Salomon Kalou
| Salomon Kalou | ||
| Informasi Pribadi | ||
|---|---|---|
| Jeneng jangkep | Salomon Armand Magloire Kalou[1] | |
| Tanggal lair | 5 Agustus 1985 (umur 27) | |
| Papan lair | Oumé, Côte d'Ivoire | |
| Dhuwur | 1.86 m (6 ft 1 in)[2][3] | |
| Posisi main | Winger / Forward | |
| Club information | ||
| Klub saiki | Chelsea | |
| Nomer | 21 | |
|
|
||
Salomon Kalou lair ning Oumé, Pantai Gading, padha karo kakange Bonaventura, Kalou miwiti karir bal-balan saka klub lokal sakdurunge maen ning Eropa. Guy Roux Auxerre, pelatih pengen ngontrak dheweke kanggo nyatukke karo sedulure, mantan pemain Feyenoord, Bonaventure Kalou. Ing taun 2003 Kalou nanda tanagani kontrak ning Feyenoord Rotterdam. Ing taun 2004 dheweke pindah ning klub satelit. Ananging dheweke balik ning Feyenoord lan maen ning Belanda ing taun 2004-2006. Ing wektu kuwi ning Feyenoord Salomon Kalou nyetak gol 35 ing 67 tampil dheweke kanggo klub Rotterdam, lan uga njuwarai penghargaan individu Johan Cruijff ing taun 2005 amarga bakat enom sing njanjikke ing taun iku. Kalou pindah ning Chelsea FC ing taun 2006, biyaya sing dikandhakke, dipercaya kira-kira £ 9.000.000. Dikontrak karo Chelsea FC nganti taun 2009, Kalou diwenehi nomor 21 Jersey. Mantan manajer Chelsea FC Jose Mourinho muji pemain enom Pantai Gading amarga nduweni rasa kerja apik, fleksibel, nduwe rasa pengen maju, lan ora wedi karo fisik pemain bal sing luwih gedhe. Ing pusat latihan Chelsea FC dheweke nate gawa kamera kanggo nyothing pemain bal sing luwih kondang kaya dene Michael Ballack, John Terry, dan Didier Drogba.
Prestasi[sunting]
- Chelsea
- Liga Primer Inggris: 2009–10
- Piala FA: 2006–07, 2008–09, 2009–10
- Piala Liga Inggris: 2006–07
- Community Shield: 2009
Pranala jaba[sunting]
- (en) Profil di situs web Chelsea
- Kalou commercial of Centraal Beheer
- Ivorians in new bid to lure Kalou
Cathetan suku[sunting]
- ^ "List of Players". World Cup 2010. FIFA. http://www.fifa.com/mm/document/tournament/competition/01/22/85/78/fwc_2010_squadlists.pdf. Retrieved 16 June 2010.
- ^ "Salomon Kalou profile". Chelsea F.C.. http://www.chelseafc.com/page/PlayerProfileDetail/0,,10268~31329,00.html. Retrieved 16 July 2008.
- ^ "Premier League Player Profile". Premier League. http://www.premierleague.com/page/PlayerProfile/0,,12306~31329,00.html. Retrieved 30 April 2011.