Basa Koptik
| Koptik Cithakan:Coptic Met.Remenkīmi |
||
|---|---|---|
| Dianggo ing: | Mesir, Kanada, Australia, Amérika Sarékat | |
| Cacahing penutur: | Punah minangka basa sadina-dina ing abad kaping 17[1], nanging dienggo minangka basa liturgis Gréja Koptik lan uga minangka basa sadina-dina déning sawetara panutur[2][3][4][5] | |
| Rumpun basa: | Afro-Asiatic Basa Mesir Koptik |
|
| Sistém panulisan: | Aksara Koptik | |
| Kodhe Basa | ||
| ISO 639-1: | none | |
| ISO 639-2: | cop | |
| ISO 639-3: | cop | |
Basa Koptik utawa Basa Koptik Mesir (Basa Koptik Met.Remenkīmi) iku tahap pungkasan Basa Mesir, sawijining anggota saka rumpun basa Afro-Asiatik sing dipituturaké ing Mesir nganti minimal abad kaping 17. Basa Mesir wiwit ditulis mawa aksara Yunani ing abad kapisan Masèhi. Aksara iki banjur diarani aksara Koptik lan sajatiné aksara Yunani sing ditambahi mawa enem utawa pitung aksara tambahan saka aksara Demotik Mesir kanggo nglambangaké foném-foném sing ora ana ing basa Yunani.
Ana sawetara dialèk basa Koptik, sing wigati dhéwé yaiku dialèk Sahidik lan Bohairik.
Basa Koptik diganti mawa basa Arab Mesir sawisé Mesir ditaklukaké déning wong-wong Arab ing abad kaping 7. Sanadyan wis punah, ora akèh dienggo mawa basa sadina-dina manèh, Basa Koptik isih dienggo minangka basa liturgis déning kaum Kristen Koptik Mesir. Basa sing dienggo yaiku utamané nganggo dialèk Bohairik. Saliyané iku isih ana sawetara wong-wong sing nganggo basa iki sadina-dinané.
[sunting] Uga delengen
Kaluputan sitat (pangutipan) Tag <ref> ditemukan, tapi tag <references/> tidak ditemukan