Yukhoe
| Yukhoe | |
|---|---|
| Jeneng Koréa | |
| Hangeul | 육회 |
| Hanja | 肉膾 |
| Alih Aksara sing disampurnakaké | Yukhoe |
| McCune–Reischauer | Yukhoe |
Yukhoe yaiku sawijining hoe ing masakan Koréa arupa daging sapi menteh kang dirajang lembut lan diwenehi bumbu sarta saos. Bageyan daging sapi kang dianggo yaiku bageyan panutup.[1]
Bumbu yukhoe yaiku campuran kécap asin, gula pasir, uyah, lenga wijèn, unclang, bawang giling, wijèn, mrica, lan sari woh bae. Ing sandhuwure daging diwenehi kuning endhog pitik menteh. Yukhoe dipangan nganggo saos s gochujang kang diarani hoejeup (회즙).
Saliyane digawe saka daging sapi cacah, panganan iki uga bisa digawe saka ilat, ati, ginjel, jantung, utawa weteng buku saka sapi. Bibimbap kang ndhuwure diwenehi yukhoe diarani yukhoe bibimbap.
Sajarah [sunting]
Miturut resep yukhoe ing buku masak Siuijeonseo (시의전서, hanja: 是議全書) kang metu ing pungkasan abad kaping-19, sadurunge diiris, irisan daging sapi kang tipis dikum dhisik supaya getihe ilang. Daging dikum ing saus kang digawe saka campuran unclang, bawang cacah, bubuk mrica, lenga, madu, kacang cemara, wijen, lan uyah. Nalika disuguhake, yukhoe dipangan karo saos kang diarani chogochujang, yaiku saus kang digawe saka campuran gochujang lan cuka sarta gula.[2]
Cathetan suku [sunting]
- ^ "육회 (肉膾)" (in bahasa Korea). 두산백과사전. http://www.encyber.com/search_w/ctdetail.php?gs=ws&gd=&cd=&d=&k=&inqr=&indme=&p=1&q=%C0%B0%C8%B8&masterno=123458&contentno=123458. Retrieved 24 November 2007.
- ^ "육회 (肉膾)" (in bahasa Korea). Empas Dictionary. http://100.empas.com/dicsearch/pentry.html?s=K&i=249402&v=45. Retrieved 24 November 2007.