Logika

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Logika dipundhut saka tembung Yunani logos kang artine ucap (tutur), tembung, pangertèn, pikiran, utawa èlmu.[1] Logika ya iku ilmu pengetahuan lan ketrampilan kanggo mikir lempeng.[2] Logika ya iku cawang élmu, nanging uga kondisi dalan tuntutan fundamèntal mutlak èksistènsi élmu, kang sacara sistematis nyelidik, ngrumusaké, lan nerangké asas-asas kang kudu ditaati supaya wong bisa mikir kanthi tepat, lempeng, lan teratur.[3] Logika njlèntrèhaké dalaning pikir nganggo pathokan utawa ukum-ukum pamikiran saéngga bisa nyingkiraké dhéwé saka kaluputan lan sesat pikir.[2]

Pambagèn Logika[besut | besut sumber]

Ing basan babagan logika ana pirang-pirang istilah, ya iku:[4]
1. Logika naturalis;
2. Logika ilmiah;
3. Logika artificialis;
4. Logika tradisional;
5. Logika formal; lan
6. Logika materiil.

Logika Naturalis (utawa alamiah) artiné manungsa iku mikir miturut kodrat sacara alamiah.[4] Bisa dikandha umur logikané iku padha tuané umur manungsané, amarga awit saka lairé manungsa wis bisa mikir.[4]

Logika Ilmiah (utawa scientific) ya iku kalanjutan saka logika alamiah, ya iku angger manungsa diwènèhi arahan sistematis kanggo bisa nguwasani pola-pola mikir kang teratur sakdalan karo ukum-ukum katetapan utawa benering mikir.[4]

Logika Artificialis (sinebut uga logika tradhisional) artine kelairané minangka tradhisi kuno, kawit Aristoteles kasil olehé nulis bab iku ing Organon minangka buku logika kang sepisanan.[4] Sakwisé pangertèn logika iki wis mbudaya ing kalangané umat manungsa, logika artificialis iki dikembangké sacara ilmiah dadi 2 (loro) babagan, ya iku logika formal lan logika materiil.[4]

Logika Formal (logic) utawa Logika Minor, kang nyinaoni asas-asas, kaidah-kaidah, aturan-aturan utawa ukum-ukum mikir kang kudu ditaati supaya dhéwé bisa mikir kanthi tepat/bener lan nyandhak kabeneran.[4] Ukum-ukum logika iku rélevan lan penting kanggo kabèh ilmu pengetahuan liyané, dene kanggo pengetahuan filsafat ya iku sarana (instrumèn) kang kudu dhéwé kuwasani luwih ndhisik, sakdurungé dhéwé njerokaké pengetahuan filsafat iku.[4]

Logika Materiil utawa Kritik (Épistémologi) utawa Logika Mayor, ngrembug isi/matèri pengetahuan lan piyé carané nanggungjawabi isi pengetahuan iku.[4] Kanthi nyinaoni bab:[4]
1. Sumber-sumber lan asalé pengetahuan;
2. Alat-alat pengetahuan;
3. Prosès dadinè pengetahuan;
4. Kamungkinan-kamungkinan lan bates-bates panjelajahan pengetahuan;
5. Métode ilmu pengetahuan; lan
6. Kabeneran lan keklerune lan liya-liyané.
Logika materiil iki dadi wadah tuwuhé filsafat mengenal (kennisleer) lan filsafat ilmu pengetahuan (wetenschapleer).[4]

Rujukan[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Poespoprodjo, k. 2.
  2. ^ a b Sumaryono, k. 71.
  3. ^ Poespoprodjo, k. 5.
  4. ^ a b c d e f g h i j k Salam, k. 2-4.

Bibliografi[besut | besut sumber]

  • Poespoprodjo, W.; Gilarso, T. (1985). Logika Ilmu Menalar. Bandung: CV Remaja Karya. 
  • Sumaryono, E. (1999). Dasar-dasar Logika. Yogyakarta: Kanisius. ISBN 9796721840 Priksa gandra |isbn= (pitulung). 
  • Salam, Burhanuddin (1988). Logika Formal. Jakarta: Bina Aksara. 
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Logika&oldid=1094847"