Abdullah saking Arab Saudi
| Ingkang Sinuwun Raja Abdullah الملك عبد الله | ||
|---|---|---|
| Mantan Raja Arab Saudi | ||
| ||
| Mréntah | 1 Agustus 2005 – 22 Januari 2015 (20 taun, 104 dina) | |
| Nami jangkep | Abdullah bin Abdul Aziz Al Saud non-titular name | |
| Miyos | Agustus 1924 | |
| Riyadh, Arab Saudi | ||
| Tilar donya | 22 Januari 2015 | |
| Riyadh, Arab Saudi | ||
| Pendahulu | Raja Fahd bin Abdul Aziz Al Saud | |
| Consort | 4 istri[1] | |
| Wangsa | Kulawarga Saudi | |
| Bapa | Abdulaziz bin Abdulrahman Al Saud | |
| Ibu | Fahda bint Asi Al Shuraim | |
Abdullah bin Abdul Aziz al-Saud (Arab: عبد الله بن عبد العزيز آل سعود, lair 1 Agustus 1924 – pati 22 Januari 2015 ing umur 90 taun)[2] inggih punika Raja Arab Saudi kaping enem.[3] Sasampunipun dipundaulat minangka Pangèran Abdullah, panjenenganipun dipundadosaken Raja Arab Saudi tanggal 1 Agustus 2005 sawatawis wekdal sasampunipun Raja Fahd tilar donya.[3] Panjenenganipun sampun dados panguwasa de facto lan dipunmungkinaken dados Raja Arab Saudi wiwit taun 1995 nalika Raja Fahd gerah amargi stroke.[3] Pungkasanipun, nalika tanggal 3 Agustus 2005, panjenenganipun pikantuk gelar Raja sasampunipun Raja Fahd tilar donya, ingkang taksih sadherekipun.[3] Panjenenganipun maringi amanah dhumateng salah satunggalipun putranipun, Pangeran Mutaib minangka wakil komado Dewan Garda Nasional Saudi (Saudi National Guard).[3]
Gesangipun
[besut | besut sumber]Panjenenganipun punika salah satunggalipun putra Raja Abdulaziz bin Abdulrahman Al-Saud (pangarsanipun pendiri Arab Saudi modern) ingkang cacahipun 37 putra.[3] Panjenenganipun miyos saking rahim Fahada binti Asi-al Syuraim, garwa kaping wolu Abdul Aziz saking kulawarga Rasyid.[3] Panjenenganipun pikantuk pendidikan ing Sekolah Karajan Princes School saking punggawa-punggawa lan tokoh-tokoh intelektual agami lan ageng ing pangawasan ketat Raja Abdul Aziz, ramanipun.[3] Pangeran Abdullah misuwur kiyang nggebeng (memegang) agami lan gadhah tanggung jawab ingkang ageng tumrap rakyat lan nagari Arab Saudi.[3] Panjenenganipun langsung pikantuk pendhidhikan saking ulama senior Arab Saudi ing babagan agami, sajarah, pulitik, lan sosiologi.[3]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]Pranala njawi
[besut | besut sumber][3] Archived 2006-08-22 at the Wayback Machine.
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
