Asbari Nurpatria Krisna

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Asbari Nurpatria Krisna
Lair 20 Fèbruari 1943
Ketanggungan Kulon, Boyolali, Jawa Tengah
Pati 19 Fèbruari 2014
Bangsa Indonésia Indonesia
Pakaryan Sastrawan
Bebungah Tropi Adinegoro 1982-1983,
Sayembara Penulisan Novèl kalawarti Sarinah (Bebungah III taun 1984 lan Bebungah I taun 1985)

Asbari Nurpatria Krisna ya iku panganggit novèl populèr kang dikenal nalika banjiré novèl-novèl kang mambu érotik ing 1960.[1] Dhèwèké lair ing 20 Fèbruari 1943 ana Ketanggungan Kulon, Brebes, Jawa Tengah. Surud ing 19 Fèbruari 2014.[2]

Pakaryan[besut | besut sumber]

Taun 1964-1965, nyambut gawé dadi pembantu ariwarta Warta Dunia.[1] Taun 1965, dadi pembantu RRI Jakarta ing acara Siaran Kata.[1] Taun 1970, dadi pembantu majalah musik Aktuil sarta juru tulis lan wartawan Sinar Harapan.[1] Taun 1972, dadi éditor pariwisata ing majalah ékonomi Progress.[1] Tahun 2003, dhèwèké dadi rédhaktur ariwarta Suara Pembaharuan.[1]

Krisna ya iku éditor Aktuil ana Jakarta. Dhèwèké urip ana Landa lan kawit 1986 nyambut gawé ana radhio Netherland.[3] Minangka juru warta, Krisna bisa karan well dressed journalist, kang ora mung rapi olèhé sesandhangan, nanging uga tertib olèhé ngejokaké pitakonan.[3]

Karya-karya[besut | besut sumber]

Purwa nulis ing 1962, dhèwèké nuwuhaké bakat kanthi akèh nulis cerkak, geguritan, ésai, novèl, lan artikel umum liyané ing ariwarta Berita Yudha, Sinar Harapan, Kompas, Intisari, Warta Dunia, lan Berita Minggu; sarta kalawarti Tjaraka, Selecta, Lelaki, lan Aktuil.[1]

Ing taun 1982-1983, dhèwèké éntuk Tropi Adinegoro kanggo karya jurnalistik "Esai Perjalanan Menjelajah Kemiskinan Sesudah 37 Tahun Merdeka".[1][2] Taun 1984, éntuk Bebungah Ketiga lan taun 1985 éntuk bebungah Pertama Sayembara Penulisan Novèl kang diadani kalawarti Sarinah ana Jakarta.[1]

Asbari Nurpatria Krisna dikenal minangka panganggit sastra populèr érotik.[1] Novèl-novèlé diterbitaké karo Budajata, Bina Sastra, Jakahasta, lan liya-liyané.[1] Goenawan Mohamad, ing buku Seks, Sastra, Kita (1980), nyatakaké prakara sèks kang dilebokaké ing karya sastra kontèmporèr ya iku sawijining pérangan logis saka kabébasan lelaku, sawijining lanjutan saka kakuwasan lan kasugihan kang ora sah. Adegan-adegan sèksual ing Gigolo diceritakaké kanthi bébas tenan.[1]

Pratélan Karya[besut | besut sumber]

Karya-karyané Asbari Nurpatria Krisna, ya iku:[1]
1. Dyah Solidio;
2. Expres Bangkok Singapura;
3. Angin Kumbang;
4. Bulan Bergoyang di Atas Palka;
5. Di Sepanjang Senen Kramat Raya;
6. Ranjang Hiburan;
7. Surat Terakhir Maria;
8. 60 Gerilya Kobokan;
9. Latini;
10. Menerobos Lorong-Lorong Ibukota;
11. Sepi Hati Seorang Perempuan;
12. Ibu Guru Kami Cantik Sekali;
13. Gigolo;
14. Savitri;
15. Suster Renata;
16. Ambulans;
17. Mama Siapakah Ayahku?;
18. Suatu Hari di Tahun 1948;
19. Lelaki Binal;
20. Bila Telepon Berdering;
21. Surat Pacaran;
22. Ibu Biati;
23. Keranda Merah di Kaki Langit;
24. Bila Saga Mulai Menghitam;
25. Rumah Jahanam di Tengah Kota;
26. Dari Ranjang ke Ranjang;
27. Walsa Tak Tersudahkan (1976);
28. Mutiara Hitam (1985).

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m Dr. Dendy Sugono, ed. (2003). Ensiklopedia Sastra Indonesia Modern. Bandung: Remaja Rosdakarya Offset. k. 40-41. ISBN 979-692-283-5. 
  2. a b Sotyati (19 February 2014). "Asbari Nurpatria Krisna Berpulang". Satuharapan.com. Dijupuk 24 June 2016. 
  3. a b Sopian, Agus (6 August 2001). "Asbari Nurpatria Krisna". Pantau. Dijupuk 8 August 2016. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]