Étika

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Filosofi

Philbar.png

Portal  

Etika punika saking basa Yunani “ethos”, inggih punika griya ingkang biyasa kémawon, padhang suket, kabiyasan, adat, akhlak, watek, perasaan, sikap, lan cara pikir[1]. Manawi ing wangun jamak, ta etha, inggih punika adat kebiyasan.

Ing Kamus Ageng Basa Indonésia, étika dipuntegesaken minangka èlmu perkawis punapa ingkang saé lan punapa boten saé lan perkawis hak lan kewajiban moral[2]. Sauntawisipun punika, etik dipuntegesaken dhumateng kalih perkawis. Sepindhah, étik minangka kempalan asas minangka pangaji perkawis leres lan boten leres ingkang dipunanut golongan utawi masarakat.

Ing Webster’s Dictionary, étika dipuntegesaken minangka èlmu perkawis tingkah lampah manungsa, prinsip-prinsip ingkang dipunruntutaken perkawis tindakan moral ingkang leres [3]. Saking paningalan punika, étika dipunpahami minangka èlmu ingkang nylidhiki pundi pedamelan ingkang dipuntingali saé lan pundi ingkang dipunanggep boten saé kanthi migatosaken amal pedamelan manungsa setebih ingkang saged dipunngertosi kalih akal pikiran.

Étika sanès sumber tambahan kanggé ajaran moral. Étika inggih punika filsafat utawi pamikiran kritis lan ingkang paling dhasar perkawis ajaran–ajaran lan paningalan–paningalan moral [4]. Dados étika inggih punika èlmu sanès ajaran. Punapa ingkang sampun dipuntélakaken Suseno punika, dipundhukung kalih pendhapatipun Bertens (2001;15), ingkang ngendikakaken bilih étika punika èlmu ingkang mbahas perkawis moralitas utawi perkawis manungsa setebihipun ingkang gadhah gegandhèngan kaliyan moralitas. Pripun tiyang kedah gesang, dipunngendikakaken wonten ing moral; manawi étika punika badhé ngertosi punapa tiyang kedah ndhèrèk ajaran moral tartamtu utawi punapa piyambaké mundhut sikap ingkang bertanggung jawab nalika dipunajengaken kalih pepintenan ajaran moral.

K.Bertens (2001) negesaken étika wonten ing tigang perkawis:

  1. Étika punika pangaji-pangaji lan norma–norma moral ingkang dados cepengan kalih tiyang utawi satunggiling kempalan manawi ngatur tingkah lampahipun.
  2. Etika punika kempalan asas utawi pangaji moral (kodhe ètik).
  3. Etika punika èlmu perkawis ingkang saé utawi boten saé.

Umumipun étika punika sipatipun universal, lumampah umum wonten pundi–pundi utawi sipatipun mutlak. Nanging, keranten saben masarakat gadhah kabudayan ingkang sanès–sanès, mila sipatipun étika dados partikular utawi rélatif. Sifat étika ingkang rélatif utawi rélativisme étika, ngandhut teges manawi boten wonten prinsip moral ingkang leres kanthi universal, kaleresan sadaya prinsip moral sipatipun rélatif ing budaya utawi pilihan indhividhu [5]. Rélativisme étika dipunfahami minangka pakempalan dhoktrin ingkang wonten saking reflèksi ing kasanèsan–kasanèsan kapitadosanipun étika ing sapanjangipun wekdal lan ing antawisipun pepintenan indhividhu, pakempalan, lan masarakat. Wong (1998:539) nyamiaken rélativisme étika kaliyan rélativisme moral, ingkang tegesipun inggih punika sekempalan dhoktrin perkawis warni–warni kaputusan moral ing sapanjangipun jaman, masarakat, lan indhividhu. Rélativisme étika dipunpérang dados kalih bentuk, inggih punika rélativisme indhividhual lan rélativisme sosial [6].

Rélativisme indhividhual inggih punika téyori ingkang njelasaken manawi indhividhu gadhah hak nemtokaken kaidah moralipun piyambak. Nanging kados punika, dipunakeni manawi kaidah moral kathahipun indhividhu wonten ing masarakat tartamtu wonten ing praktèkipun katingal sami, keranten kamungkinan masarakat gadhah pengalaman ingkang sami. Rélativisme sosial inggih punika paningalan ingkang njelasaken manawi masarakat gadhah hak nemtokaken norma–norma moralipun piyembak. Donalson wonten ing Shomali (2001:35) nyatakaken manawi kaleresan moral punika namung kasepakatan kultural ing masarakat. Moralitas inggih punika istilah ingkang trep dipuntedahaken ing prilaku ingkang kanthi sosial dipunsarujuki. Punika sababipun, panyaketan rélativisme étika dipunyakini manawi boten wonten kaidah moral ingkag lumampah universal, saéngga punapa ingkang kanthi moral dipuntingali saé wonten ing masarakat dipuntentokaken saking kayakinan masarakat ingkang sampun malembaga. Masarakat kalih pengalaman kultural ingkang sesanèsan mungkin mawon saged nganut paningalan ingkang sanès, nanging sami leresipun perkawis dhasar kaleresan lan kalepatanipun.

Absolutisme étika inggih punika lawan saking faham rélativisme étika. Ingkang nganut faham punika yakin manawi wonten pepintenan kaleresan moral ingkang universal utawi wonten satunggal keleresan universal [7]. Absolutisme étika gadhah makna minangka paningalan ingkang nyatakaken manawi wonten satunggal moralitas ingkang leres. Kados pundi ingkang sampun diyakini kalih Wong (1996:442), manawi ing patentangan moral, kalih pihak boten saged sami–sami leres, saéngga wonten satunggal mawon kaleresan perkawis ingkang dipunpatentangaken. Paningalan Wong dipundhukung kalih Pojman, Bunting, William James, Unerman, kaliyan Harre lan Krautz. Pojman [8] upaminipun nyatakaken manawi pepintenan budaya ingkang sanès–sanès ing prinsip moralipun, pepintenan prinsip moral gadhah validitas universal. Sauntawisipun punika, Bunting [9] langkung tresna ngginakaken istilah objèktivisme, sanès univèrsalisme, kalih tetimbangan manawi wonten prinsip ingkang saged dipuntrepaken wonten sadaya agèn manungsa ingkang rasional selaras kaliyan prinsip–prinsip ingkang boten dipunakeni déning sapérangan agèn punika.

Gegandhènganipun kaliyan masalah kamutlakan (absolutisme), Pojman ngakeni manawi prinsip étika ingkang leres boten mesthi sipatipun mutlak. Absolutisme punika salah satunggalipun wangun objèktivisme mawon, ingkang dipunyakini menami wonten satunggal sistem moral sajatos kalih kaidah moral ingkang khas. Pojman nawakaken konsèp absolutisme lunak, ingkang paningalanipun manawi wonten inti moralitas, inggih punika saprangkat larangan mejahaken tiyang ingkang boten gadhah dosa, larangan dados durjana, mblénjani janji lan apus goroh. Sanèsipun punika, wonten kawasan boten gadhah tuwan, ingkang dados papan ngabsahaken rélativisme, upaminipun angger-angger perkawis pantangan sèksual lan hak milik.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ Berten, 2001:4; Van Ness 2010:14
  2. ^ Pusat Basa Depdiknas, 2002:308
  3. ^ Widjaja 1999
  4. ^ Suseno, 1987:14
  5. ^ Shomali 2001:33
  6. ^ Shomali 2001:34
  7. ^ Shomali 2001:38
  8. ^ Shomali 2001:39
  9. ^ Shomali 2001:40

Kapustakan[besut | besut sumber]

Handoyo dkk,Eko.2010.Etika Pulitik dan Pembangunan. Semarang: Widya Karya.