As-Suyuthi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Suyuthi.jpg As-Suyuthi ya iku ulama kang kawentar alim sajeroning babagan hadits lan cabang-cabange, kang ana kaitane karo ngèlmu rijal, sanad, matan, utawa njupuk istimbat hukum saka hadits.[1] Dhèwèké sawijining Ulama gedhé sajeroning madzab Syafi’i kang nganut I’itiqad Ahlussunnah wal Jama’ah (Sunny).[2] Dhèwèké ngarang kitab-kitab agama akèhé tekan 300, ya iku isiné kitab-kitab hadits, fiqih, tafsir, nahwu, sharaf, bayan, ma’ni, badi’i lan liya-liyané.[2]

Lair[besut | besut sumber]

Dhèwèké lair sawisé wektu magrib, wengi Ahad, awal taun 849 H ing tlatah Al-Asyuth, utawa uga kawentar kanthi jeneng “As-Suyuth”.[1]

Jeneng[besut | besut sumber]

Dhèwèké duwé jeneng dawa Abdur Rahman bin Kamaluddidn Abu Bakar bin Muhammad bin Sabiquddin Abu Bakar bin Fakhruddin Utsman bin Nashiruddin Muhammad bin Saifuddin Khidr bin Najmuddin Abu Ash-Shalah Ayyub bin Nashiruddin Muhammad bin Syekh Hammamuddin Al-Hammam bin Al-Kamal bin Nashiruddin Al-Mishri Al-Khudhairi Al-Asyuthi Ath-Thalani Asy-Syafi’i.[3]

Nasab[besut | besut sumber]

Nasab kaluwargane nyambung marang bersambung kepada kulawrga Pèrsi, kang pindhah marang Mesir ing dhistrik Khudairiyah, wétané Baghdad, lan banjur manggon ing tlatah Al-Asyuth sadurungé dhèwèké lair. Nanging ana katrangan liya kang ngadhakake manawa bapake saka Arab.[1]

Pendhidhikan[besut | besut sumber]

Allah wis menehi kapinteran ing dhuwur rata-rata kanthi lingkungan kang kondusif kanggo dhèwèké. Nalika cilik, bapake naté nggawa dhèwèké menyang majelis Syekh Muhamamd Al-Majdzub lan éntuk pandongane. Dhèwèké uga naté dijak menyang majelis Al-Hafizh Ibnu hajar lan kasil éntuk ijazah.[4]

Umur 5 taun, bapake sedo saéngga dhèwèké dadi yatim. Sawisé iku, dhèwèké diopeni déning ulama-ulama gedhé ing jaman iku, kaya ta Kamaluddin bin Al-Hammad, kang ndadèkaké As-Suyuthi nalika umuré 8 taun wis apal Alquran, uga kitab Al-Umdah, Minhajul Fiqh wal Ushul, lan Alfiyah Ibnu Malik.[4]

As-Suyuthi wiwit ngangsu kawruh ing umur 14 taun (864 H). Dhèwèké nyonaoni fikih lan nahwu saka guru-gurune. Dhèwèké nyonaoni ngèlmu faraidh (ngèlmu mbagi warisan)lan kitab Al-Majmusaka Allamah Syihabuddin Asy-Syamashai. Taun 866 H, dhèwèké wis éntuk rekomendasi kanggo mulang Basa Arab lan naté nuliskitab pertamane kanthi judhul Syarah Al-Isti’adzah wal Basmalah.[4]

Dhèwèké nyinaoni ngèlmu fikih merguru marang Sirajuddin Al-Bulqini, nyinaoni tafsir merguru marang Asy-Syaraf Al-Manawi lan nyinaoni Basa Arab saka Taqiyyuddin Asy-Syumani lan Muhyiddin Ar-Rumi.[1]

Kang ana kaitane karo ngèlmu hadis, dhèwèké merguru marang ulama-ulama senior sajeroning babagan kasebut saéngga dhèwèké bisa nyinaoni kitab ummahatu kutubil hadits (buku-buku induk hadis) lan mushthalah marang ulama-ulama kang kompeten sajeroning babagan kasebut, kaya ta: Taqiyyuddin Asy-Syibii, Qasim bin Qathlu Bugha, lan Taqiyyuddin bin Fahd. Dhèwèké nyinaoni kitab Shahih Muslim saka [[Syamsuddin As-Sakrafi lan kitab Nakhbatul Fikr saka At-Taqiyyi Asy-Syumani.[1]

As-Suyuthi uga ngangsu kawruh marang guru wadon kang ahli sajeroning babagan hadis utawa fikih ing antarané: Ummu Hana Al-Mishriyyah, Aisyah bin Abdil Hadi, Sarah binti As-Siraj bin Jama’ah, Zainab binti Al-Hafizh Al-Iraqi, lan Ummu Fadhal binti Muhammad Al-Maqdisi.[1]

Dhèwèké uga ngangsu kawruh marang negri-negri liya kanggo nemoni ulama-ulama liya kang ahli ing bidange. Kutha kang wis naté ditekani kaya ta Syam, Hijaz, India, Maroko, lan Sudan.[1]

Nalika tekan Mekkah kanggo munggah kaji ing wulan Rabiul Awwal 869 H, dhèwèké ngombe banyu zamzam kanthi ndonga supaya éntuk drajat ilmiah sajeroning fikih sekelas Sirajuddin Al-Bulqini lan sajeroning babagan hadis sekelas Al Hafizh Ibnu Hajar.[1]

Sajeroning perdalanane ngangsu kawruh agama, dhèwèké duwé prinsip nganggo 2 manhaj talaqqi ngèlmu (metode ngangsu kawruh). Kapisanan, milih 1 guru lan mulazamah marang guru kasebut sajeroning wektu kang cukup utawa tekan Gurune sedo. Keloro, sajeroning ngangsu kawruh, dhèwèké ora mbatesi marang syekh-syekh tinamtu. Sanajan dhèwèké wong kang mazhabe Syafi’i sajeroning babagan fikih, nanging dhèwèké uga nyinaoni fikih saka Izzudin Al-Hanafi.[1]

Amarga tlaten, As-Suyuthi bisa nguwasai ngèlmu agama. Tidak hanya dalam satu disiplin ilmiah ia menjadi kampiun, tetapi lebih dari satu disiplin ilmiah.[1]

Dhèwèké naté ngendika, “Aku nguwasai ngèlmu sajeroning 7 babagan, ya iku: tafsir, hadis, fikih, nahwu, al-ma’ani, al-bayan, lan al-badi.”[1]

Kapisanan dhèwèké menehi fatwa ing taun 871 H. Dhèwèké isih menehi fatwa tekan dhèwèké ninggal donyane lan milih urip dhèwèkan ing omahe ing Raudhah.[1]

Karier[besut | besut sumber]

Dhèwèké naté ketemu karo 15 panguwasa Daulah Mamalik nanging kenale uga kanthi waspadha lan njaga ‘izzah (harga diri). Banjur dhèwèké wis ora naté kenal manèh. Dhèwèké banjur nulis kitab Ma Rawhu As-Salathin fi Adami Al-Maji ila As-Salathin.[1]

Salah sawijining panguwasa Daulah Mamalik asring njaluk dhèwèké supaya teka marang pura, nanging ditolak amarga miturut dhèwèké iku mau pitudhuh saka salaf.[1]

Umur 40 taun, dhèwèké mundur lan ora mulang manèh kanggo urip dhewekena. Panjaluke mau ditulis ing buku At-Tanfis. Sawisé iku, dhèwèké luwih sibuk kanggo ngibadah, nliti tulisan-tulisané lan ngadohi donya.[1]

Karya[besut | besut sumber]

Tafsir Jalalain”.[3]

Wafat[besut | besut sumber]

As-Suyuthi sedo amarga kena penyakit ganas kang ndadèkaké lengen kiwane bengkak. Dhèwèké sedo malem Jumat, 19 Jumadil Ula 911 H, ing Raudhah, cedhak kali Nil, sajeroning umur 61 taun punjul 10 wulan.[1] Dhèwèké dikubur ing Qaushuun, njaba pintu gerbang Qarafah ing al-Suyuth Kairo.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q [1] As-Suyuthi (diaksés tanggal 6 Oktober 2011)
  2. ^ a b [2] As-Suyuthi (diaksés tanggal 6 Oktober 2011)
  3. ^ a b [3] As-Suyuthi (diaksés tanggal 6 Oktober 2011)
  4. ^ a b c [4] As-Suyuthi (diaksés tanggal 6 Oktober 2011)
  5. ^ [5] As-Suyuthi (diaksés tanggal 6 Oktober 2011)