Alexandria

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Disambig.svg
Kanggé kagunaan sanès saking Alexandria, pirsani Alexandria (disambiguasi).
Alexandria
Citra satelit Iskandariyah

Alexandria utawa Iskandariyah (Yunani Ἀλεξάνδρεια; Arab الإسكندرية, al-iskandariyyah; Koptik Rakotə) kuwi kutha pelabuhan utama ing Mesir, lan kutha paling gedhé kaloro ing negara kasebut, lan uga ibukutha pamaréntahan Al Iskandariyah kang dumunung ing pesisir Segara Tengah. Kutha iki dumunung ing koordinat

31°12′ LU 29°15′ BT, 208 km ing sisih kulon-lor Kairo. Kutha iki nduwèni populasi 3.341.000 jiwa.

Dijenengaké saka jeneng kang ngadegaké, Alexander Agung, lan minangka panggonan panguwasa Ptolemaik Mesir kang cepet dadi kutha paling mégah saka donya Hellenistik; dadi kutha nomer loro sawisé Roma jroning jembar lan kasugihané. Ananging, sawisé madeg kutha Kairo déning panguwasa Islam Mesir ing jaman pertengahan statusé minangka ibukutha negara rampung, lan ngalami kamunduran, lan ing pungkasan periode Ottoman sangsaya suda dadi désa perikanan silik.

San Stefano , Alexandrie


[sunting] Delengen uga

[sunting] Pranala njaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons kagungan galeri bab:
Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Alexandria"