Wikimania
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Wikimania iku sawijining konferènsi para panganggo proyèk wiki sing dianakaké déning Yayasan Wikimedia. Konferènsi sing kapisan dianakaké ing Frankfurt, Jerman ing Agustus 2005. Konferènsi sing kapindho dianakaké ing Boston, Amerika Sarékat uga ing sasi Agustus 2006. Sing kaping telu dianakaké ing Taipei, Taiwan, Republik China ing taun 2007.
Banjur para panliti lan pamicara nyedyakaké panlitèn lan èkspérimèn bab proyèk-proyèk Wikimedia. Program iki nglebokaké présèntasi, lokakarya, lan pangajaran kanggo mènèhi sakilas gambaran bab riset wiki lan proyèk kawruh bébas.
Akèh-akèhé pacelathon nganggo basa Inggris, ananging bahan konferènsi uga diterjemahaké jroning sawetara basa resmi.
Papan dianakaké Wikimania [sunting]
- 2005: Frankfurt, Jerman, peserta saka Indonesia: Meursault2004
- 2006: Boston, Amérika Sarékat, peserta saka Indonesia: Chaerani
- 2007: Taipei, Taiwan, peserta saka Indonesia: Meursault2004, Serenity, Rintojiang, Roscoe x
- 2008: Alexandria, Mesir, peserta saka Indonesia: Meursault2004
- 2009: Buenos Aires, Argentina, peserta saka Indonesia: Ivan Lanin
- 2010: Gdańsk, Polandia, peserta saka Indonesia: Meursault2004, Mimihitam, BlackKnight lan Kartika Sari Henry (juwara lomba nulis ing Wikipédia abasa Indonésia 2010).
| Konferènsi | Tanggal | Papan | Bawana | Peserta |
|---|---|---|---|---|
| Wikimania 2005 | 5 Agustus – 7 Agustus 2005 | Eropah | 380[1] | |
| Wikimania 2006 | 4 Agustus – 6 Agustus 2006 | Amérika Lor | 400 | |
| Wikimania 2007 | 3 Agustus – 5 Agustus 2007 | Asia | 440 | |
| Wikimania 2008 | 17 Juli – 19 Juli 2008 | Afrika | 625 | |
| Wikimania 2009 | 26 Agustus – 28 Agustus 2009 | Amérika Kidul | ||
| Wikimania 2010 | 9 Juli – 11 Juli 2010 | Eropah |
Referensi [sunting]
Pranala jaba [sunting]
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
- (en) Situs wèb resmi