Anton Bachrul Alam
| Drs. H. Anton Bachrul Alam | |
|---|---|
![]() | |
| Kepala Kapulisian Dhaérah Jawa Wétan | |
| Linggih 20 Fèbruari 2009 – 30 Oktober 2009 | |
| Kang sadurungé | Herman Suryadi Sumawiredja |
| Kang sawisé | Pratikno |
| Kadiv Humas Mabes Polri | |
| Wiwit linggih 28 Dhésèmber 2010 | |
| Kang sadurungé | Irjen Pol Iskandar Hasan |
| Kepala Kapulisian Dhaérah Kalimantan Kidul | |
| Linggih 14 Mèi 2008 – 20 Fèbruari 2009 | |
| Kang sadurungé | Brigjen Pol H. Halba Rubis Nugroho |
| Kang sawisé | Brigjen Pol Dr. Untung Suharsono Radjab |
| Rerincèn dhiri | |
| Lair | 15 Agustus 1956 |
| Sisihan | Hj. Tine Anton Bachrul Alam |
| Agama | Islam |
Inspektur Jéndral Pulisi Drs. H. Anton Bachrul Alam, S.H. (lair ing Kutha Majakerta, Jawa Wétan, 15 Agustus 1956; umur 69 taun) inggih punika Pangarsanipun Divisi (Kadiv) Humas Mabes Polri.[1] Panjenenganipun misuwur minangka anggota Polri ingkang kalem, tansah utawi remen mésem lan boten émosional.[1] Panjenenganipun ugi misuwur minangka pulitisi ingkang réligius, remen salat pas kaliyan wekdalipun. Panjenenganipun punika tilas Kapolda Jawa Wétan lan Kalimantan Kidul.[1] Panjenenganipun kawentar minangka salah satunggalipun pangarsa pulisi ingkang tansah nengenaken minggahipun kualitas agami tumrap sadaya anggotanipun.[2] Salah satunggalipun inggih punika pitutur supados nganggé jilbab tumrap anggota polwan lan khatam Al-Qur'an ing Polda Jawa Wétan.[2]
Anton Bachrul Alam kalebet salah satunggalipun anggota pulisi ingkang pinunjul tinimbang kanca-kancanipun satunggal angkatan ing Akpol 1980.[1] Namanipun wiwit kawentar nalika dados Kabid Humas Polda Metro Jaya.[1] Lajeng pinitados minangka Kapolwil Bogor lan Kapolda Riau.[1] Suksès nglaksanakaken tugasipun, Anton Bachrul Alam lajeng pinitados minangka Wakadiv Humas Polri ngantos pungkasanipun dados Kapolda Kalimantan Kidul lan Jawa Wétan.[1] Lajeng Anton Bachrul Alam pinitados minangka Kepala Divisi Humas Polri.[1]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 6 7 8 Irjen Pol Anton Bachrul Alam Jenderal Religius [pranala mati permanèn] dipunundhuh tanggal 19 September 2011)
- 1 2 Kapolda Jatim “Anton Bachrul Alam : Saya Mendorong Anggota Jadi Lebih Religius” dipunundhuh tanggal 10 September 2011)
Pranala njawi
[besut | besut sumber]Irjen Pol Anton Bachrul Alam Jenderal Religius [pranala mati permanèn]
| Artikel biografi Indonésia iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
