, njalari dipundamelipun tanggul ing sak nginggiling lahanipun warga, ingkang amargi volumenipun ingkang ageng saéngga boten bakal saged nampung sadaya blethok ingkang medal lan punika ingkang njalari lahan griya warga ingkang kénging semburan blethok langkung wiyar.[1]

Asiling uji blethok[besut | besut sumber]

Beberapa hasil pengujian
Parameter
Hasil uji maks
Baku Mutu
(PP Nomor 18/1999)
Arsen
0,045 Mg/L
5 Mg/L
Barium
1,066 Mg/L
100 Mg/L
Boron
5,097 Mg/L
500 Mg/L
Timbal
0,05 Mg/L
5 Mg/L
Raksa
0,004 Mg/L
0,2 Mg/L
Sianida Bebas
0,02 Mg/L
20 Mg/L
Trichlorophenol
0,017 Mg/L
2 Mg/L (2,4,6 Trichlorophenol)
400 Mg/L (2,4,4 Trichlorophenol)

Adhedhasar uji toksikologis ing 3 laboratorium ingkang sampun gadhah akreditasi saé inggih punika ing Sucofindo, Corelab lan Bogorlab dipunpendhet dudutan bilih blethok Sidoarjo boten kalebet limbah B3 saking bahan anorganik kados ta Arsen, Barium, Boron, Timbal, Raksa, Sianida Bebas, lan sanès-sanèsipun, utawi saking bahan organik kados ta Trichlorophenol, Chlordane, Chlorobenzene, Chloroform, lan sanèsipun. Asiling pengujian nedahaken sadaya parameter bahan kimia punika mapan wonten ing sak ngandhaping baku mutu.[2] Asilling pengujian LC50 dhateng larva udang windu (Penaeus monodon) utawi organisme akuatik sanèsipun (Daphnia carinata) nedahaken bilih blethok kasebat boten mbebayani lan boten ngracuni biota kuatik. LC50 inggih punika pengujian mbuktekaken blethok kasebat gadhah biji LC50 ing antawisipun 56.623,93 nganto.631,75 ppm s 70 Suspended Particulate Phase (SPP) dhateng larva udang windu lan ing sak nginggiling 1.000.000 ppm SPP dhateng Daphnia carinata. Déné dhedhasar standar EDP-BPPKA Pertamina, blethok dipunanggep beracun manawi aji LC50-nipun sami utawi kurang saking 30.000 mg/L SPP. Asilling analisis logam ing materi

Parameter Ékan Kep. MenKes no 907/2002 Blethok Lapindo Air Blethok Lapindo Sedimen Sungai Porong Air Sungai Porong
Kromium (Cr) mg/L 0,05 nd nd nd nd
Kadmium (Cd) mg/L 0,003 0,3063 0,0314 0,2571 0,0271
Tembaga (Cu) mg/L 1 0,4379 0,008 0,4919 0,0144
Timbal (Pb) mg/L 0,05 7,2876 0,8776 3,1018 0,6949

Cathetan suku[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]

7°31′47.28″S 112°42′49.16″E / 7.5298000°S 112.7136556°E / -7.5298000; 112.7136556

Cithakan:Lembaran ireng Indonésia